Tegese Ana Dina Ana Upa, Ora Obah Ora Mamah
            Tegese yaiku angger gelem nyambut gawe apa wae kanthi tumemen saben dinane, wis mesthi bakal antuk pangan (rejeki). Ing tanah Jawa dhek semana, paribasan iki prasasat dadi jimate wong cilik ongkak-angkik, pidak pedarakan, sing uripe tansah kecingkrangan. Saben dina kaya mung nunggu tetesing grimis ing mangsa ketiga. Mangkono mau jalaran urip ora duwe gaman babar pisan, kejaba tangan lan sikil. Mula, anggone golek pangupajiwa , piyandele iya mung tenaga. Kasar alus ditandangi, sing baku antuk berkah, bali ngomah ana sing diliwet.
                 1.      Ana dina ana upa mujudake keyakinan utawa kapitayan menawa rejeki iku wis diatur dening Gusti Kang Maha Murah. Tegese, saben dina kita mesthi diparingi, disedhiyani, lan sangkan paran asale. Dene werdine ora obah ora mamah mujudake pepeling rejeki paringane Gusti Allah ora mung gumlethek, kari nyandhak utawa nyawuk. Nanging kabeh mau kudu disranani kanthi obahing awak lan mubenge pikir. Gampange rembug yaiku wong iku kudu nyambut gawe.

                 2.      Wong cilik, sugih miskin, kabeh diparingi rejeki dening Gusti Allah. Nanging, rejeki mau kudu digoleki, ing ngendi papane rejeki, kepriye ngertine, kepriye iguh pertikele, lan sateruse. Tanpa gelem mbudidaya, apa maneh tumrap wong cilik sing kepetung sekeng, bisa wae yen lagi apes sing jeneng upa saelas bisa ora kesasaban nganti pirang-pirang dina.
Category:

0 komentar:

Posting Komentar