ATURAN NULIS ANGKA ING AKSARA JAWA
Awujud angka jawa :
















Amarga awujud angka iki ana ing aksara jawa, eben ora bingung menawi nulis kudu dipisah saka tanda ing pngkat ()
ATURAN NULIS AKSARA SWARA
            1.      AKSARA SWARA
a.       Huruf swara ana 5 macem, yaiku :





 b.       Huruf swara kang digunakna kanggo nulis huruf vokal kang dadi suku kata, utamane kang saka basa asing, iki gunane mung nganggo negesna lafale.

Tuladha:
Tegese Narima ing pandum
            Tegese nampa kanthi lila legawa apa lan sepira kang wus diparingake. Unen-unen iki mujudake salah sijine paribasan kang dadi ciri utawa tandha tumrap kabudayan jawa. Saklebatan nrima ing pandum katon kayadene patrap kang pasrah, nanging sejatine ora. Narima ing pandum tuwuh saka nalar kang bening, kawicaksanan kang dhuwur. Jalaran murih bisane ngecakake narima ing pandum iku lelakune ora gampang.

              1.      Pangerten ngenani narima ing pandum ora bisa dideleng saka saperangan wae. Awit dhasare nglakoni unen-unen iki kudu wis duwe ati lan pikiran nrima. Pikiran ngangsa, mangas, prasasat mung kari saelas. Kejaba saka iku uga duwe kapitayan kukuh, menawa rejeki manungsa iku dhewe-dhewe. Ora nate padha lan ora ana sing padha. Apa wae kang ditampa, embuh wujud apa, aithik akeh methi ana mumpangate. Ora ana barang kang muspra ing donya iki. Upama jatahe dielongi banjur diwenehake uwong liya, ya wis ben. Sing dosa sing ngelongi, sing ditambahi ora salah. Mula dheweke ora prelu disengiti, apa maneh digethingi. Nkanthi ngamalake temenan maknane unen-unen iki, manungsa bakal nemoni katemtremaning urip ing alam donya. Jalaran sapa wae kang menehi sejatine mung dadi lantaran. Kabeh saka Gusti Allah, mung panjenengane uga sing priksa lan ngerti dhodhok selehe kang sejati, ngapa sing ditampa awake dhewe semen, ngapa sing ditampa dhewe semana.
Tegese Ana Dina Ana Upa, Ora Obah Ora Mamah
            Tegese yaiku angger gelem nyambut gawe apa wae kanthi tumemen saben dinane, wis mesthi bakal antuk pangan (rejeki). Ing tanah Jawa dhek semana, paribasan iki prasasat dadi jimate wong cilik ongkak-angkik, pidak pedarakan, sing uripe tansah kecingkrangan. Saben dina kaya mung nunggu tetesing grimis ing mangsa ketiga. Mangkono mau jalaran urip ora duwe gaman babar pisan, kejaba tangan lan sikil. Mula, anggone golek pangupajiwa , piyandele iya mung tenaga. Kasar alus ditandangi, sing baku antuk berkah, bali ngomah ana sing diliwet.
                 1.      Ana dina ana upa mujudake keyakinan utawa kapitayan menawa rejeki iku wis diatur dening Gusti Kang Maha Murah. Tegese, saben dina kita mesthi diparingi, disedhiyani, lan sangkan paran asale. Dene werdine ora obah ora mamah mujudake pepeling rejeki paringane Gusti Allah ora mung gumlethek, kari nyandhak utawa nyawuk. Nanging kabeh mau kudu disranani kanthi obahing awak lan mubenge pikir. Gampange rembug yaiku wong iku kudu nyambut gawe.

                 2.      Wong cilik, sugih miskin, kabeh diparingi rejeki dening Gusti Allah. Nanging, rejeki mau kudu digoleki, ing ngendi papane rejeki, kepriye ngertine, kepriye iguh pertikele, lan sateruse. Tanpa gelem mbudidaya, apa maneh tumrap wong cilik sing kepetung sekeng, bisa wae yen lagi apes sing jeneng upa saelas bisa ora kesasaban nganti pirang-pirang dina.
Tegese Ajining Dhiri Dumunung ing Lathi, Ajining Raga saka Busana
            Ajining dhiri dumunung ing lathi tegese kapribadening manungsa ditemtoake dening lambene dhewe-dhewe. Dene jlentrehe, digugu lan orane manungsa iku gumantung saka rembuge. Beda karo ajining dhiri, ajining raga manungsa banget ditemtoake dening busana (penganggone).
            1.      Paribasan iki mujudake pepeling supaya ngati-ati anggone padha ngucap celathu. Awit tembung saklimah rong klimah sing metu saka lesan (thuthuk) bakal dirungokake liyan. Mula sadhengah pocapan kudu diarah-arah, dijaga, lan diugemi temenan. Tuladhane, yen kulina mencla-mencle, suwening-suwe kapitayaning liyan bakal ilang. Yen omongane atos, nylekit, tundhone angel nyupeketake kekancan (paseduluran) awit wong-wong bakal nduweni penganggep menawa kang kawongan seneng nglarani atine liyan.
             2.      Beda karo tembung pocapan sing gedhe pengaruhe tumrap ajining dhiri (kapribaden), ajining raga banget gumantung saka penganggo utawa busana. Dadi, sing jeneng busana sidane ora mung saderma kanggo nutupi ngurat (aurat), nanging uga menehi rega tumrap sing nganggo. Tuladhane: nekani pahargyan panganten yen mung sandalan lan nyandhang pengannggo pedinan, mesthi dibatin wong akeh. Kaya-kaya ora ngurmati sing duwe omah, ora peduli menyang tamu-tamu liyane. Mula ora maido yen meneng-meneng tamu kiwa tengen padha ngrasani.
Tegese Aja Rumangsa Bisa, nanging Bisaa Rumangsa
            Tegese yaiku aja seneng rumangsa bisa yen durung rumangsa bisa, nanging bisaa ngrumangsani yen durung bisa. Rumangsa bisa mujudake watak sing dianggep kurang prayoga. Kena apa mangkono, jalaran sing diarani bisa ing paribasan iki mung saka rumangsane. Rumangsane wae bisa, nanging kepriye nyatane, bisa tenan apa ora, embuh ora weruh. Mula aja duweni sipat kaya ngono. Coba yen nganti dijajal tenan, dipasrahi gaweyan sing jarene bisa mau. Yen asile ora samurwat apa ora ngisin-isini? Jare bisa, kok nyatane asile ora pakra, adoh sungsate karo anggone omong tekan ngendi-endi. Dene sing dikarepake bisaa rumangsa, tegese bisa ngrumangsani. Kayata, wani ngrumangsani yen ora bisa.
                1.      Paribasan iki seprene isih kerap digunakake lan uga mujudake pitutur adiluhung kang pantes diuri-uri. Jalaran sejati akeh wong Jawa iku kang isinan. Isin ngaku yen ora bisa, isin diarani bodho, wirang yen nganti dicap kapinterane luwih asor tinimbang wong liya.

            2.      Bisa ngrumangsani ateges duwe rasarumangsa kangjero, saengga kena kanggo srana mbangun semangat kamanungsan, njaga atine liyan murih ayem tentrem anggone urip bebrayan lan kekadangan ana ing masyarakat.
Tegese Adigang, Adigung, Adiguna
            Tegese yaiku sipat ngendel-endelake kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing didarbeki. Adigan yaiku sipat kang ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kayadene kidang. Tandang tanduke cukat, trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongasake pangkat, drajat, kaluhuran, apadene trha tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku ipat ngandelake kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watak wantune ula. Ula iku katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
           1.      Ancas tujuwane paribasan iki ngelingake supaya manungsa ngedohi watak adigang, adigung, adiguna, jalaran watak mau bisa nuwuhake angkara murka lan marakake lali marang sapadha-padha, saengga tumindake sering nglarakake atine liyan. Manawa wong iku duwe kaluwihan aja banget-banget diendel-endelake. Awit kasunyatane, kidang sing kawentar playune iku uga bisa ditubruk macan lan sidane mung dadi mangsane raja wana mau. Nate didongengake uga, kepriye gajah kalah dening semut. Ula weling utawa kobra sing wisane ngegirisi iku uga bakal mati lemes yen disabet nganggo carang pring ori.

             2.      Pribasan iki uga menehi pepeling menawa kaluwihaning manungsa bisa “migunani” uga “mbebayani”. Migunani angger digunakake kanggo kabecikan lan kamunangsan, mebayani yen mung kanggo nguja hawa nepsu.
Tegesipun aja dumeh
            Tegese yaiku aja kumalungkung, mamerake lan migunakake apa kang didarbeki kanggo nguja hawa nepsu, apadene ngina, ngremehake, lan nyepelekake liyan. Kayata, aja dumeh pinter lan dadi pemimpin, banjur ora gelem srawung marang sapadha-padha. Aja dumeh sugih banjur nggunakake kesugihan kanggo nguwasani panguripane wong-wong sing kecringkangan (mlarat). Kena apa patrap mau dianggep kurang prayoga ? awit sing jeneng bandha donya iku ora lestari, yen Gusti Kang Maha Kuwasa ngersakake, ilang apa tambah ora kurang dalane.
               1.      Ana kapitayan menawa samubarang kang didarbeki manungsa iku mung titipaning Gusti Kang Maha Kuwasa. Mula sipate ora langgeng. Tanpa dikeparengake dening Gusti Kang Akarya Jagad, awake dhewe ora bakal kanggonan. Kejaba saka iku, miturut kasunyatane, entuke bandha donya mau uga jalaran pambiyantune wong liya. Ngendi ana sudagar sugih yen ora laku dagng karo masyarakate? Ora dibatheni dening sing tuku
              2.      Paribasan iki uga ngelingake aja nganti kita nduweni sipat kaya mangkono. Bareng sugih banjur ora gelem sedekah marang wong miskin. Dumeh dadi pemimpin banjur ora gelem melu gotong royong. Dumeh dadi profesor banjur ora nggubris sanak kadang sing pamulangane luwih endhek. Miturut wong Jawa, watak kaya ing ndhuwur prayogane didohi. Awit, sapa wae kang duwe sipat kaya mangkono bakal disirik liyan.
ATURAN NULIS PANAMBANG –ana lan –e/ipun ING AKSARA JAWA
       1.      Panambang –ana 









Tuladha:

b.     Menawi suku kata pungkasan kebukak kaliyan sandhangan wulu, wulune obah dados taling.
Wayah Esuk Pedut Angendanu
Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
Simpenen kangenmu ana impen
Ron Garing
Wengi sansaya atis
Nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
Kang digawa dening angin

Prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
Obormu kang makantar-kantar
Madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
Lelana tapa brata
Tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
Kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

Krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
Mlakuku ora mantep

Kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
Ppedhut ing sakindering pandulu

Panjenengan
Guruku, sihku, oborku
Kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Udan Wayah Sore
udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
Lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
Tak kanthi lakumu tumeka ngendi

Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
Marakake gawe kekesing ati
Manuk kepodang wus mabur mangulon
Nanging tetep tak tunggu tekamu
Pedang Bakal Tumeka
angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sor
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
Mmangestu nampi pepadhang



ATURAN NULIS AKHIRAN (-AN) LAN (-EN) ING AKSARA JAWA
       1.      Akhiran –an





Tuladha :







                Tuladha :
ATURAN NULIS PANAMBANG –A LAN –I aksara jawa
      1.     PANAMBANG –a

a. Menawi dipungabung kaliyan tembung ingkang pungkasan huruf legena, nyeratipun kados biyasa.
Tuladha :

 Tuladha :
ATURAN NULIS DWIPURWA LAN AWALAN NASAL ING AKSARA JAWA
             1. KAIDAH NYERAT DWIPURWA
Dwipurwa menika tembung ulang. Dipunserat miturut lafalipun.
Tuladha :
SANDHANGAN
Sandhangan inggih menika aksara tetenger ingkang dipun-angge ngewahi
utawi muwuhi ungelipun aksara utawi pasangan, cacahipun wonten 12 (kalih  welas) inggih menika :
1.     Sandhangan swara, cacahipun wonten 5 (gangsal), inggih menika :




Tuladha :
Alfabet huruf jawa (dentawyanjana)
Dentawyanjana saking tembung Denta = untu, wyanjana = aksara; dentawyanjana salugunipun ateges aksara untu, lan limrahipun dipuntegesi carakan. Namung dentawyanjana lajeng dipuntegesi urut-urutanipun aksara Jawa wiwit saking (ha) dumugi (nga), ingkang cacahipun sedaya wonten 20 (kalih dasa), inggih menika :
HA           NA              CA               RA                 KA



  DA                 TA                SA               WA              LA  



PA             DHA         JA               YA           NYA 



      MA                GA              BA             THA             NGA



Tuladha :
TULADHANIPUN DENTAWYANJANA
Matine Kresna
            Sawise perang Baratayuda, pas upacara bakar mayat para Kurawa sing uwis mati, kabeh anak mantune Gandari (ibune para Kurawa) dadi janda lan nangisi neng ngarepe mayat para Kurawa. Pandhawa dikancani Kunti lan Kresna teka acara bakar mayat, ditekani rakyat sing sedih amarga ditinggal mati para kadang neng perang. Kresna sing ngibur Gandari “menapa ibu nangis ?
ISTILAH DALAM SASTRA JAWA

Dibawah ini  adalah istilah – istilah yang sering kita jumpai dalam karya sastra Jawa.

1.       Babad: sastra sejarah dalam tradisi sastra Jawa; digunakan untuk pengertian yang sama   dalam tradisi sastra Madura dan Bali; istilah ini berpadanan dengan carita, sajarah (Sunda), hikayat, silsilah, sejarah (Sumatera, Kalimantan, dan Malaysia).

2.       Bebasan: ungkapan yang memiliki makna kias dan mengandung perumpamaan pada keadaan yang dikiaskan, misalnya nabok nyilih tangan. gancaran: wacana berbentuk prosa.

3.       Gatra: satuan baris, terutama untuk puisi tradisional.

4.      Gatra purwaka: bagian puisi tradisional [parikan dan wangsalan] yang merupakan isi atau inti.

5.       Guru gatra: aturan jumlah baris tiap bait dalam puisi tradisional Jawa (tembang macapat).

6.       Guru lagu: (disebut juga dhong-dhing) aturan rima akhir pada puisi tradisional Jawa.

BABAD KEDU
I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng Sieng.
Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah  Kudus ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa  Glagahwangi. Déné kang minangka pangarsané pondhok yaiku  panjenengané Sunan Kudus. Ing wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning negara kang dumadi saka negara  cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora seneng marang adeging Negara  Demak. Rasa ora seneng iki disababaké saka sedyané Negara Demak  anggoné nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka negara iku negara  Capiturang. Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining masjid kang digunakaké  minangka papan pasinaoné santri-santri Glagahwangi muridé Sunan  Kudus. Santriné Sunan Kudus akèh, nanging sing katon manjila ana cacah  sanga.
SERAT CIPTO WASKITHO
PUPUH I
DHANDHANGGULA
– 01 –
Sakamatyan kuma bangkit-bangkit, lir sarkara warsitaning sastra, sasmiteng karaharjane, mring sagung anak, putu, ingkang karsa angrancang kapti, Sira puruhitaa, Saniskareng kawruh, mring jana kang wus nimpuna, ing surasa saraseng kamuksan kaki, kanggo ing kene kana.
serat wulangreh
            Serat Wulangreh ngrupiaken satunggaling genre salebeting khasanah sasra Jawi, sanajan mboten sedanten kalebet teng saleneting teks wulang sacaos sinurat anyebat atanapi kasebat ing tembung wulang kados dening kang wonten teng judul punika. Sacaos harfiah, ‘wulang‘ artosipun weling atanapi wawaler.


wonten pinten-pinten teks kang kalebet teng salebeting wulang, di antawiseWulangreh, Wulang Putri, Wedhatama, Tripama, lan Sanasunu. Teks-teks ingkang kasebat punika katahe ngrupiaken asil susastra keraton, ingkang kawentar ngantos tebih sajawining tembok keraton salebeting tataran kabudayan Jawi, sanajan lami-lami sacaos alon-alon pupus dening dinamika kabudayan sastra Jawi ing atasing “Kebudayaan Indonesia”. Mangga sami-sami mulasara kabudayan Jawi punika.
Serat Tripama
Bait 01

Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladya, duk ing nguni caritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama”.
SASTRA PEDHALANGAN
Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing diangge para dhalang neng pakeliran. Jenis sastra pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, yaiku suluk pelungan utawi murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon, swara, lan carita.
Suluk
Suluk pelungan utawi murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang neng wiwitan pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jenis puisi pedhalangan. Suluk pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten ngangge suluk pelungan utawi murwa, bubukane ngangge janturan jejer. Conto suluk pelungan Jawi Wetanan ing ngandhap niki pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:
Sun miwiti andhalang. Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga bawana. Ligan rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap angampar....
Jenis suluk liyane sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon menika suluk kangge nggambaraken kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kangge nggambaraken muntabing ati. Ada-ada suluk kangge mggambaraken kahanan ingkang mirisi.
BENTUK WAYANG
1. Bentuk wayang purwa
Wayang kulit purwa gaya Yogyakarta menurut busana (atribut) yang digunakan dapat dibedakan menjadi tiga golongan yaitu :
      a.  Wayang Golongan ratu
Wayang golongan ratu (wayang raton) dapat diketahui dengan melihat penggunaan busana (atribut) pada wayang tersebut. pada umumnya wayang golongan ratu memakai praba, yaitu hiasan-hiasan yang terdapat di punggung setiap tokoh wayang, yang merupakan lambang keagungan dan kewajiban kedudukannya.
Disamping praba, juga pada bagian-bagian lain yang menentukan yaitu mahkota (“irah-irahan”). Pada wayang kulit purwa gaya Yogyakarta, mahkota dibedakan menjadi enam macam :
SERAT WEDHATAMA
Serat Wedhatama adalah Sastra tembang atau kidungan jawa karya Mangkunegara IV Wedhatama (berasal dalam bahasa  Jawa; Wredhatama) yang berarti serat (tulisan/karya) wedha (Ajaran) tama (keutamaan/utama) Wedhatama merupakan ajaran luhur untuk membangun budi pekerti dan olah spiritual bagi kalangan raja-raja Mataram, tetapi diajarkan pula bagi siapapun yang berkehendak menghayatinya.
Wedhatama menjadi salah satu dasar penghayatan bagi siapa saja yang ingin “laku” spiritual dan bersifat universal lintas kepercayaan atau agama apapun. Karena ajaran dalam Wedhatama bukan lah dogma agama yang erat dengan iming-iming  ersu dan ancaman neraka, melainkan suara hati nurani, yang menjadi “jalan setapak” bagi siapapun yang ingin menggapai kehidupan dengan tingkat spiritual yang tinggi. Mudah diikuti dan dipelajari oleh siapapun, diajarkan dan dituntun step by step secara rinci. Puncak dari “laku” spiritual yang diajarkan serat Wedhatama adalah; menemukan kehidupan yang sejati, lebih memahami diri sendiri, manunggaling kawula-Gusti.
Serat Wedhatama dan terjemahan bebas :
PUPUH I
P A N G K U R
01 Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.

SEJARAH WAYANG
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ana biyen-biyen, rikala isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dhewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
WIDYAUKARA (SINTAKSIS)
Widyaukara kalebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag babagan ukara, frasa lan klausa. Nanging ing buku menika mligi ngrembag babagan ukara.
A. Ukara
Ukara inggih menika rerangkenipun tembung ingkang saged ngandharaken satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados ukara menika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun inggih menika.
WIDYETEMBUNG (MORFOLOGI)
Widyatembung (morfologi) utawi tata tembung menika kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung ingkang sanes jalaran kawuwuhan imbuhan. Tembung salebetipun basa Jawi saged kaperang adhedhasar wujud saha jinisipun.
WIDYASWARA UTAWA FONOLOGI
Tembung widyaswara kadadosan saking tembung widya lan swara. Tembung widya asalipun saking basa Jawi Kina ingkang tegesipun ilmu, wondene tembung swara tegesipun uni utawi suwanten. Suwanten ingkang karembag inggih menika suwanten ingkang tumata lan wonten tegesipun, sanes suwanten
ingkang boten tumata lan tanpa teges.
Unggah-ungguh Basa Jawi
Sudaryanto (1987) sinengkuyung Tjatur Wisnu Sasongko (2004), bilih ungguh-ungguh basa Jawi menika wonten 4 (sekawan) tataran, inggih menika:
1. Ngoko Lugu
2. Ngoko Alus
3. Krama Lugu
4. Krama Alus
PANGERTOSAN UNGAH-UNGGUH BASA JAWA
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat
ujaran, utawi speech level (basa Inggris).
1. Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Wondene tatakrama tegesipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi solah tingkah (pangucap saha patrap).
2. Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun (pangucap saha patrap).
TRADHISI RUWETAN
1.  Arti Upacara Ruwatan
Ruwatan kui kasil saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni. Dene Upacara Ruwatan kui duweni teges ngresiki, lan nyuceakake menungsa saka kasusahan batin kanthi nyenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.
2.  Asal-Usul
Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, kala artine bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.

Suranan ing dusun Kalisapu, Slawi, Tegal
            A.    Narasi Suranan ing dusun Kalisapu.
Suranan kuwe acara rutin saben taun pas wulan sura. Wong islam luwih sering ngomong “tahun baru Hijriyah.” Ing dusun Kalisapu sering ngadakna rentengan acara kanggo ngrayakna Suranan.  Diwiwiti saka kirab obor lan dilanjutna karo slametan.
Saka bengi siji sura, ana kirab obor. Rute kirab obor kuwe diwiwiti saka dalemipun Kiyai sing paling sepuh, banjur muteri dusun Kalisapu lan akhire mandheg ana ing dalemipun Kiyai maning. Kirab obor kuwe dilakoni dening bocah-bocah cilik Kalisapu sing dikancani dening wong tuwane (bapane utawa ibune), remaja, bapak-bapak, ibu-ibu lan tokoh masyarakat dusun Kalisapu kaya ustadz lan kiyai sing wis dipercaya dening masyarakat.
SEKATEN
Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.
KARAKTERISTIK TUTUK WAYANG PURWA
1. Tutuk Mingkem
bentukke tutuk mingkem neng pewayangan nggambarna tutuk sing keadanane mingkem. Umume tokoh wayang sing tutuke mingkem kuwi duweni keahliyan luwar biyasa, sing ora ora terbatas. Biyasane tutuk mingkem pasangane karo mripat liyepan lan irung wali miring. Contoh wayange : Bethara Guru, Begawan 
Abiyasa, Sang Hyang Wenang.
Tutuk Mingkem
KARAKTERISTIKE IRUNG WAYANG PURWA
1. Irung Wali Miring
Irung wali miring kui irung sing nganggo tokoh wayang sing duweni awak cilik. Umume irung wali miring sepasang karo mripat liyepan. Wujude irung miring kaya lading cilik. Irung wali miring iki nganggo wayang kaya : Arjuna, Kresna, Basudewa, Drupadha, Sumbadra.
KARAKTERISTIKE MRIPAT WAYANG PURWA
1.Mripat liyepan (mripat gabahan)
Mripat liyepan bentukke kaya wijil pari, sing durung dicopoti kulitte.. Jenise mripat liyepan kangge tokoh wayang sing awakke cilik, langsing, sing bisa ngatonna watek bijaksana, lan budi pekerti sing apik.











2.  Mripat kedelen
Kanggo nggambarna tokoh-tokoh sing duwe watak perwira, tangkas, wani lan awakke ora gedhe utawa cilik. Mripat kedelen kuwi bentukke kaya wijil kedele.
WIRATAPARWA
 a. Dolanan judi sing pertama
     Pandhawa sing ora bisa dikalahna karo cara perang, nanging kudu cara tipu muslihat. Katurunan Kurawa sing luwih cerdhik dolanan judi (dadu) langsung nantang Yudhistira sing ana ning Indraprasta. Sebenere Ydhistira ora sarujuk karo saran Kurawa sing disampekna dening Widura.
   Esuke Pandhawa mlebu panggonan judi neng Hastinapura. Yudhistira sing kalah dolanan judi karo Kurawa. Yudhistira mertaruhna gajah, kreta, jaran, budak lanang lan wadon. Dheweke kedorong nepsune, akhire mertaruhna sapi, Dropadi, adi-adine lan awakke dhewek, nanging tetep bae kalah. Dewi Dropadi sing dadikna budak dening Duryudana.
     Kurawa lakukna Dropadi semena-mena. Dussasana pan nlanjangi Dropadi nanging lelakone malah nggawe heran, marga Hyang Wisnu mbantu Dropadi. Kain sing pan ditarik Dussasana ben awakke Dropadi katon, Hyang Wisnu langsung ngrubah kaine sing ora duwe pucuk. Kain sing ditarik kuwe ora bakal enteng-enteng tetep bae nutupi awakke Dropadi.
     Destarata ora tega karo Dropadi, akhire dheweke ngein loro kepenginan sing bakal dikabulna dening Destarata. Loro kepenginane Dropadi yakuwe Pandhawa lan liya-liyane kudu dibebasna. Kebijakane Destarata, kesugihan sing pernah dadi alat taruhan ning judi dibelekna maning ning Pandhawa.
      b. Dolanan dadu sing keloro
Duryudana nantang Pandhawa dolanan dadu (judi) sing ke loro. Sing biasane dadi alat taruhan kuwe kesigihan, nanging diganti karo hukuman. Hukuman sing kalah dolanan judi, 12 taun diasingna ning hutan, setaun kudu umpetan ning negeri liya utawa nyamar, nanging yen penyamarane diweruhi dening sing menang, hukuman kuwe kudu diulang maning. Duryudana sing iri karo Pandhawa, marga kabeh kekuwasaane Destarata diwekena Yudhistira.
   Pandhawa kalah dolanan judi. Pandhawa padha nyamar dadi macem-macem. Pandhawanawarna jasa marang Matsyapati, raja Wirata, nanging Pandhawa bakal nyamar, nyamar sekan namane, gaweane, lan wujude. Yudhistira nganggo nama samaran Kangka, sing pinter dolanan Caturangga. Bhima sing nganggo nama samaran Ballawa nyamar dadi guru masak lan ahli gulat. Arjuna nganggo nama samaran Werhannala nyamar dadi sida-sida sing ngajar musik lan tari marang para putri sing ana ning kerajaan Wirata. Nakula nganggo nama samaran Granthika nyamar dadi nyetir kreta jaran lan ngrawat jaran uga. Sadhewa nganggo nama samaran Tantipala, nyamar dadi gembala sapi lan kebo. Lan Dewi Dropadi nyamar dadi pelayane ratu Sudesan, nganggo nama samaran Serandhri.
      Kelakuwan Kicaka, mentri raja sing duweni watak ora apik marang Dropadi, nggawe Bhima murka lan langsung mbunuh Kicaka. Pas kuwe uga para kurawa lagi goleti Pandhawa.  
     Susarma, raja Trigarta nyerang negara tetangga, yaiku negara Wirata. Kurawa uga melu nyerbu negara Wirata. Raja Wirata lan prajurite ngadhepi penyerbu. Raja Wirata sing awale ditangkep karo Susarma, nanging Pandhawa mbebasna Matsyapati. Uttara putrane raja Wirata sing langsung maring panggonan perang karo Arjuna, kewedinan. Kemudi kreta sing awale dicekel Arjuna diganti karo Uttra, lan Uttara sing ganti dadi kemudi kreta kuwe. Kurawa wis paham yen sing bakal diadhepi kuwe Arjuna.
Kurawa nyusun strategi perang, siji lawan siji. Kerpa lan Drona, Aswathama lan Karna, Bhisma lan Duryudhana. Arjuna sing mbius para musuhe nganggo panah Wiwohana. Lan para Kurawa lan sekan kerajaan Trigarta kalah.