Alfabet huruf jawa (dentawyanjana)
Dentawyanjana saking tembung Denta = untu, wyanjana = aksara; dentawyanjana salugunipun ateges aksara untu, lan limrahipun dipuntegesi carakan. Namung dentawyanjana lajeng dipuntegesi urut-urutanipun aksara Jawa wiwit saking (ha) dumugi (nga), ingkang cacahipun sedaya wonten 20 (kalih dasa), inggih menika :
HA           NA              CA               RA                 KA



  DA                 TA                SA               WA              LA  



PA             DHA         JA               YA           NYA 



      MA                GA              BA             THA             NGA



Tuladha :
TULADHANIPUN DENTAWYANJANA



Nulis huruf jawa menika boten ngginaaken spasi antawis tembung kaliyan tembung sanesipun. Panggonan tulisan huruf jawa menika ing kertas ingkang wonten garis, kudu nulis sangisoripun garis menika. Kaidah kasebat boten sami kaliyan kertas ingkang boten wonten garisipun.
Ing daerah ngginaaken dialek “O” menika miring nanging dipuntulis kangge huruf jawa menika jejeg. Tulisan huruf jawa menika dipuntrepaken kaliyan basa dialek “A”, jejeg.
Tuladha :




Perangkatipun huruf jawa menika dentawyanjan, pasangan, sandhangan, pada, angka, huruf murda, huruf rekaan, huruf swara.
Aksara ingkang cacahipun 20 (kalih dasa) ing nginggil menika ingkang tasih wetah dipunwastani aksara legena (legna), tegesipun aksara ingkang tasih wuda, dereng mawi sandhangan. Wondene aksara ingkang wonten ngandhapipun utawi sisih tengenipun dipunwastani aksara pasangan.
A. Pasangan
Pasangan aksara Jawi utawi dentawyanjana menika wujudipun wonten 6 (nenem), inggih menika :
1.     Aksara wetah, cacahipun wonten 4 (sekawan), inggih menika :
RA                    YA                        GA                  NGA

Kaserat wonten sangandhapipun aksara ingkang dipunpasangi boten dipun-gandheng.
Tuladha :

2.     Aksara tugelan ingkang dipunserat wonten sawingkingipun aksara ingkang dipunpasangi, lan cacahipun wonten 3 (tiga) inggih menika : ha, pa, sa.
HA                    PA                    SA
Tuladha :
3.    Aksara tugelan ingkang kaserat wonten sangandhapipun aksara ingkang dipunpasangi, boten kagandheng. Manawi karaketan/ kagandheng sandhangan suku utawi wyanjana (cakra, keret, pengkal) pasangan dados wetah lan cacahipun wonten 3 (tiga) inggih menika :
KA                          TA                                        LA
Tuladha :
4.   Aksara tugelan ingkang kaserat wonten sangandhapipun aksara ingkang dipunpasangi, saged kagandheng utawi boten, cacahipun wonten 3 (tiga) inggih menika : pasangipun dha, tha, ba.
DHA                THA                      BA
Tuladha :
5.    Anggadhahi wujud (dhapur) piyambak lan panyeratipun dipun-gandheng kaliyan aksara ingkang dipun-pasangi, lan cacahipun wonten 3 (tiga), inggih menika : wa, na, nya. 
WA                        NA                             NYA
Tuladha :
6.   Anggadhahi wujud (dhapur) piyambak ingkang penyeratipun dipun-gandheng kaliyan aksara ingkang dipunpasangi, lan cacahipun wonten 4 (sekawan),inggih menika : ca, da, ja, ma.
CA                 DA                    JA                    MA
Kajawi kangge pasangan ca lan ja menika ngginaaken dentawyanjana “nya”
Tuladha :




 











Category:

0 komentar:

Posting Komentar