Miturut
para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing
Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ana
biyen-biyen, rikala isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dhewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu
kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme
sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Kira-kira
awalane tahun masehi, kaya sing dicritakake karo dening para ahli sejarah mau,
bangsa Hindu sing asale soko jazirah India akeh pada teka dadi ”imigran”
menyang Indonesia. Bareng suwening-suwe, gelem ora gelem dadekake pengaruh
kabudayan Hindu-Budha iki akhire iya bisa diterima karo dening penduduk asline
Indonesia.
Ing
sakjroning jaman kuwi, basa Sansekerta wis dienggo karo kalangan bangsawan sing
sakteruse banjur ngaruhi basa asli Jawa lan Bali. Ing kene kesenian wayang karo
bangsa Hindu dienggo wadah ngembangake lan wedharake budaya agama Hindu lewat
crita Mahabharata utawa Ramayana. Suwe-suwe kahanan kaya mangkana kuwi sing
sakbanjure ndadekake campur lan manunggale budaya asli bangsa Indonesia karo
budaya Hindu. Kesenian wayang sing budayane wis campur manunggal iki mau sing
sakteruse dadi sinebab agama hindu cepet nyebar, ngresep lan diterima ing
masyarakat Indonesia.
Mulane
ing jroning crita wayang iku akeh pranatane budaya agama Hindu.Miturut kitab
Sastra Centhini kasebutake mula bukane kesenian wayang purwo kuwi cinipta
karo dening Raja Jayabaya soko Kerajaan Kediri. Kira-kira abad 10 Prabu
Jayabaya hanyipta gawe gegambarane roh leluhure sing terus ditulisake ing
godong lontar. Gegambaran sing kaya mangkana mau akeh sing ditiru soko
gambarane ”relief” crita Ramayana, sing wis tinulis ing candi penataran Blitar.
Prabu Jayabaya ing kana mau banget katertarikane marang isine Crita Ramayana
mergo dewekne kuwi termasuk raja sing meyembah dewa Wishnu, sing uga nganti
sakprene karo masyarakat isih dipercaya Prabu Jayabaya dianggep panjelmaane lan
titisane Betara Wishnu.
Ing
jaman sakwise, yaiku jaman Jenggala kesenian wayang purwa kuwi disampurnakake
wujude karo dening Raja Jenggala Raden Panji Rawisrengga sing bergelar Sri
Suryawisesa. Sakteruse dadi apik lan indahe. Kocap cinarita terus
wayang-wayang sing wis kawujud mau banjur diklumpukake lan disimpen ing
jeroning peti ”khusus” sing ”nyeni” indah. Bebarengan karo kuwi uga diciptakake
pakem crita wayang purwa sing pagelarane dianakake setiap ana upacara-upacara
penting ing istana kerajaan lan uga didalangi dewe karo Sri Suryawisesa.
Rikala
jaman Majapahit gegambarane kesenian wayang kuwi saya luwih disampurnaake lan
dadi tambah apike, amarga wis ditambah bagian kana-kene sing disik-disikane
dadi kekurangane, terus digulung dadi siji. Wayang sing wujude gulungan kuwi,
yen dienggo pagelaran gulungane dibeber. Mulo kuwi jenis wayang sing mangkene
terus diwenehi jeneng Wayang Beber. Wiwit ono panemune wayang beber iki
kesenian wayang banjur diwedharake ngrambah metu soko lingkungane kraton. Lan
wiwit kuwi uga masyarakat saknjabane keraton bisa melu deleng keindahane
pagelaran kesenian wayang beber.
Sakbanjure
nyedaki pungkasaning jaman Majapahit, pengaruh Agama Islam wis wiwit ngrambyah
lan kawedhar ing tanah Jawa. Karo dening para wali lan sunan Kesenian wayang
kuwi uga dienggo ”media effektif” medharake ajaran agama Islam. Kahanan kaya
mangkana kuwi uga sing dadekake kesenian wayang akeh perubahan wujud sing cukup
”signifikan”, kanggo ngilangake gegambarane manungsa sing ing Agama Islam kuwi
diharamake lan uga kanggo ngilangake gegambaran sing mujudake pengaruh agama
Hindu. Ing jaman kuwi, wujude wayang di owah, digawe soko kulit lan balung sing
wujude mung kaya simbol-simbol supaya gegambarane menungsa dadi samar,
sakteruse nganti sakprene wujude wayang mung kaya lan dadi arupa
simbol-simbol wewayangan panguripane menungsa.
0 komentar:
Posting Komentar