WIDYASWARA UTAWA FONOLOGI
Tembung widyaswara kadadosan saking tembung widya lan swara. Tembung widya asalipun saking basa Jawi Kina ingkang tegesipun ilmu, wondene tembung swara tegesipun uni utawi suwanten. Suwanten ingkang karembag inggih menika suwanten ingkang tumata lan wonten tegesipun, sanes suwanten
ingkang boten tumata lan tanpa teges.
Widyaswara menika ngrembag babagan (1) suwanten ingkang saged
mbedakaken wujud lan teges (destingtif), (2) ngrembag lira-lirunipun suwanten
ingkang boten anjalari owahipun teges (alofon), lan (3) ewahipun vokal (aksara
suwanten) ing wandanipun tembung jalaran panambang tartamtu (umlaut utawi
modifikasi vokal).
A. Destingtif
Suwanten lan wujud seratanipun beda ingkang anjalari bedanipun teges (arti), ingkang beda saged vokal (aksara suwanten) utawi konsonan (katut suwanten). Suwanten ingkang anjalari tembung dados beda wujud lan tegesipun kawastanan fonem
1. Destingtif Vokal, tuladhanipun :
a. loro ‘dua’ ≠ lara ‘sakit’
b. soto ‘jenis makanan’ ≠ sata ‘tembakau’
2. Destingtif Konsonan, tuladhanipun :
a. wedi ‘takut’ ≠ wedhi ‘pasir’
b. bapa ‘bapak’ ≠ bata ‘batu merah’
B. Alofon
Inggih menika lira-lirunipun suwanten ingkang tegesipun boten ewah, vokal ingkang kalebet alofon limrahipun suwanten [i] lan [I] sarta [u] lan [ ]
Tuladha :     1. [payung] ~ [pay ŋ] [luri ] ~ [lurI ]
                    payung     payung  lurik    lurik

                   2. [kancil] ~ [kancIl]    [arit] ~ [arIt]
                       kancil       kancil         arit     arit
C. Suwanten
Suwanten inggih menika ungelipun angin (hawa) ingkang medal saking
paru-paru lan saking tutuk. Medalipun suwanten saged mawi sarana gorokan,
cethak, ilat, untu, utawi lambe; malah wonten ingkang boten mawi sarana
menapa-menapa.
Adhedhasar medalipun suwanten, fonem basa Jawi saged dipunbedakaken
dados kalih, inggih menika vokal lan konsonan.
1. Vokal (Aksara Swara)
Vokal inggih menika suwanten ingkang saged utawi gadhah uni, utawi
suwanten ingkang mungel jalaran medalipun angin saking paru-paru ingkang
kawedalaken saking salebetipun tutuk kanthi tanpa pepalang. Vokal basa Jawi
menika gunggung (cacahipun) wonten 7 (pitu), inggih menika : /a/, / /, /i/, /u/, /e/,
/ ə/, lan /o/, kados ing ngandhap menika :
2. Konsonan (Katutswara)
Konsonan menika suwanten ingkang tanpa uni utawi suwanten ingkang
dereng mungel menawi dereng kasambung/ katambah vokal (aksara suwanten).
Modul Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 17
Konsonan ing basa Jawi wonten ingkang kagolong suwanten ampang, antep,
suwanten irung (grana), lan suwanten manda-manda. Ingkang kalebet suwanten
antep, inggih menika : [b], [dh], [d], [j], saha [g]; ingkang kalebet suwanten irung
(grana, nasal/sengau), inggih menika [m], [n],[ñ]/ [ny]. [ŋ]/ [ng]. Wondene
ingkang kalebet suwanten manda-manda (semi vokal) inggih menika [w] saha [y].
Konsonan utawi aksara katut suwanten adhedhasar jinisipun saged
kaperang wonten 5 (gangsal) inggih menika suwanten lambe (lathi), untu (waos),
ilat, cethak, saha suwanten gorokan (tenggorokan).
Konsonan basa Jawi kados ing ngandhap menika :
D. Ewah-ewahipun Suwanten
Inggih menika ewahipun suwanten ing satunggaling tembung, ananging
boten ngewahi tegesipun tembung. Suwanten saged ewah jalaran :
 a) dipuntambah
suwantenipun,
b) dipunsuda suwantenipun,
c) suwantenipun dipunpindhahpanggenanipun.
1. Panambahing Suwanten
Panambahipun suwanten wonten satunggaling tembung saged dipunbedakaken dados tiga, inggih menika :
a. Protetis
Tegesipun tambahanipun suwanten ing wiwitanipun tembung lan suraosipun boten ewah.
Tuladha : bu -> ibu
mbok -> simbok
pak ->  bapak
b. Epentesis
Inggih menika tambahipun suwanten wonten satengahing tembung.
Tuladha : akasa -> angkasa
upama -> umpama
kambil -> kerambil
c. Paragog
Tambahanipun suwanten ingkang wonten pungkasanipun tembung.
Tuladha : ora -> orak
ibu -> ibuk
dudu -> duduk
2. Sudanipun Suwanten
Sudanipun suwanten (abreviasi = plutan) wonten satunggaling tembung ingkang boten ngewahi suraosipun tembung, lan saged kaperang wonten tiga, inggih menika aferesis, sinkop, apokop.
a. Aferesis
Inggih menika sudanipun suwanten wonten wiwitanipun tembung.
Tuladha : kakang ->  kang
bapak ->  pak
simbah ->  mbah
b. Sinkop
Tegesipun sudaning suwanten wonten satengahipun tembung.
Tuladha : dhuwit -> dhit
sethithik ->  sithik
njaluk ->  njuk
c. Apokop
Inggih menika sudanipun suwanten wonten pungkasaning tembung.
Tuladha : dhimas ->  dhi
kakang ->  kak
mbakyu ->  mbak
3. Gesehipun Suwanten
Suwanten saged geseh saha ewah jalaran pindhah panggenanipun lan ugi wonten ingkang suwantenipun sami. Gesehipun suwanten saged kaperang dados
kalih inggih menika :
a. Metatesis
Tegesipun ewahipun suwanten jalaran liru panggenaning suwanten, lan boten ngewahi suraosipun tembung.
Tuladha : wira-wiri ->  riwa-riwi
bejad ->  jebad
sruput -> srutup
b. Desimilasi
Tegesipun ewahipun suwanten jalaran wonten suwanten ingkang sami, kagantos suwanten sanes.
Tuladha : lara-lara -> lara lapa
rara-ireng ->  lara ireng

Category:

0 komentar:

Posting Komentar