Ajining dhiri dumunung ing lathi
tegese kapribadening manungsa ditemtoake dening lambene dhewe-dhewe. Dene
jlentrehe, digugu lan orane manungsa iku gumantung saka rembuge. Beda karo
ajining dhiri, ajining raga manungsa banget ditemtoake dening busana (penganggone).
1. Paribasan
iki mujudake pepeling supaya ngati-ati anggone padha ngucap celathu. Awit
tembung saklimah rong klimah sing metu saka lesan (thuthuk) bakal dirungokake
liyan. Mula sadhengah pocapan kudu diarah-arah, dijaga, lan diugemi temenan.
Tuladhane, yen kulina mencla-mencle, suwening-suwe kapitayaning liyan bakal
ilang. Yen omongane atos, nylekit, tundhone angel nyupeketake kekancan
(paseduluran) awit wong-wong bakal nduweni penganggep menawa kang kawongan
seneng nglarani atine liyan.
2. Beda
karo tembung pocapan sing gedhe pengaruhe tumrap ajining dhiri (kapribaden),
ajining raga banget gumantung saka penganggo utawa busana. Dadi, sing jeneng
busana sidane ora mung saderma kanggo nutupi ngurat (aurat), nanging uga menehi
rega tumrap sing nganggo. Tuladhane: nekani pahargyan panganten yen mung
sandalan lan nyandhang pengannggo pedinan, mesthi dibatin wong akeh. Kaya-kaya
ora ngurmati sing duwe omah, ora peduli menyang tamu-tamu liyane. Mula ora
maido yen meneng-meneng tamu kiwa tengen padha ngrasani.
0 komentar:
Posting Komentar