Widyaukara
kalebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag babagan ukara, frasa lan
klausa. Nanging ing buku menika mligi ngrembag babagan ukara.
A.
Ukara
Ukara
inggih menika rerangkenipun tembung ingkang saged ngandharaken satunggaling
karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados ukara menika
mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun inggih
menika.
1.
Saged madeg piyambak
2.
Dumadi saking setunggal klausa (jejer setunggal lan wasesanipun inggih setunggal)
3.
Wiwitanipun ukara kaserat mawi aksara ageng (murda), lan wasesanipun mawi tandha
titik, koma, titik koma, tanda seru (pakon), saha tandha pitakon
4.
Mawi intonasi (lagunipun pakecapan)
Tuladha
:
1)
Aku sinau, adhiku malah dolan.
J W J W
a.
Aku sinau (klausa inggih ukara)
b.
Malah dolan (frasa kriya)
c.
Adhiku malah dolan (klausa inggih ukara)
d.
Aku sinau, adhiku malah dolan (ukara)
J W J W
a.
Bukune Budi (frasa aran)
b.
Isih apik (frasa kaanan)
c.
Uwis rusak (frasa kaanan)
d.
Bukune Budi isih apik (klausa inggih ukara)
e.
Bukune Iwan uwis rusak (klausa inggih ukara)
f.
Bukune Budi isih apik, bukune Iwan uwis rusak (ukara)
Adhedhasar
rangkaning ukara (Struktur kalimat), ukara salebetipun basa
Jawi
ingkang baku menika cacahipun wonten 5 (gangsal), inggih menika :
1.
J – W
2.
J – W – L
3.
J – W – Gg
4.
J – W – L – Gg
5.
J – W – P
B. JINISING UKARA
Jinising
ukara wonten ing basa Jawi saged kapilah dados ukara : (a) tanduk lan tanggap,
(b) ukara lamba lan camboran.
1.
Ukara Tanduk
Ukara
tanduk utawi kalimat aktif, inggih menika ukara ingkang wasesanipun awujud
tembung kriya tanduk, ingkang padatan ngginakaken imbuhan anuswara (am-, an-,
ang-, lan any-) lan panambang –i, -ke. Jejer ing ukara tanduk biasanipun
“nindakaken pakaryan” utawi dados “paraga”, dene lesan wonten ukara tanduk
biasanipun dados “sasaran”.
Tembung
kriya tanduk mawi lesan utawi tanduk transitif sanget
ambetahaken
wontenipun lesan. Menawi tanpa lesan, ukara kasebut dipunwastani
boten
gramatikal. Wondene wujudipun ukara tanduk maneka warni, inggih
menika
:
a.
J W L : Widarti nyangking ember
Kangmasku arep nonton wayang kulit
Pak Jaya ngilangke sandhale Bu Parti
b.
J W L P : Darti nyuguhke nyamikan
marang tamune
Haryanto mblesekke dhuwit ing sak buri
Adhiku lagi nggawe panganan saka ketan
c.
J W L Gg : Suryanto menehi adhiku klambi lurik
Mahendra nukokke adhine dolanan
Himawan nggawekke Suminah crita cekak
Tembung
kriya tanduk kalamangsanipun wonten ingkang boten merlokaken ananing lesan, lan
sinebat kriya tanduk tanpa lesan utawi kriya tanduk intransitif.
Tuladha
: Bebeke ngendhog
Mbah Soma ngguyu
Adhiku nangis
2. Ukara Tanggap
Ukara
tanggap utawi kalimat pasif, inggih menika ukara ingkang wasesanipun awujud
tembung kriya tanggap. Jejer salebetipun ukara tanggap padatan dados “sasaran”
utawi ingkang kenging pakaryan. Wasesa ing ukara tanggap ngginakaken tembung
kriya ingkang kawuwuhan ater-ater di-, ka-, utawi seselan –in–. Wasesa kriya
ingkang awujud tanggap anggadhahi ciri-ciri :
a.
Dak-/tak- (-i, -(a)ke, -ne, -ane),
b.
Kok-/ko- (-i, -(a)ke),
c.
Di- (-i, -(a)ke)
d.
Ke- (-an)
e.
Ka- (-an, -ake)
Tuladha
:
1)
Dhuwit kuwi dijupuk Ahmad
J W Gg
2)
Laporane Sukra dibolak-balekake
J W
3)
Aku ditukokake Ibu klambi
J
W L Gg
C. Ukara Lamba
Ukara
lamba inggih menika ukara ingkang dumadi saking saklausa, tegesipun ukara
kasebut namung dumadi saking jejer lan wasesa sarta saged katambah lesan,
geganep, utawa panerang. Dados, jejer lan wasesa wonten ing ukara lamba
gunggungipun namung setunggal lan boten kenging langkung.
Tuladha
: 1. Suminah ngguyu ngakak
J W
2. Mas Wahya nukokake adhiku
sarung bathik
J W L Gg
3.
Copet kuwi diantemi wong-wong esuk mau
J W Gg P
4.
Bapak lan ibu nembe tindak dhateng Yogya
J W P
5.
Paklikku wingi kelangan jaket
J P W Gg
D. Ukara Camboran
Ukara
camboran inggih menika ukara ingkang dumadi saking kalih klausa utawi langkung;
ukara camboran wasesanipun kedah langkung saking setunggal, saged kalih utawi
tiga.
Tuladha
: 1. Panjenengan rawuh nalikanipun kula nembe tilem
2. Ingkang dhahar Bapak lan ingkang
olah-olah Ibu
Ukara
(1) jejeripun wonten kalih, inggih menika panjenengan lan kula; wasesanipun ugi
wonten kalih, inggih menika rawuh lan nembe tilem. Semanten ugi ukara (2)
jejeripun ugi wonten kalih, inggih menika ingkang dhahar lan ingkang olah-olah;
wondene wasesanipun ugi wonten kalih, inggih menika Bapak lan Ibu.
Ukara
camboran saged kabedakaken dados kalih, inggih menika camboran : (a) sajajar
utawi kalimat majemuk sederajat/ setara (klausa koordinatf); (b) susun utawi
kalimat majemuk bertingkat (klausa subordinatif)
1. Ukara Camboran Sejajar
Inggih
menika ukara ingkang dumadi saking kalih klausa utawi langkung. Klausa-klausa
menika kagabung dados setunggal kanthi ngginakaken tembung panggandheng utawi
tandha koma ing antaranipun klausa setunggal lan klausa setunggalipun. Ing
ukara camboran sejajar sedaya klausanipun awujud klausa inti, lan klausa-klausa
ing ukara camboran sejajar saged madeg piyambak boten gumantung klausa
sanesipun. Tembung panggandheng ingkang asring dipunangge inggih menika: lan,
sarta, nanging, dene, wondene, banjur, terus, utawa, utawi, lajeng, miwah, tur,
saha, malah, apa, nuli.
Tuladha
: (1) Kangmasku kuliah ing Ngayogyakarta lan adhiku
J W P J
kuliah ing Sala
W P
(2) Supardi iku pinter tur bagus
sisan
J W W
(3) Kowe sing seneng,
nanging aku sing senep
J W J W
(4) Aditya Rahman kuwi dudu guru,
nanging dhokter
J W
puskesmas
W
(5) Amir nyelehake bukune,
terus dheweke salin
J W L J W
klambi
W
Ing ukara camboran sejajar, menawi wonten jejeripun ingkang sami, jejer ing klausa kaping kalih saged dipun-singitaken (dielipkan), kados tuladha ukara (2) lan (4) ukara ing nginggil.
2. Ukara Camboran Susun
Ukara
ingkang dumadi saking kalih klausa utawi langkung, ananging antawisipun klausa
setunggal lan setunggalipun wonten ingkang nguwaosi lan ugi wonten ingkang
dipunkuwaosi. Klausa ingkang nguwaosi dipunsebat klausa inti utawi induk
kalimat, wondene klausa ingkang dipunkuwaosi dipunsebat klausa pang utawi anak
kalimat. Klausa inti menika saged dados ukara ingkang saged madeg piyambak,
ananging ukara pang boten saged madeg piyambak dados ukara.
Tuladha
:
a.
Bapak Darsa boten tindak makarya, jalaran/Bapak Darsa/
gerah waja
J W P
b.
Nalika Anggara teka , Jatmika lagi dolanan komputer
c.
Ibu mau ngendika yen kowe ora pareng dolan
Klausa
pang ing nginggil ingkang katulis kandel, lan klausa pang ingkang ngisi kothak
utawi panggenanipun katrangan, papanipun saged dipunewah-ewahi. Ananging klausa
pang ingkang ngisi kothak utawi panggenanipun geganep utawi lesan, papanipun
boten saged dipunewah-ewah.
Tuladha
: a. (1) Jalaran gerah waja, Bapak Darso boten tindak makarya.
(2) Bapak Darso, jalaran gerah waja,
boten tindak makarya.
b. (1) Jatmika lagi dolanan komputer
nalika Anggara teka.
(2) Jatmika, nalika Anggara teka, lagi
dolanan komputer
c.
(1) Yen kowe ora pareng dolan, Ibu mau ngendika.
(2) (Boten saged dipunewahi
panggenanipun)
Ibu, yen kowe ora pareng dolan, mau
ngendika.
Tuladha
salebetipun bagan ing ngandhap menika
E. Warnanipun Ukara
Ukara
wonten ing basa Jawi menika adhedhasar suraosipun saged kaperang dados gangsal,
inggih menika ukara: (1) cerita (cariyos), (2) pakon, (3) pitaken (pitakon),
(4) sambawa, (5) ukara sananta.
0 komentar:
Posting Komentar