WIRATAPARWA
 a. Dolanan judi sing pertama
     Pandhawa sing ora bisa dikalahna karo cara perang, nanging kudu cara tipu muslihat. Katurunan Kurawa sing luwih cerdhik dolanan judi (dadu) langsung nantang Yudhistira sing ana ning Indraprasta. Sebenere Ydhistira ora sarujuk karo saran Kurawa sing disampekna dening Widura.
   Esuke Pandhawa mlebu panggonan judi neng Hastinapura. Yudhistira sing kalah dolanan judi karo Kurawa. Yudhistira mertaruhna gajah, kreta, jaran, budak lanang lan wadon. Dheweke kedorong nepsune, akhire mertaruhna sapi, Dropadi, adi-adine lan awakke dhewek, nanging tetep bae kalah. Dewi Dropadi sing dadikna budak dening Duryudana.
     Kurawa lakukna Dropadi semena-mena. Dussasana pan nlanjangi Dropadi nanging lelakone malah nggawe heran, marga Hyang Wisnu mbantu Dropadi. Kain sing pan ditarik Dussasana ben awakke Dropadi katon, Hyang Wisnu langsung ngrubah kaine sing ora duwe pucuk. Kain sing ditarik kuwe ora bakal enteng-enteng tetep bae nutupi awakke Dropadi.
     Destarata ora tega karo Dropadi, akhire dheweke ngein loro kepenginan sing bakal dikabulna dening Destarata. Loro kepenginane Dropadi yakuwe Pandhawa lan liya-liyane kudu dibebasna. Kebijakane Destarata, kesugihan sing pernah dadi alat taruhan ning judi dibelekna maning ning Pandhawa.
      b. Dolanan dadu sing keloro
Duryudana nantang Pandhawa dolanan dadu (judi) sing ke loro. Sing biasane dadi alat taruhan kuwe kesigihan, nanging diganti karo hukuman. Hukuman sing kalah dolanan judi, 12 taun diasingna ning hutan, setaun kudu umpetan ning negeri liya utawa nyamar, nanging yen penyamarane diweruhi dening sing menang, hukuman kuwe kudu diulang maning. Duryudana sing iri karo Pandhawa, marga kabeh kekuwasaane Destarata diwekena Yudhistira.
   Pandhawa kalah dolanan judi. Pandhawa padha nyamar dadi macem-macem. Pandhawanawarna jasa marang Matsyapati, raja Wirata, nanging Pandhawa bakal nyamar, nyamar sekan namane, gaweane, lan wujude. Yudhistira nganggo nama samaran Kangka, sing pinter dolanan Caturangga. Bhima sing nganggo nama samaran Ballawa nyamar dadi guru masak lan ahli gulat. Arjuna nganggo nama samaran Werhannala nyamar dadi sida-sida sing ngajar musik lan tari marang para putri sing ana ning kerajaan Wirata. Nakula nganggo nama samaran Granthika nyamar dadi nyetir kreta jaran lan ngrawat jaran uga. Sadhewa nganggo nama samaran Tantipala, nyamar dadi gembala sapi lan kebo. Lan Dewi Dropadi nyamar dadi pelayane ratu Sudesan, nganggo nama samaran Serandhri.
      Kelakuwan Kicaka, mentri raja sing duweni watak ora apik marang Dropadi, nggawe Bhima murka lan langsung mbunuh Kicaka. Pas kuwe uga para kurawa lagi goleti Pandhawa.  
     Susarma, raja Trigarta nyerang negara tetangga, yaiku negara Wirata. Kurawa uga melu nyerbu negara Wirata. Raja Wirata lan prajurite ngadhepi penyerbu. Raja Wirata sing awale ditangkep karo Susarma, nanging Pandhawa mbebasna Matsyapati. Uttara putrane raja Wirata sing langsung maring panggonan perang karo Arjuna, kewedinan. Kemudi kreta sing awale dicekel Arjuna diganti karo Uttra, lan Uttara sing ganti dadi kemudi kreta kuwe. Kurawa wis paham yen sing bakal diadhepi kuwe Arjuna.
Kurawa nyusun strategi perang, siji lawan siji. Kerpa lan Drona, Aswathama lan Karna, Bhisma lan Duryudhana. Arjuna sing mbius para musuhe nganggo panah Wiwohana. Lan para Kurawa lan sekan kerajaan Trigarta kalah.
     Arjuna ngongkon Uttra balik maring negerine, ben katone Uttra sing ngalahna para penyerbu kuwe. Akhire Uttara balik maring Wirata. Dheweke dianggep dadi pahlawan.  
Sawise telu dina, Pandhawa nongol nganggo pakean Ksatriya. Raja Matsyapati ndesak Yudhistira manjat tahta, lan Arjuna karo Uttari mbojo, nanging Arjuna nolak. Akhire Uttari karo Abimanyu, anakke Arjuna.


Category:

0 komentar:

Posting Komentar