Matine Kresna
            Sawise perang Baratayuda, pas upacara bakar mayat para Kurawa sing uwis mati, kabeh anak mantune Gandari (ibune para Kurawa) dadi janda lan nangisi neng ngarepe mayat para Kurawa. Pandhawa dikancani Kunti lan Kresna teka acara bakar mayat, ditekani rakyat sing sedih amarga ditinggal mati para kadang neng perang. Kresna sing ngibur Gandari “menapa ibu nangis ?
kiye donya bu, ibu ya bakal ninggalna donya kiye, banjur menapa ibu nangis ?” Gnadari mangsuli “yen kwn ora rencanakna perang kiye, lare-larene enyong bakal urip, ora mati kaya kiye.” Kresna mangsuli maning “perang nganggo negakna dharma kwe ora bisa dicegah, apa sing aku lakoni, aku cuma dadi alate.” Banjur Gandari ngomong “paduka kwe taraka brahma, yen paduka ngendaki, paduka bisa ngrubah pikirane Kurawa lan Pandhawa tanpa nganggo peang.” Kresna mangsuli “ben kabeh donya bisa weruh lan narik pelajaran sing perang kwe.” Banjur Gandari ujar “anggota keluargane enyong sing ancur neng ngarepe enyong dewek, anggota keluargane paduka bakal ancur neng ngarepe paduka dewek.” Kresna ngguyu lan mangsuli, “moga kaya kwe.” Kresna nrima sumpah kwe. Deweke pengin nunjukna yen kekuatan moral kwe duwen nilai neng kehidupan dan kekuatan kwe kudu diakui anane. Kresna mimpin Wresni, Andhaka, lan Yadawa neng Mathura-Dwaraka (Dwarawati).
          Yudhistira dadi raja, donya kiye uwis manjing jaman kaliyuga utawa jaman kegelapan. Yudhistira uwis weruh tanda-tanda alam sing medheni. Yudhistira ngrasakna bakal teka kajadian sing ora apik. Kresna pada bae ngrasakna, ngarasakan yen kejayaan wangsane bakal bubar, sabab Kresna weruh rakyat Wresni, Yadawa, Andhaka uwis dadi wong sing sombong, seneng nginung-nginungan nganti mabok.
          Sawijing dina, Narada lan para Resi teka maring Dwaraka. Pemuda Dwaraka pada jail, ngrencanakan ora apik nganggo permaina para Resi. Pemuda-pemuda kwe dandani Samba (putra Kresna lan Jembawati) didandani kaya wadon, ngango busana wadon lan diarak keliling kota, banjur diadepna marang Resi sing lagi neng Dwaraka, salah siji pemuda kwe ujar “wong kiye permaisuri Sang Babhru sing terkenal saktine.  Para resi sing pinter, sakti lan duweni pengetahuan sing tinggi. Pada bisa ngerti ora, apa sing bakal dilairna ? Bayi lanang apa wadon ?” Para resi sing uwis ngerti yen dipermaina dadi sewot lan ngomong “womg kiye Sang Samba, keturunane Kresna. Kae ora bakal nglairna bayi lanang utawa wadon,  nanging ngalirna senjata mosala sing bakal ngancurna kowen-kowen kabeh !” (mosala = gada)
          Kutukan salah siji resi dadi kenyataan. Samba nglairna gada wesi sing wetenge. Perintahe raja Ugrasena yaiku ngancurna senjata kwe nganti dadi serbuk. Bagian senjata ana sing angel diancurna dadine nyisakna potongan wesi cilik-cilik. Sawise senjata kwe diancurna, serbuk lan serpihane dibuang neng laut. Baladewa lan Kresna nglarang wong nginung arak. Legendane yen serbuk-serbuk kwe tumbuh sing bentuke rumput neng sekitar pante, nanging duweni godong sing tajem kaya pedang. Potongan cilik sekan godong tajem mau dipangan iwak, iwak kwe ditangkep nelayan, lan nelayan didol maring pemburu. Pemburu sing lagi mbeleh wetenge iwak mau, jebule nemu potongan wesi cilik, banjur potongan wesi mau ditempa dadi busur panah.
          Sawise senjata sing dilairna Samba, Bethara Kala utawa dewa maut teka, kwe bakal ana pertanda sing ora apik. Sarane Kresna, para Wresni, Yadawa, lan Andhaka nglakukna pardalanan suci maring Prabhasirtha, lan kae pada langsungna upcara neng pinggir pante. Neng pante, oara Wresni, Andhaka, lan Yadawa ora bisa ngilangna kebiasaan ora apike ya kwe nginung arak sampe mabok. Pas keadaane lagi mabok, Setyaki ngomong, “Kertawarma, kesatriya macem apa kwn kwe ??! pas Baratayuddha disit, kowen uwis mbunuh para putra Dropadi, termasuk Drestayumna lan Srikandi pas keadaane lagi turu. Perbuatan macem apa sing kowen lakukan eh ??!!” Ujare langsung disambut tepuk tangan dening Pradyumna, sing artine yen Pradyumna serujuk karo pendapate Setyaki. Kertawarma sewot lan ngomong, “kowen ya pada bae kejem, mbunuh Burisrawa sing ora nyekel senjata, sing lagi ninggalna medan perang nganggo mulihna tenaga.”
          Sawise pada bae ngeceh, Setyaki lan Kertawarma gelut. Setyaki jukut pedang banjur menggal sirahe Kertawarma neng ngarepe Kresna. Weruh Setyaki lan Kertawarma gelut, para Wresni sewot banjur nyerang Setyaki. Putrane Rukmini dadi sewot, banjur mbantu Setyaki. Uwis suwe loro kesatria perang, banjur kesatria loro kwe mati neng ngarepe Kresna. Kabeh uwong gelut siji lawan siji, nggunakna senjata apa bae, salah sijine taneman eruka sing urip neng sekitar panggonan kwe. Pas dicabut, godong taneman mau rubah dadi senjata sing tajeme kaya pedang. Senjata mau digunakna nganggo saling mbunuh keturunan Wresni, Andhaka, lan Yadawa. Ora peduli kanca apa musuh, bapa marang anake spada bae mbunuh, anehe laka siji uwong sing ninggalna panggonan kwe. Nganggo matane dewek, Kresna weruh lan merhatikna rakyate digerakna dening takdir kehancuran. Kresna nahan sedih, akhire Kresna nyabut segenggam suket Eraka lan ngubah dadi dadi senjata sing bisa mledhak kapan bae. Sawise putra lan kanca-kancane mati, Kresna mbalangna senjata sing ana neng tangan marang para Wresni lan Yadawa sing lagi gelut. Senjata kwe mledhak lan akhire mati kabeh.
          Akhire keturunan Wresni, Andhaka, lan Yadawa mati kabeh neng Prabhasatirtha, lan lan disaksikna dning Kresna. Cuma wong wadon lan ksatria sing esih urip, kaya Babhru lan Bajra. Kresna bisa nyingkirna kutukane Brahmana sing ngakibatna wangsane ancur, nanging Kresna ora bisa ngubah kutukane Gandari, Kresna ngerti yen laka sing bisa ngalahna wangsa Wresni, Andhaka, lan Yadawa kajaba deweke kabeh. Wangsa Wresni, Andhaka, lan Yadawa uwis wiwit seneng mabok-mabokan sahingga bisa ngancurna Bharatayarsa sing uwis ngadeg jejeg. Sawise deleng ancure wangsa Wresni, Andhaka, lan Yadawa nganggo matane dewek, balarama lunga marang hutan, tinimbang Kresna ngirim utusan maring kota para kuru, nganggo nempatna wadone Dwaraka lan Dwaraka neng ngisore peelindungan Pandhawa. Babhru dikongkon nganggo lindungi wadon sing esih urip lan Daruka dikongkon nganggo ngein ngerti para keturunan kuru yen wangsa Wresni, Andhaka, dan Yadawa uwis ancur neng adepane Raja Yudistira neng Hastinapura.
          Kresna maring hutan lan Balarama ngenteni Kresna. Kresna nemukna kakange lagi jagong neng ngisore wit gedhe pinggir hutan, deweke jagong kaya wong petapa. Banjur Kresna weruh ula gedhe metu sekan cangkeme kakaknge , yaiku naga sing duwe endhas sewu jenenge Ananta, lan mabur tumuju laut sing ana naga lan dewa teka kumpul nganggo nemoni Ananta.
Neng Bhagawatapurana dikisahna sawise Baladewa jukut bagiane neng pertempuran sing nyebabake ancur Dinasi Yadu. Sawise Baladewa betapa neng ngisore wit lan ninggalna donya karo metokna ula putih sing gede sekan cangkeme, banjur bakal digawa dening ula kwe yaiku sesa.
Sawise weruh dewek lungane kakange, Kresna banjur jagong neng watu ngisore wit neng Prabhasa Tirta, nganggo ngenang kabeh kejadian, deweke ngerti yen uwis saate “balik.” Banjur deweke wiwit nutup matane nganggo nglakukna yoga karo sikap Lalita Mudra. Bagean ngisor sikile dadi werna-werna.
Pas kwe ana pemburu namane Jara, sawise sedina ora olih buruan, deweke weruh sing werna abang-keabangan, deweke mikire “aah, akhire nemu buruane enyong” , deweke nahane karo panah sing sekan potongan wesi sing asale sekan senjata Mosala sing uwis diancurna banjur panah kwe diracuni. Deweke manah lan panah kwe pas kena piranti sing abang-keabangan kwe. Jara langsung mlayu maring panggonan kwe nganggo nangkep mangsane lan Jara weruh yen Kresna sing jubah kuning lagi nglakukna yoga nanging karo awake sing biri-kebiruan akibat racun sing uwis nyebar. Jara banjur nyuwun pangapunten nganggo salahe kwe. Kresna Cuma bisa mesem lan ngomong, “kasalahan-kasalahan sing kaya kwe iya jamak dilakoni manungsa. Seandene aku kwe kowen temtu aku bakal lakoni kasalahan sing salah kaya kwe. Kowen ora sengaja lakoni, aja dipikir. Kowen ora tau sedurunge aku uwis ana neng tempat kiye. Kowen ora olih dihukum ing hukum utawa moral, aku ngapuntena kowen. Aku uwis rampungan urupe enyong.”
Pas Daruka neng Hastinapura, deweke langsung ngein ngerti para keturunan Kuru yen Keturunan Yadu neng kerajaan Dwaraka uwis binasa amarga perang sodara. Ana sing esih urip. Sawise krungu kabar sedih kwe, Arjuna pami demi njenguk Kresna, dianter dening Daruka, deweke lunga tumuju marang Dwaraka.
Pas anjog neng Dwaraka, Dwaraka ngamati yen kota kwe uwis sepi. Deweke uga temu karo wong-wong tuwa, bocah-bocah, janda-janda sing uwis ditinggal mati bojone neng perang. Arjuna karo Ksatria sing kesisa banjur nggawa lunga Brahmana, Ksatria Waisya, Sudra, wadon, lan bocah-bocah wangsa Wresni, nganggo nyebarna neng sekitar Kurukshetra. Banjur Arjuna ketemu karo Kresna sing uwis lemes. Sawise nyritakna pesen marang Arjuna, Kresna mangkat (mati)
Amanat sing uwis dingein marang Arjuna, Arjuna najak para wadon lan ksatria nganggo ngunsi ke Kurukshetra, sabab miturut pesen saka Kresna, kota Dwaraka bakal disapu dening ombak samudra, pitu dina sawise Kresna mangkat. Perjalanan tumuju Kuruksherta, rombongan Arjuna dihadang dening kelompok perampok. Anehe, kekuatan Arjuna ujug-ujug ora bisa digunakna pas lawan karo perampok. Arjuna sadar yen takdir kemusnahan uwis mule. Akhire ana sebagian wong bisa dislametna nanging akeh harta lan wadon sing ilang. Di kuruksherta, para Yadawa dipimpin dening Bajra. Sawise nyeseli peristiwa sing nimpa dirine, Arjuna nemoni simbahe yaiku Resi Byasa, nasihate beliau, para Panhawa sarta Dropadi mutusna nganggo nglakoni parjalanan suci nganggo ninggalna urip ing donya.
Category:

0 komentar:

Posting Komentar