KARAKTERISTIK TUTUK WAYANG PURWA
1. Tutuk Mingkem
bentukke tutuk mingkem neng pewayangan nggambarna tutuk sing keadanane mingkem. Umume tokoh wayang sing tutuke mingkem kuwi duweni keahliyan luwar biyasa, sing ora ora terbatas. Biyasane tutuk mingkem pasangane karo mripat liyepan lan irung wali miring. Contoh wayange : Bethara Guru, Begawan 
Abiyasa, Sang Hyang Wenang.
Tutuk Mingkem















2.Tutuk Gethetan
Tutuk Gethetan mirip kaya tutk mingkem, nanging nggunakna salitan utawa bentuk mlengkung neng pucuk mburi tutuk wayang kuwi,
biyasane kari untu sing katon secuil. Wayang sing duweni tutuk Gethetan kuwi wayang kesatriya (bagusan). Biyasane wayng sing duwe tutuk mingkem, pasangane karo mripat thelengan, liyepan, peten, kedelen, lan kadang-kadang mripat plelengan. Tutuk gethetan uga sering dipasangna karo irung wali miring lan bentulan.Contohe kaya wayang Arjuna, Bima, Sembadra, Salya, Seta

Tutuk Gethetan







3. Tutuk Gusen lan Gusen tanggung
Tutuk Gusen dibagi dadi 2, yaiku Gusen lan gusen langgung. Bentuke mirip kaya tutuk gathetan sing ditambah karo gambaran gusi (nganggo gusen tanggung), yen gusen bentukke mirip kaya gusen tanggung, nanging ora nganggo salitan, untune katon, kadang-kadang ana taringe. Contoh wayange Boma, Dursasana, Pragota, Prabawa, Sakuni, Indrajit
Gusen
Gusen Tanggung





















4.Tutuk Mesem
Tutuk mesem akeh dienggo neng gambaran tokoh-tokoh wayang sing seneng mesem. Contoh wayange kaya Nologareng, Petruk, dan tokoh Cantrik.
Tutuk Mesem











5. Tutuk Mrenges
tutuk Mrenges dienggo nganggo nggambarna jenis tutuk sing katon untu duwur lan ngisor, kadang-kadang metaring lan tutuke rada kebuka. Tokoh wayange kaya Kalamarica, Anggrisana, itu semua adalah raksasa yang bertubuh kecil.
Tutuk Mrenges











6. Tutuk Anjebar
Tutuk Anjebar mirip kaya tutuk mrenges, yaiku pada-pada katon untu duwur lan ngisore, nanging tutuke luwih kebuka, untune cilik lan taring. Contoh wayange kaya Anoman, Sobali, Anggada.
Tutuk Anjebar
















7. Tutuk Ngablak
Nggambarna wayang sing keadanane kebuka amba, karo untu sing gedhe lan taringe dawa. Contoh wayang raksasa kaya Pancatnyana, Niwata Kawaca, Surairimantra.
Tutuk Ngablak


Category:

0 komentar:

Posting Komentar