Sekaten
utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih
tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad
s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun
Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen
diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge
ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
Ing
hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem
(punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo
lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti
tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai
Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai
Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan
iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten
katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta
wangsul ing Kraton.
Grebeg Muludan
Acara
pucuk Sekaten iku ditandai Grebeg Muludan sing diwontenaken ing
tanggal 12 (persis ing dinten ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w.) wiwit jam
8:00 esuk. Dikawal kalih 10 macam (bregodo/kompi) prajurit Kraton: Wirobrojo,
Daeng, Patangpuluh, Jogokaryo, Prawirotomo, Nyutro, Ketanggung, Mantrijero,
Surokarso, dan Bugis, setunggal Gunungan sing kadamel saking beras ketan,
maeman dan buah-buahan sarta sayur-sayuan sing dibeta saking istana Kemandungan
nglewati Sitihinggil lan Pagelaran nuju masjid Agung. saksampune didongani
Gunungan sing nglambangke kasejahteraan kerajaan Mataram iku dibagi neng
masyarakat sing nganggep anggene bagian saking Gunungan iku badhe betha berkah
kangge tyangipun. Bagian Gunungan yang dianggep sakral iku badhe dibetha wangsul
lan ditandur ing sawah/ladang supados sawahipun dados subur lan bebas saking
bencana dan malapetaka.
Tumplak Wajik
Kalih
dinten sakderengipun acara Grebeg Muludan, satunggalipun upacara Tumplak Wajik
diwontenaken ing halaman istana Magangan jam 16:00 sonten. Upacarane nggih
menikakotekan utawa dolanan lagu ngagem kentongan, lumpang kangge
numbuk pari, lan enggalipun sing nandai wiwite saking pandamelan Gunungan sing
badhe diarak wonten ing acara Grebeg Muludan mangke. Lagu-lagu sing diunekke
ing acara Tumplak Wajik inggih meniku lagu Jawa populer kayata: Lompong Keli,
Tundhung Setan, Owal awil, utawa lagu-lagu rakyat sanesipun.
0 komentar:
Posting Komentar