I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng Sieng.
Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah
Kudus ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa Glagahwangi.
Déné kang minangka pangarsané pondhok yaiku panjenengané Sunan Kudus. Ing
wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning
negara kang dumadi saka negara cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora
seneng marang adeging Negara Demak. Rasa ora seneng iki disababaké saka
sedyané Negara Demak anggoné nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka
negara iku negara Capiturang. Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining
masjid kang digunakaké minangka papan pasinaoné santri-santri Glagahwangi
muridé Sunan Kudus. Santriné Sunan Kudus akèh, nanging sing katon manjila
ana cacah sanga.
Nuju sawijining dina, amarengi wayah subuh, kaya padatan ing saben
dinané, masjid Tie Lie Sieng kebak santri-santri kang padha nindakaké
sholat Subuh. Swasana tentrem awit kasiram adheming bun wanci
bangun, dumadakan dikagètaké déning panjeriting bakul-bakul pasar kang
ora adoh saka masjid kono. Wong-wong padha pating jlerit kamiwedèn,
sabab tanpa kanyana-nyana dagangan kang lagi wiwit ditata diosak-asik
prajurit Capiturang kang dipandhégani Gagaklodra. Solahé wong-wong
pasar padha pating bilulung salang tunjang, nylametaké awaké dhéwé-dhéwé,
tanpa mikir dagangan. Kabèh padha wedi, giris miris, meruhi tandangé
Gagaklodra sawadyané kang tanpa rasa kamanungsan gawé rurusuh jroning
pasar. Santri Glagahwangi sigra prayitna ing kéwuh. Tanpa diabani énggal
ngadhepi sing gawé gègèr. Gagaklodra sawadyané dipapagaké bebarengan.
Nanging sepira ta dayané para santri Glagahwangi, mungsuh prajurit sing
asikep gagaman ampuh. Ora nganti suwé, para santri kaseser anggoné
nandhingi prajurit Capiturang. Akèh santri kang keplayu ngungsi urip,
mangkono uga santri sanga padha tinggal glanggang colong playu. Ing
antarané santri sanga iku kang dimangertèni jenengé yaiku, Sirojul Munir
(Syeh Subakir), Sarif Hidayat (Syeh Maulana Taqwim), lan Moh Gufron (
Sunan Geseng).
Gagaklodra ditutaké sawatara wadyané mbledig playuné Sarif Hidayat.
Bareng tekan ng tlatah Sirandhu, Sarif Hidayat wis ora bisa ngglawat,
temah kasil kepikut déning Gagaklodra sakanca. Sarif Hidayat banjur
diajar nganti nandhang tatu arang kranjang. Sarif Hidayat wis ora bisa
bangga, ing batin nyipta bakal tumekaning pati. Ing nalika Gagaklodra
sakancané padha milara Sarif Hidayat, dumadakan ana swara tanpa rupa
sing ora kasumurupan dunungé. Swara tanpa rupa iku semu nantang
marang Gagaklodra, ndadak nganggo tembang Dhandhanggula kang
uniné mangkéné.
Gagaklodra kang ngaku prajurit
Nyata sira mung anggunggung karsa
Mulasara pepadhané
Yèn nyata sira iku
Sraya king nagri Majapahit
Aja sira anggembèla (turah 1)
Adhepana ingsun Ingsun
tan bakal lumayu [a]
Hangadhepi manungsa lir sana sunu [i]
Kuru tur tanpa bayu [a]
Kaya ngapa cingaké Gagaklodra sakanca. Rasa cingak ndadèkaké rada
kendho anggoné milara Sarif Hidayat, temahan padha clingukan nggolèki
sumbering swara. Salaginé bingung sarta nilingaké kuping, tanpa
kanyana-nyana ana wewayangan sarwa putih kumlébat nyaut Sarif
Hidayat sing wis tanpa daya. Sakedhèping mripat wewayangan putih iku
musna bareng lan ilanging Sarif Hidayat saka papan kono.
Sapa ta sejatiné kang nylametaké Sarif Hidayat? Pawongan iku ora liya
Kyai Kasan Besari, uga kang kerep disebut Ki Jénggot Putih. Sayektiné Ki
Jénggot Putih wis sawatara suwé anggoné ngulataké lakuné Gagaklodra
sakanca. Mula, nalika Sarif Hidayat sajak bakal kena ing pati, tumuli
awèh pitulungan. Sarif Hidayat dipanggul Ki Jénggot Putih, digawa tumuju
mring Padhepokan Argaluwih.
Argaluwih kuwi padhepokané Syèh Maulana Garibhi. Ya panjenengané iki
sing uga sinebut Ki Ageng Hardapikukuh. Syèh Maulana Garibhi duwé
anak wadon aran Sri Lintang Kedhaton utawa Siti Amariyah Ambariyah,
déné asmané Cina Lie Gio Nio.
Ing Padhepokan Argaluwih, Sarif Hidayat diupakara nganti waras. Ya Sri
Lintang Kedhaton iku kang kanthi tlatèn ngupakara Sarif Hidayat nganti
waras. Apa kebutuhané Sarif Hidayat tansah dicukupi Sri Lintang
Kedhaton. Sarèhné Sarif Hidayat lan Sri Lintang Kedhaton iku padha-padha
bocah kang nedheng brahi, mula nora mokal yèn suwéning suwé leloroné kataman
rasa asmara. Ki Jénggot Putih tanggap marang glagating bocah, mula tumuli matur
marang Syèh MaulanaGaribhi supaya bocahh loro iku didhaupaké. Syèh Maulana
Garibhi ora kabotan. Sawisé nemtokaké dina kang prayoga, Sarif Hidayat lan Sri
Lintang Kedhaton dinikahaké. Kanggo mbuwang tilas lan supaya ora konangan
Gagaklodra sawadyané, Sarif Hidayat banjur ganti jeneng Jaka Teguh.
II. Dumadiné Sukoreja
Ing sawijining wanci, Syeh Maulana Garibhi ngarsakaké nggelar kataman.
Ing kono Syeh Maulana Garibhi kapareng jumeneng ing sangarepé para
santri, sarta paring pangandikan. Wusananing pangandikan, Syèh
Maulana Garibhi paring jeneng jeneng wewengkon kono sinebuta Desa
Sukorejo, awit wis klakon bisa gawé suka lan gambiraning para kawula
padésan. Wektu kuwi marengi ing dina Kemis Pahing tahun 1386 B/M.
Jroning pahargyan kataman kuwi Ki Jenggot Putih uga melu anekseni.
Saparipurnaning kataman, Ki Jenggot Putih kapareng pamit bakal
nerusaké tindaké. Sadurungé pamitan, Ki Jénggot Putih paring pitungkas
marang Jaka Teguh supaya nggolèki Kanjeng Sunan Kalijaga, ing pamrih
antuka pituduh nggoné bakal nindakaké syiar agamaIslam.
III. Jaka Teguh Dadi Nukibah ing Kedu
Ing saben-saben Jaka Teguh tansah kèlingan marang apa kang dadi dhawuhé Ki
Jénggot Putih ya Kasan Besari. Luwih-luwih yèn pinuju wanci bengi, apa kang
dingendikaké Ki Jénggot Putih isih keprungu cetha nèng talingan, “Jaka Teguh,
sira darbé sesanggeman kang abot. Sanadyan jejibahan iki ora kena
sinangga ènthèng, nanging pakaryan iki mujudaké pakaryan kang suci.
Wujuding jejibahan gedhé iki, yaiku sira kudu mèlu cawé-cawé lan nyengkuyung
sumebaré agama Islam ingTanah Jawa. Amung, sadurungé sira miwiti pakaryan
agung iki, luwih dhisik sira nyuwuna pangèstu marang Kanjeng Sunan
Kalijaga.”
Pangandikané Ki Kasan Besari kuwi, ing saben dina dirasakaké nganti
rumasuk jroning sanubari. Jaka Teguh dadi tansah gorèh. Yè n mituhu
dhawuhing guru, ateges kudu ninggal garwa. Mangka durung suwé nggoné dhaup,
malah saiki garwané wis nggarbini patang sasi. Yèn mung tansah ana Padhepokan
waé, gèk ya piyé. Sawisé dilimbang -limbang sawatara dina, Jaka Teguh tumuli
mrentul tékadé. Tékad kang dilandhesi karep kang kuwat. Dadi tansaya golong
gilig tekadé Jaka Teguh, bakal mituhu dhawuhé Sang Guru kanthi gelenging kalbu.
Ing sawijining dina kang dirasa prayoga, Jaka Teguh ngadhep marang
marasepuh. Kanthi kebak ing trapsila, Jaka Teguhngaturaké kabèh kang dadi
gémbolaning ati. Krungu aturé Jaka Teguh, Syèh Mulana Garibhi ora kabotan,
malah paring panyengkuyung. Semono uga Sri Lintang Kedhaton, sanadyan abot
rasané yèn tininggal ing bojo, nanging karana tindaké kang garwa iku nyangkul j
ejibahan luhur, sanadyan abota kaya ngapa, ya kudu nglilakaké lungané garwa.
Sawisé tata-tata sawetara Jaka Teguh tumuli pamitan budhal. Kaya ngapa sedhihé
kang garwa kang tinilar
ing kakung.
Tindaké Jaka Teguh ing wanci bangun ésuk sabubaré nindakaké shalat Subuh.
Tindaké didhèrèkaké Bah Gedruk lan Bah Beo. Lakuné mangétan. Jroning lumaku
akèh pangrencana ing dalan, nanging kabèh panggodha bisa disingkiraké awit saka
kandeling tékad.
Satekané ing gumuk Slandhakan tanpa kanyana-nyana kaprungu swara
panggeroning macan mecah sepining swasana. Swarané nggegirisi agawé
mirising ati. Jaka Teguh wedi lan dadi cilik atiné. Ora ngerti kuwi swara
apa. Saking wediné nuli lungguh semedi supaya bisa sarèh rasané, lan
nyunyuwun pangwasaning Gusti supaya diparingi pituduh murih kaslametané
wong telu. Bah Gedruk lan Bah Beo kamigilan, saya manèh papan kono adhemé
njekut awit isih klebu wewengkon pèrenging Gunung Sumbing. Ora suwé Jaka Teguh
unjal napas sarta angandika, “Ki sanak yèn kowé bakal tegel mangsa aku sakanca,
saiki uga mung pasrah. Nanging yèn kowé arep njaluk tulung nggerenga manèh
kaping telu.”
Ora suwé keprungu swara nggereng kaping telu, lan dumadakan ing sangarepé
Jaka Teguh ana wewujudan macan ireng kang kejepit watu, tur ta isih ketambahan
kebrukan wit Jalu. Ndulu kahanané macan iki Jaka Teguh dadi welas atiné.
Énggal-énggal Jaka Teguh awèh pitulungansarana ngetogaké mantra ngèlmu
paringané Ki Jénggot Putih. Kena dayaning mantra, wit Jalu kang sakawit
ngebruki awaké macan bisa ngadeg jejeg manèh kaya-kayaana kekuwatan gedhé kang
ngedegaké. Wekasan macan ireng bisa luwar saka panandang. Anèh, sawisé luwar
saka panandhang macan kuwi lon-lonan nyedhaki Jaka Teguh. Kaya -kaya bisa tata
jalma, macan kuwi ngaturaké panuwun marang Jaka Teguh. Kanggo pangéling-éling
lelakon kuwi, déning Jaka Teguh papan kono dijenengaké Désa Cepit, awit ana
kedadéyan macan kejepit ing watu.
Ésuké, teteluné mbacutaké laku mudhun gunung. Kang sakawit mlaku ngétan,
saiki mlaku ngalor. Satekané Desa Mbalong, ing kono ana wit Pakis Taji lan
sumber banyu bening kang prayoga kanggo reresik awak. Pawongan telu tumuli
padha adus. Wah, méndah segeré, dhasar pirang-pirang dina awak ora kambon
banyu. Kapinujon ing cedhak papan kono ana watu gedhé kang ayomi wit Garu kang
banget ngrembuyung. Jaka Teguh lèyèh-lèyèh ing ngisoring wit Garu mau sinambi
ngenam -enam pikiran. Lagi énak-énak ngasokaké awak, dumadakan tanpa
sangkan-sangkan ana pawongan nganggo sarwa wulung, jubahé wulung lan uga
nganggo iket wulung nyedhaki Jaka Teguh sakanca. Ora susah ndadak nganggo
diabani wong telu bebarengan mbagèkaké pawongan nyalawadi mau kanthi salam
bebarengan.
“Assalamualaikum”.
“Waalaikum salam.” Si Jubah Wulung paring wangsulan, swarané kebak ing
pangaribawa, nuli banjur ngandika,
“Nggèr, rak wis dha mari ta keselmu. Wis, saiki ayo babarengan nindakaké
shalat Dhuhur.” Dhasaré wanci ya wis keprungu swarané azan. Sawisé shalat si
Jubah Wulung takon marang Jaka Teguh,
“Apa sira lagi nggolèki aku?” Kanthi gugup Jaka Teguh mangsuli
“Inggih.”
“Yèn ngono, wis ayo padha ndhèrèka aku.”
Pawongan papat mlaku bebarengan. Jubah Wulung ana ngarep nunggang jaran
ireng, Jaka Teguh nitih jaran abang. Jan katon gagah dhasaré bagus pasuryané,
semono uga Bah Béo lan Bah Gedruk uga tansah tut wuri. Jaka Teguh ora
mangertèni papan kang bakal dituju iki mengko ana ngendi. Ngerti-ngertiné
bareng wis tekan Padhepokan Bagelèn Purworeja. Ing kono wis ana Ki Cakrajaya
lan Ki Ageng Geseng.
Jubah Wulung kang sayektiné yaiku Sunan Kalijaga, bebarengan lan Ki
Cakrajaya, Ki Ageng Geseng, lan Jaka Teguh ngrembug anggoné bakal nindakaké
syiar agama Islam. Anggoné imbal pangandikan nganti sewengi muput. Jroning
patemon mau ngasilaké putusan, yaiku: Ki Cakrajaya supaya dadi nukibah ing
Bagelèn, Ki Ageng Geseng dadi nukibah ing Loano ngiras pantes dadi imam
jumeneng Sunan Geseng, Jaka Teguh dadi nukibah ing Kedu jumeneng Ki Ageng Kedu
utawa Syeh Maulana Taqwim. Sawisé ngedum pakaryan tumuli padha sesowangan laku.
Kanjeng Sunan Kalijaga dhéwé banjur jengkar nerusaké laku.
IV. Ing Balongan, Parakan
Jroning patemon ing Padhepokan Bagelèn, Kanjeng Sunan Kalijaga paring
wewarah, supaya jroning padha nindakaké jejibahan syiar agama Islam, luwih
dhisik diwiwiti kanthi cara mulang tetanèn marang wong -wong padésan. Sabab
wektu kuwi isih akèh wong-wong samin, sarta isih padha ngrasuk agama lawas
yaiku Hindhu lan Buda. Lan isih akèh wewarahé Kanjeng Sunan Kalijaga. Kanthi
pituduhé Kanjeng Sunan Kalijaga mau, Jaka Teguh dadi saya mantep atiné nggoné bakal
ngayahi pakaryan. Jaka Teguh kajibah syiar agama Islam ing tlatah Gunung
Sumbing lan Sindoro kanthi tetenger asma Ki Ageng Kedu ya Syeh Maulana Taqwim.
Ki Ageng Kedu tumuli lumaku tumuju Kedu, Bah Beo lan Bah Gedruk tansah
ndhèrèk. Teteluné numpak jaran. Satekané ing Mbéngkal teteluné lèrèn. Dumadakan
ana sawijining nom-noman nunggang jaran, lakuné dibandhangaké. Bareng lakuning
jaran wis rada cerak Bah Gedruk nyoba ngendhegaké lakuné nom-noman kuwi. Sajaké
nom-noman kuwi nduwèni watak kongas, ketitik lakuning jaran ora dipekak, malah
kepara dibandhangaké. KiAgeng Kedu pirsa sarta tanggap ing grahita, mula sigra
amatek mantra nedya gawé pémut marang nom-noman kuwi. Kena dayaning mantra,
playuné jaran kang sakawit mangulon, cengkélak bali mangétan. Tekan sangareping
Ki Ageng Kedu, tanpa dipekak jaran mandheg. Nom-noman kuwi rumangsa isin,
sabab ora nggapé marang Ki Ageng Kedu. Kanthi praupan ndhingkluk nom-noman kuwi
tumuli mudhunsaka gegering jaran. Sawisé wis padha satata Ki Ageng Kedu ndangu
marang nom-noman mau,
“Sira kuwi sapa, asalmu saka ngendi, lan perlu ngapa? Déné numpak
jaran sajak kesusu, playuné nganti kaya angin.”
Nom-noman mau wangsulan, “Kula pun Bramanti, utusanipun Sunan
Kudus. Kula dipun dhawuhi Kanjeng Sunan supados ngupadi santri saking
Demak Bintara ingkang nembé syiar Agami Islam ing tlatah Kedu mriki.”
“Kalamun kowé ngupadi santri saka Demak Bintara, ya aku iki wongé.” Ki
Ageng blaka.
Bramanti ndlongop semu ora percaya, “Manawi kapareng kula nyuwun tandha
bukti, bilih panjenengan punika santri saking Demak Bintara.” Ki Ageng banjur
miyak jubah agemané, lan nuduhaké timang kang diagem marang Bramanti. Timang
kuwi sayekti tandha cihna santri saka kraton Demak. Rada sawatara Bramanti
ngiling-ilingi timang kuwi, “Manawi makaten leres, panjenengan ingkang kula
upadi.” Bramanti gambira bare ng weruh timang kang diagem Ki Ageng Kedu jumbuh
kalawan apa kang didhawuhaké Sunan Kudus. Bramanti banjur mbacutaké atur, “Kula
dipun utus Sunan Kudus kapurih masrahaken barang punika.” Bramanti ngaturaké
buntelan sing isiné sabuk cindhé. Ki Ageng nampanibuntelan iku, sabuk cindhé
tumuli diagem. Bareng wis diagem, wujudé sabuk cindhé katon selaras lan
timangan. Kahanan iki kerep sinebut ‘cindhélaras’.
Sanadyan amung wujud sabuk lan timangan, barang iku darbé daya linuwih.
Daya panguwasané sabuk cindhé kang selaras lan timangan, ora gampang soring
ajurit. Santri Demak kang diparingi barang kasebut ana cacah sanga. Saliyané
kuwi Ki Ageng uga diparingi wiji pari lan mbako supayu tinandur ing tlatah
Kedu, awit ya mung bumi kono kang bisa tinanduran.Sawise imbal pangandikan
sawatara Ki Ageng mbacutaké laku. Bramanti ora bali ing Demak, malah mèlu Ki
Ageng Kedu. Tekan ing désa Pendang Ki Ageng Kedu kersa mapan ana kono ing omah
kang sarwa prasaja. Ki Ageng Kedu tumuli miwiti syiar agama.Winih pari saka
Bramanti mau aran Rajalélé lan Cempa. Déné mbako utawa tembakau nganti saiki
sok disebut tambaku. Suwéning suwé tlatah kono dadi subur. Ki Ageng Kedu uga
ingon-ingon bangsaning iwèn. Salah siji klangenané yaiku pitik jago ulesé ireng
mulus. Yèn diedu tarungé pilih tandhing, prasasat ora ana kang bisa ngalahaké.
Ana ing Pendang nganti sawatara wektu. Ing sawijining dina Ki Ageng Kedu
kèlingan marang garwané kang ditinggal ing Padhepokan Argaluwih, kamangka
nalika ditinggal kaé lagi nggarbini watara umur patang sasi. Ki Ageng Kedu
tuwuh rasa kangené. Mula banjur kondur ing Padhepokan Argaluwih didhèrèkaké Bah
Beo mring Argaluwih, déné Bah Gedruk tunggu omah.
Bramanti ora bali ing Demak, nanging nyuwita marang Ki Ageng Kedu. Bramanti
nggarap lemah ing tlatah Balongan mangétan, kabèh ditanduri pari Cempa lan
Rajalélé. Bramanti uga kepareng yasa masjid, banjur salin asma Ki Ageng Parak.
Nganti séda Ki Ageng Parak banjur disarèkaké sakuloning masjid. Déné papan kono
saiki dadi kutha kang sinebut Parakan.
V. Garung
Duk nalika jaman (……..)
ing antarané tahun (……..), wewengkon Garung maksih wujud alas gung
liwang-liwung kang kebak ing ri bandhil bobondhotan. Para kawula kang padha
mapan ing sakiwa-tengené alas Garung racak-racak durung andarbéni kapinteran
kang mirunggan kanggo olah tetanèn. Kanggo nyukupi kabutuhan urip saben dinané,
padha mbebedhag buron alas kang pancèn cacahé tanpa wilangan. Kahanan iki kabèh
wus kapirsan déning Ki Ageng Makukuhan. Miturut pamawasé, tlatah Garung
sayektiné trep banget kalamun kinaryatandur pari. Awit lemah Garung kuwi klebu
lemah kang subur, tur ta ana sumber kang banyuné ajeg mili mintir tan ana
kendhaté, sajaké prayoga yèn kanggo ngoncori pesawahan.
Ki Ageng Makukuhan, sawisé nglilimbang sawatara dina tumuli lon-lonan
ngendikaké penggalihané iki marang wong-wong ing Garung. Ora gantalan
wektu, wus akèh pawongan kang padha nyengkuyung karsané Ki Ageng Makukuhan.
Pakaryan gedhé tumuli diwiwiti. Babat alas kinarya pesawahan. Gedhé cilik, tuwa
enom, tumandang bareng ngayahi karya. Sing lanang padha nyekel gaman kinarya
mbabati glagah alang-alang lan ri bandhil bebondhotan. Déné para wadon olah
pangan, nggodhog téla nggarut lan nggayong.
Anggoné babat alas dilakoni nganti pirang-pirang dina lawasé. Awit saka
kawasisané Ki Ageng nggoné ngrengkuh para kawula, pakaryan abot bisa
rampung. Pesawahan kang bawéra iku nuli tinanduran (pari) .Ing saben-saben
nindakaké pakaryan iki mau, ing wanci ngaso kabèh kang makarya padha
lèyèh-lèyèh sinambi mangan rangsuman olahaning para wadon. Mawarna-warna
solahé. Ana kang disambi jagongan ngrembug asiling pakaryan, ana kang turon
sèndhèn wit-witan gedhé tur ayom.Kawula wewengkon Garung maksih padha ngrasuk
agama Hindu Budha. Amung kepiyé mungguh cara lan adaté agama kuwi nalika samana
durung kinawruhan kanthi cetha. Anané padha ngrasuk agama Hindu Budha bisa
dimangertèni awit jaman iku kalebu jaman Majapahit pungkasan. Dadi isih akèh
tabet-tabet kapercayan saka Kerajaan gedhé iku. Carané Ki Ageng nindakaké syiar
agama IslamMakukuhan kuwi sawijiningpawongan kang sugih akal. Piyambaké
mangerti yèn kawula ing Garung darbé kapercayan marang agama Hindu Budha. Tur
ta prasasat kabèh durung ngawruhi marang agama Islam. Mula anggoné nindakaké
syiar Makukuhan kanthi cara olah tetanèn. Pakaryan babat alas lan miwiti tandur
sepisanan mujudaké pakaryan kang kena sinangga ènthèng. Pakaryan iku saliyané mbutuhaké
tenaga bahu uga butuh pétung kang njlimet. Mula nalika kawula Garung bebarengan
ngayahi karya, ing wanci ngaso padha katon anggoné sayah. Ing satengahing
swasana mangkono iku Ki Ageng nyedhaki sawijining pawongan takon kanthi ulat
kang sumeh, “Paman, ngendi dunungé banyu kang bening? Paman.”
Pawongan kang tinakonan wangsulan, “Radi tebih saking papan ngriki wonten
pancuran ageng ingkang toyanipun wening, mangga kula dhèrèkaken Ki Ageng.” Ki
Ageng nuli tindak ngupadi dunungé banyu kuwi, didhèrèkaké sawetara pawongan.
Tekan papaning banyu Ki Ageng énggal nindakaké wudlu.
Solahé sarwa sarèh, ing
pamrih supaya digatèkaké sing padha ndhèrèkaké. Rampung wudlu, tumuli bali ing
papan sakawit. Ki Ageng tetanya manèh ing ngendi pernahé kéblat Kulon. Para kawula
Garung saur manuk nggoné wangsulan sarwi anuding tudhuh arah, “mrika, Ki
Ageng.” Ki Ageng lon-lonan nglukar jubah, jinèrèng ing sangarepé nggoné
jumeneng,tumuli miwiti shalat Luhur nganti rampung. Wong -wong padha nggatèkaké
apa kang lagi ditindaké Ki Ageng. Akèh kang padha nggumun, Ki Ageng kuwi lagi
perlu apa?Ki Ageng mangertèni yèn tansah dadi kawigatèné para wong-wong mau,
nanging api-api ora pirsa. Sawisé rampung anggoné nindakaké shalat, Ki Ageng
banjur ndongèng lelakoné para nabi anggoné olah tetanèn. Kaya ta caritané Nabi
Yusup kang nandur gandum. Sajroning olah tetanèn Nabi Yusup ora lali tansah
nindakaké shalat, kang perluné manembah lan nyuwun marang Gusti Allah supaya
tandurané bisa subur lan kinalisaké saka aa tanduran. Akèh para tani kang padha
kepranan marang dongèngé Ki Ageng, kang ya pinter crita. Mula wong-wong Garung
sithik mbaka sithik tumuli nulad apa kang ditindakaké Ki Ageng. Temahan
suwéning suwé kawula ing Garung padha ngrasuk agama Islam.Dadi kaya mangkono
kuwiluwih dhisik ngagem cara mulang carané olah tetanèn. Kabèh ditindakaké
kanthi lon-lonan manut kadiwasaning kawula. Sawisé sawatarasasi nggoné
wong-wong Garung ngolah tetanèn wiwit katon asilé. Apa kang tinandur thukul
subur. Kahanan iki saya amimbuhi rasa tresna tumrap wong Garung lawan Ki Ageng
kang wus paring kawruh tetanèn. Mula wong-wong Garung tansah ngagungaké Ki
Ageng.Ki Ageng Makukuhan cinegat grombolan Branjang Alas
Ki Ageng wus kalampahan ngislamaké Garung. Sawisé sawatara dudunung ing
Garung Ki Ageng nuli nerusaké laku. Tindaké didhèrekaké Ki Beo. Nalika tindaké
tekan Kabuk, dumadakan ana grombolan kang kondhang kawengasané ing wewengkon
kono. Grombolan iki wataké kejem lan ora wegah gawé papati. Tetuwaning
grombolan aran Branjang Alas. Kabèh andhahané Brangjang Alas racak-racak
praènané serem.Branjang Alas nggetak kanthi swara sora supaya Ki Ageng mudhun
saka gigiring kuda. Nanging Ki Ageng ora kersa mudhun, sadurungé gelem
mangsuli pitakonan. Branjang Alas saya nesu. Wekasan Ki Beo mudhun saka
tumpakan lan genti nantang Branjang Alas. Ora suwé Ki Beo gelut mungsuh
Branjang Alas. Jroning perang kuwi Branjang Alas mati. Weruh tutuwané
mati, para andhahan padha mlayu salang tunjang ngungsi urip. Branjang Alas
dikubur ing Kabuk kono. Ki Ageng mbacutaké tindak tumuju Tlahap. Tekan dalan
péngkolan tindaké di adang sawatara nom -noman kang ora seneng marang Ki Ageng.
Ngadhepikedadéan iki Ki Ageng malah nyapa kanthi ulat manis marang para
nom-noman iku. Kanthi nuding salah siji kang awaké katon santosa, Ki Ageng
paring sasmita. Nanging nom-noman kuwi malah lon-lonan nyedhak banjur nyuwun
pangapura. Sabanjuré kanca-kancané uga mèlu nyuwun ngapura.
Ki Ageng Kedu & Sam Po KongKi Ageng kalakon kanthi sukses syiar agama
srana olah tani mbako lan pari, mliginé pari cempa lan rajalélé ing Mbalongan.
Datan suwe kabar Ki Ageng lumembar saindenging kadipaten, nganti tekan ing
Kudus. Nalika samana Sunan Kudus kang nyekel panguwasa. Sunan Kudus kuwi wong
kang sekti mandraguna. Sunan Kudus karsa nimbali Ki Ageng (Ma Kuw Kwan) supaya
atur palapuran mring benering pawarta sawusé dadi naubah ing Kedu. Karana Ki
Ageng rumangsa purwané dadi santri Kudus mula nedya sowan.
Ki Ageng tindak pribadi tanpa kanthi kaya adaté, mung ngasta pitik jago
ireng mulus klangenané. Ing batin jago kuwi nedya didu klawan jagoné Sunan
Kudus, awit Ki Ageng ya wis pirsa yèn Kudus uga remen adu jago. Ki Ageng
tindaktanpa tunggangan, mabur. Kasekten kuwi paringané Ki Jenggot Putih lan
Sunan Kalijaga. Patrapé kang mangkono sayektiné mung nedya pamèr.Ing ing
pendapa masjid ana patemon, ing antarané ponakané Sam po kang aran Te Lieng
Sieng lan para santri. Ki Ageng prapta papan kono, mabur ngubengi masjid. Weruh
patrapé Ki Ageng, Sunan Kudus duka.
Sigra dhawuh salah siji santri kinèn nyawat tampah. Bareng Ki Ageng disawat
tampah, Ki Ageng malah nitihi tampah kasebut. Kocapa Sam Po kobong atiné, nuli
njupuk krikil kasawataké ngenani Ki Ageng. Klakon dhawah kalenggak, kecemplung
ing pecerèn kang jember. Jubah kebak blethok. Ki Ageng banget lingsem. Papan
kono saiki dadi pasar Jember, saka tembung papan jember. Ora adoh saka menara
Kudus.
Kedadéyan Ki Ageng mabur dadi kembang lambé kawula sakiwa tengen kono. Ki
Ageng banjur mapan ing Desa Gribik. Nalika samana mireng warta yen ing Desa
Glagahwangi ana adu pitik jago. Purnané adon-adon, jago Ki Ageng kasil
ngalahaké Jago Sunan Kudus. Ya saka kalangan adu jago, asmané Ki Ageng kawentar
manèh, malah antuk putri RA Sulasmi.
Pangandikané Sunan Kudus, “Saiki sira nerusna anggonmu syiar agama
ing Kedu, lan sira tak
jodhokaké kalawan RA Sulasmi. Muga -muga kabèh lalakon iki ana hikmahé.”
Kalawan RA Sulasmi patutan 4, yaiku: 1. R. Hasan Dhadhungawuk, 2. R. Hasan
Munadi, 3. Rr. Sulastri, lan 4. R. Hasan Nyatnyano.
Wafatnya Ki Ageng Kedu di Ddesa Kedu ternyata oleh pengikut dan murid-murid
Ki Ageng Kedu di wilayah pegunungan Sumbing Sindoro menjadi
rebutan mau dimakamkan
di puncak Sumbing dan puncak Sindoro yang terjadi di sungai Goleh perbatasan
antara Sumbing Sindoro dan ditengahi oleh Ki Ageng Bagelen. Perebutan inipun
ternyata dimenangkan oleh murid-murid wilayah Sumbing. Pemakamanpun
dilaksanakan murid-murid Ki Ageng Kedu di puncakSumbing. Perjalanan dari Kedu
ke puncak Sumbing ini melewati daertah Desa Ndelok dan para rombongan ini
beristirahat di sebelah Ndelok untuk minum menghilangkan haus, dan dinamakan
Ndayan. Setelah istirahat para rombongan meneruskan perjalanan menuju puncak
Sumbing sampai pada suatu tempat rombongan ini ada yang ingin buang air besar,
dan di tempat ini sekarang dinamakan Pablengan. Di desa Cepit pager gunung
merekapun juga melaksanakan sembahyang dan tempat sembahyang tersebut dinamakan
Keramat di desa dukuh Wonosari. Sampai pada suatu tempat rombongan pembawaa
jenasah Ki Ageng Kedu beristurahat dan memutuskan untuk memakamkan di punggung
puncak Sumbing, tapi dengaan kekuasaan Allah akhirnya lubang yang sudah dibuat
oleh rombongan pembawaa jenasah tidak jadi tempat untuk pemakaman Ki Ageng
Kedu. Tempat inipun sampai sekarang karena kekuasaan Allah siapa saja yang bisa
masuk ke daklam lubang ini menjadi sakti dan akan mempunyai kesaktian yang
tiada tara. Perjalanan berlanjut ke puncak Sumbing melewati watu lawang dan
berakhir pada laut pasir yang menjadi tempat peristirahatan rombongan, tetapi
karena terlalu lelah akhirnya merekapun tertidur.
Setelah bangun dari tidur mereka terkejut karena jenasah Ki Ageng Kedu
sudah tidak ada, Ki
Ageng Kedu hilang ditelan puncak Sumbing.
0 komentar:
Posting Komentar