KARAKTERISTIKE IRUNG WAYANG PURWA
1. Irung Wali Miring
Irung wali miring kui irung sing nganggo tokoh wayang sing duweni awak cilik. Umume irung wali miring sepasang karo mripat liyepan. Wujude irung miring kaya lading cilik. Irung wali miring iki nganggo wayang kaya : Arjuna, Kresna, Basudewa, Drupadha, Sumbadra.














2. Irung Bentulan
Irung bentulan  kui irung wayang purwa sing bentukke kaya buwah soka. tokoh sing duwe irung bentulan biyasane pasangane karo mripat thelengan utawa peten. Tuladahane tokoh wayang sing duwe irung bentulan iku : Gathutkaca, Antareja, Citraksa, Setija.

















3. Irung Wungkul Gerang
Irung Wungkul Gernag mirip kaya irung bentulan, nanging pucukke lancip secuil. Tokoh wayang sing duwe irung wangkul gerang kaya Rahwana, Dursasana, Burisrawa.














4. Irung Pelokan
Irung Pelokan umume nganggo tokoh wayang sing matane plelengan, bentukke kaya pelokke pelem. Tokoh sing duwe irung pelokan biyasane raksasa kaya Kumbakarna, Prahasta, Pancatnyana, Suratrimantra.












5. Irung Pesekan
Irung pesekan nggmabrana tokoh-tokoh wayang sing bentukke kera, kaya Sugriwa, Anggoda, Jembawan, Anoman.



   











6. Irung Terong Glatik
Irung Terong Glatik bentukke kaya terong glatik utawa terong cilik. Terong iki nggambarna tokoh wayang sing ngatonna watak setya, arif, contohe kaya wayang Nala Gareng, Denawa Endog.


            
















7. Irung Belale
Irung Belalae ngatonni irung kewan gajah. Biyasane duweni kekuwatang sing luwar biyasa, amarga gabungan raksasa karo kewan. Contoh tokoh wayange Bethara Gana.


            


















Sumber : Drs. Sunarto, Wayang Kulit Gaya Yogyakarta, Yogyakarta: Balai Pustaka, 1989
Category:

0 komentar:

Posting Komentar