PANGERTOSAN UNGAH-UNGGUH BASA JAWA
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat
ujaran, utawi speech level (basa Inggris).
1. Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Wondene tatakrama tegesipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi solah tingkah (pangucap saha patrap).
2. Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun (pangucap saha patrap).
Sopan tegesipun mangertos lan nindakaken tatakrama. Undha usuk ing basa Indonesia tegesipun “Variasi-variasi bahasa yang perbedaan antara satu dan lainnya ditentukan oleh perbedaan sikap santun yang ada pada diri pembicara (O1) terhadap mitra bicara (O2)”.
tegesipun wujudipun tembung-tembung beda, ananging anggadhahi teges ingkang sami, upaminipun : sugeng – wilujeng; mangan – nedha – dhahar; rambut – rikma; turu – tilem – sare, lan sanesipun.
Unggah-ungguhing basa menika mujudaken adat sopan santunipun basa Jawi. Jalaran adat utawi pakulinan sopan santun, mangertos lan nindakaken tatakrama menika saged mratelakaken pribadinipun tiyang Jawi saha cirining bebrayan (masarakat) Jawi. Pamila adat (pakulinan) sopan santun menika dumadi utawi sinengkuyung saking kalih prekawis (faktor), inggih menika prekawis : 
(a)lingual utawi basa, tegesipun babagan basa ingkang kapilih saha kaginakaken (ngoko utawi krama). 
(b) Non lingual, tegesipun babagan patrap utawi tumindak rikalanipun nembe gineman utawi ngendikan; asta, pasuryan, paninggal, lan kedaling lesan kedah jumbuh kaliyan kawontenan. Karana unggah-ungguhing basa Jawi menika kaginakaken dhasaripun dimensi personal (kalenggahanipun tiyang/ priyantun ingkang kakanthi wawan pangandikan). Beda kalihan basa manca (Inggris) ingkang dhasaripun dimensi temporal (tenses utawi wekdal).
Modul Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 4
Adhedhasar kalih pangertosan menika, unggah-ungguhing basa inggih menika tiyang ingkang nindakaken sesrawungan wonten ing bebrayan agung tansah ngugemi lan lelandhesan paugeran ingkang wonten ing masarakat, saged ngungak kawontenan saha papan (paggenan) utawi empan papan. Pramila unggah-ungguhing basa menika sayektosipun kalebet prekawis milah saha milih basa wonten ing pasawungan, adhedhasar sesambunganipun (hubungan) antawisipun tiyang (priyantun) ingkang sami gineman.
Pasrawungan utawi sesambetan (hubungan) wonten ing bebrayan menika
awewaton 2 (kalih) tetimbangan, inggih menika dimensi (tataran) vertikal lan horisontal. Srawung wonten ing tataran vertikal, pamilihing basa lan tembung-tembungipun ingkang leres, jalaran ngengeti sepuh saha drajat pangkatipun ingkang kaajak gineman. Sampun ngantos dipunanggep “ora ngerti basa”, “ora duwe tatakrama”, lan “nungkak krama”. Wondene srawung ing tataran horisontal utawi dhumateng sesamining bebrayan ingkang satraju (sejajar, setimbang), pamilihipun basa lan tembung-tembungipun langkung gampil, langkung-langkung menawi umur kita sampun kathah (sepuh) lan anggadhahi drajat pangkat.

Category:

0 komentar:

Posting Komentar