Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing
diangge para dhalang neng pakeliran. Jenis sastra
pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, yaiku suluk pelungan utawi
murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon,
swara, lan carita.
Suluk
Suluk pelungan utawi
murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang neng wiwitan
pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jenis puisi pedhalangan. Suluk
pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri
khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten ngangge suluk
pelungan utawi murwa, bubukane ngangge janturan jejer. Conto suluk pelungan
Jawi Wetanan ing ngandhap niki pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan
Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:
Sun miwiti andhalang.
Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga
papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga bawana. Ligan
rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking
wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap
angampar....
Jenis suluk liyane
sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon menika suluk kangge nggambaraken
kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kangge nggambaraken muntabing ati.
Ada-ada suluk kangge mggambaraken kahanan ingkang mirisi.
Janturan
Janturan mangrupi
paparan cerita ngangge basa prosa utawi gancaran dhalang kangge nyariyosake
jejer utawi adhegan siji negari, kahanan panggonan, watek wayang, lan perkawis
sing dirembag ngangge iringan gamelan. Conto janturan ing ngandhap kapetik
saking "Janturan lan Pocapan Ringgit Purwo" ingkang kahimpun dening
Anom Sukatno:
Swuh rep data pitana.
Hanenggih negai pundi ta ingkang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi
linangkung, dasa sepuluh, purwa marang wiwitan. Sanadyan kathah titahing dewa
ingkang sinangga ing pertiwi, kinasongan ing akasa, kinapit samodra racak sami
anggana raras, nanging datan kadya ingkang ginupit ing dalu mangke, ingkang
sinebat Negari Hastina, inggih Gajahoya, Limanbenawi....
Pocapan
Pocapan mirip
sareng janturan nanging boten ngangge iringan gamelan, namung ngangge
iringan dhodhogan cempala. Conto pocapan ing ngandhap kapetik saking
"Serat Pedhalangan Lampahan Wirotho Parwo" anggitanipun Ki Purwadi:
Lah ing kana ta wau,
samya geder bantah binantah katungka praptaning nalendra Trigarta, Prabu
Susarma ingkang minggah ing Sitihinggil nagari Ngastina tranyak-tranyak pindha
sata ngupadi boga.
Antawacana
Antawacana utawi
gineman, yaiku caturan wayang neng sajeroning adhegan. Antawacana sami kaliyan
dialog neng drama, bentene dialog drama dicaturake tiyang kathah, nanging
antawacana dicaturaken dhalang piyambak. Kangge antawacana wayang, dhalang
kedhah saged ngolah wanda swarane supados benten kaliyan caturan wayang-wayang piyambak-piyambak.
Bentenipun wanda swara wonten ing basa lesan; kangge basa tulis dipun
bentenaken ngangge nami wayang lan logat caturan tulisane.
KRESNA: Eladalah, Yayi,
Yayi Setiaki.
SETIAKI: Kula nun.
KRESNA: Kakang Patih
Udawa.
UDAWA: Lo, lo, lo,
Hahahah… pun kakang Patih Udawa.
Lelagon
Lelagon mangrupi Tembang sing biasane
ditembangke Pesindhen utawi
waranggana lan wiraswara. Nanging lelagon ugi kalebet rumpaka dhalang yaiku,
lelagon sing diangge neng limbukan utawi dagelan. Panakawan biasane guyonan
sareng lelagon. Sekar-sekar sing kulina diangge neng gara-gara kathah jenise,
wiwit saka sekar-sekar klasik ngantos lagu-lagu modern.
Swara
Saliyane suluk,
janturan, antawacana,lan lelagon, sastra pedhalangan ugi ngangge swara kangge
nyarengi sabetan neng adhegan bandayuda okol begalan pati. Swara saged mangrupi
sautan, adhuhan, lelaran lan onomatopia. Swara neng adhegan bandayuda pakeliran
wayang dados luwih rame lantaran diiringi ngangge gamelan sing saluyu kaliyan
adhegane. Ewadene swara neng basa tulis saged ngangge teknik tatatulis komik.
Conto swara basa tulis neng andhap dicatet saka Lakonet garapan Ki
Harsono Siswocarito:
“Khhk-cuah! Buta
edan!”—(Clap!)—“Ciiaatt!”—(Jder!) Adujotos atos! (Bet!)—“Hih!”—(Dez! Dig!
Bugh!)—“Hegkh!”—(Bruk!)
“Ayo ngadheg, Dewa!” +
“D-du-uh… tob-ba-at….”
Didupak galak!
(Brak!)—“Aakkhh!”
“Ayo maju, Dewa!” +
“Wani karo Brama?” + “Brama? O, iki jago Deksinapati: Dewa api kok kakubeku?
Ayo maju! Heaah!”—(Clap!) Serbutinju (Bugh!) dupakgalak (Blak!)—“Rasakena
dewa—heaah!”—(Blar!) keplaktelak! “Tobaatt!”
Carita
Carita sastra
pedhalangan saged kaimpun ing carita pakem, gubahan, lan carangan. Carita pakem
yaiku carita sing saluyu sareng kitab-kitab pawayangan kados Mahabharata, Ramayana, Pustaka Rajapurwa, lan
liya-liyane. Carita gubahan yaiku carita ingkang sampun dipun rekacipta saluyu
sareng jamane. Carita carangan mangrupi carita gagrag anyar sing anggitane
saluyu sareng sastra pedhalangan gagrak anyar.
Tamtu sastra pedhalangan
luwih maneka warna. Ing Tatar Sunda wonten Wayang golek gaya Bandung, gaya
Bogor, sareng gaya Cirebon. Ing DKI wonten gaya Betawi. Ing Jawa Tengah wontenWayang Kulit gaya Surakarta, gaya
Yogyakarta, sareng gaya Banyumas. Ing Jawa Timur wonten gaya Jawi Wetanan. Ing
luwar Jawa, wonten wayang kulit gaya Bali, gaya Banjar neng Kalimantan, gaya
Sasak neng Nusa Tenggara. Sedaya punika dados tandha kabinekaanipun sastra
pedhalangan Indonesia.
0 komentar:
Posting Komentar