1. Arti Upacara Ruwatan
Ruwatan
kui kasil saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni. Dene Upacara
Ruwatan kui duweni teges ngresiki, lan nyuceakake menungsa saka kasusahan batin
kanthi nyenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon
“Murwa Kala”.
Ruwatan
iku salah sijining upacara adat Jawa sing tujuane kanggo bebasake manungsa,
utawa wilayah saka anceman bahaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine donga,
nyenyuwun perlindungan marang Gusti Allah saka anceman bahaya-bahaya umpamane
bencana alam lan liyane, uga donga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan sing
wis dilakoni, sing isa nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake
sial.
2. Asal-Usul
Upacara
Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala
utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, kala artine bencana. Dadi,
Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake babagan asal usul
lahire raseksa jenenge Kala.
Wektu
kui Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma. Mabur ning
dhuwur samudro numpak lembu Andhini. Bathara Guru ora bisa nahan nafsu,
kepengen dadi siji marang Dewi Uma. Nanging Dewi Uma ora gelem. Akhire wenihe
(sperma) Bathara Guru tiba ning donya, lan malih dadi makhluk sing gedhe, yaiku
raseksa. Raseksa kui mau mabur ning kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara
Guru. Bathara Guru ngakoni menawa kui putrane, lan raseksa kui dijenengke
Bathara Kala. Kala takon karo bapake, menungsa sing koyo piye sing ethuk dadi
pakanane. Bathara Guru njawab, yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku
sing duweni nasib sial amarga lairane utawa menungsa sing duweni dosa. Kala
medhuk menyang donya lan nggoleki mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing
kalebu anak sukerta kuwi akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungsa ning
donya bakal enthek dipangan Kala. Akhire Bathara Guru nduweni syarat kanggo
anak sukerto menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganaake upacara
Ruwatan. Lan Kala bakal bali ning asale menawa disangoni sesaji.
Amarga
kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganaake upacara Ruwatan kanggo anak
sukerto, kanggo ngusir Bathara Kala. Upacara Ruwatan nganggo nanggap wayangan
sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji kanggo sangu Bathara Kala lunga
menyang panggonane.
3. Tujuan
Ruwatan
iku tujuane kanggo mbalekake neng keadaan sedurunge, maksude keadaan saiki sing
kurang apik dibalekake neng keadaan sedurunge sing apik. Tujuan liya ruwatan
yaiku bebasake wong utawa barang utawa desa saka anceman bencana sing
kamungkinan bakal kedadiyan dadi isa dianggep yen upacara adat iki sejatine
kanggo tolak bala utawa buang sial.
4. Jenise
Ruwatan
a. Ruwatan
kanggo awake dewe
Ruwatan
kanggo awake dewe kui nduweni tujuan kanggo ngresiki salah siji uwong sing dianggep
bakal sial, utawa wis gawe dosa. Biasane mung ditebus nganggo mertapa, poso,
utawa nganaake slametan.
b.
Ruwatan kanggo lingkungan
Ruwatan
sing kanggo lingkungan, upamane omah. Tujuane :
1. Nguwenehi
pager ghoib kanggo nahan, nolak, lan mindahake apa wae sing asipat negatif sing
ono ning omah kui, utawa sing arep mlebu ning moah sing diruwat. Biasane
nganggo tumbal (sesaji) sing diperluake.
2. Nguwenehi
pager ghoib, supaya uwong sing duweni niat ala ora bisa mlebu ning omah kui.
3. Nguwenehi
pager ghoib kanggo nggurung utawa nolak setan.
c. Ruwatan
kanggo daerah
Ruwatan
Daerah iku kanggo nolak bencana utawa bahaya ning daerah. Biasane nanggap
wayang purwa sing dilakoni wayah bengi. Tujuan liyane yaiku dedonga supaya
daerah kang diruwat kui makmur, ayem, lan tentrem.
5. Anak
Sukerta
Miturut
kepustakaan ” Pakem Ruwatan Murwa Kala “ Javanologi gabungan saka pirang-pirang
sumber, antarane saka Serat Centhini ( Sri Paku Buwana V ), uwong sing kudu
diruwat kui jenenge anak utawa uwong ” Sukerta ”. Sing kalebu anak Sukerta
yaiku :
1) Ontang-Anting,
yaiku anak tunggal lanang utawa wedhok.
2) Uger-Uger
Lawang, yaiku anal loro lanang kabeh.
3) Sendhang
kapit Pancuran, yaiku anak 3 sing mbarep lan ragil lanang lan anak sing kaping
loro wedhok.
4) Pancuran
Kapit Sendhang, yaiku anak 3, sing mbarep lan ragil wedhok lan anak sing nomer
loro lanang.
5) Anak
Bungkus, yaiku anak sing lahir kebungkus karo placenta.
6) Anak
Kembar, yaiku anak loro sing lair bareng, lanang utawa wadon kabeh, utawa
“kembar dampit” yaiku kembar siji lanang siji wedhok.
7) Kembang
Sepasang, yaiku anak loro wedhok kabeh.
8) Kendhana-Kendhini,
yaiku anak loro, siji lanang siji wedhok.
9) Saramba,
yaiku anak lanang kabeh, cacahe 4.
10) Srimpi,
yaiku anak wedhok kabeh, cacahe 4
11) Mancalaputra
atau Pandawa, yaiku anak 5 lanang kabeh.
12) Mancalaputri,
yaiku anak 5 wedhok kabeh.
13) Pipilan,
yaiku anak 5, sing 4 wedhok, lan sing siji lanang.
14) Padangan,
yaiku anak 5, sing 4 lanang, lan siji wedhok.
15) Julung
Pujud, yaiku anak sing lair pas matahari angslep.
16) Julung
Wangi, yaiku anak sing lair pas matahari njedul.
17) Julung
Sungsang, yaiku anak sing lair pas jam 12 awan.
18) Tiba
Ungker, yaiku anak sing lair, terus mati.
19) Jempina,
yaiku anak sing mati pas umur 7 sasi ning weteng.
20) Tiba
Sampir, yaiku anak sing lair kalungan usus.
21) Margana,
yaiku anak sing lair pas perjalanan.
22) Wahana,
yaiku anak sing lair ning ngarep omah utawa ning latar ngomah.
23) Siwah
atau Salewah, yaiku anak sing lair duweni 2 macem werna kulit, ireng lan putih.
24) Bule,
yaiku anak sing lair duweni kulit koyo bule.
25) Kresna,
yaiku anak sing lair duweni kulit ireng.
26) Walika,
yaiku anal sing lair prematur utawa cilik banget.
27) Wungkuk,
yaiku anak sing lair duweni geger sing bengkok.
28) Dengkak,
yaiku anak sing lair duweni geger sing nonjol, koyo geger onta.
29) Wujil,
yaiku anak sing dilairke cebol.
30) Lawang
Menga, yaiku anak sing dilarke pas anane “candakala” yaiku langit sing katon
abang.
31) Made,
yaiku anak sing dilairke ora nganggo lambaran/kloso.
32) Uwong
sing ngliwet, ngebrukke ” Dandhang “ (wadah sing kanggo ngliwet).
33) Mecahke
” Pipisan ” lan nugelke ” Gandik “ (landesan lan watu sing kanggo ngaluske
bumbu).
34) Uwong
sing manggon ning omah sing ora enek ” tutup keyonge “
35) Uwong
sing bobok ning dhuwur kasur ora ngganggo sprei (sing dinggo nutup kasur).
36) Uwong
sing nggawe pajangan utawa hiasan ora nganggo samir utawa godhong gedhang.
37) Uwong
sing duwe lumbung pari utawa kopra sing ora nganggo alas lan payon.
38) Uwong
sing delehake barang ( dandhang misale ) ora dikei tutup.
39) Uwong
sing nggawe kutu sing ijeh urip.
40) Uwong
sing ngadhek ning tengah lawang.
41) Uwong
sing ndodok ning ngarep lawang.
42) Uwong
sing songgowang.
43) Uwong
sing senengane ngobong kulit bawang.
44) Uwong
sing nggatukke barang siji lan sijine (misale dandhang didu karo dandhang).
45) Uwong
sing seneng ngobong rambut.
46) Uwong
sing senengane ngobong kloso sing saka pring.
47) Uwong
sing senengane ngobong kayu uwit “kelor”.
48) Uwong
sing senenge ngobong balung.
49) Uwong
sing senengene nyapu ora ditutukke, utawa ora diobong sisan.
50) Uwong
sing senenge ngguwang uyah.
51) Uwong
sing mbuwang regetan saka jendela.
52) Uwong
sing mbuwang regetan ning longan.
53) Uwong
sing bobok pas srengenge njedul.
54) Uwong
sing bobok pas srengenge angslup ( wayah surup ).
55) Uwong
sing menek uwit pas jam 12 awan ( wayah bedhug ).
56) Uwong
sing turu pas jam 12 awan.
57) Uwong
sing ngliwet trus ditinggal lunga.
58) Uwong
sing seneng ngakoni duwene wong liyo.
59) Uwong
sing senenge ninggal beras ning ” lesung ”.
60) Uwong
sing ngambrukke pemean “wijen”.
6. Piranti
Ruwatan
Ana
pirang-pirang piranti sing kudhu eneng ning upacara ruwatan. Piranti sing
digunaake miturut adat ning daerah dianeake ruwatan kui. Antarane :
a. Piranti
kanggo nanggap wayang kulit purwa, lakon “Murwa Kala”, yaiku :
1) Gamelan
Jawa
2) Wayang
Kulit sak kotak, komplit
3) Kelir
utawa kain
4) Blencong
utawa lampu minyak
b. Sesajen
kang kudhu disediaake yaiku :
1) Tuwuhan,
antarane ana gedhang raja sing uwis mateng lan apik, sing ditegor karo gagange,
lan cengkir gading utawa kelapa enom, wit tebu karo godhonge, godhong ringin,
godhong elo, godhong apa-apa, godhong serep, godhong alang-alang, godhong meja
lan kara, lan godhong kluwih sing sakabehe ditali ngadhek ning cagak lawang.
duweni teges dadi hiasan lan penyuwunan.
2) Kembang
mayang loro, sing uwis dipaes, diselehake ning mburi kelir kiwo lan tengen,
kembang setaman ning bokor, diselehake ning ngarepe dhalang sing bakal dinggo
kanggo ngedusi Batara Kala, lan wong sing diruwat.
3) Geni
utawa watu areng ning jero anglo, kipas, lan kemenyan sing bakal digunaake Kyai
Dalang salebeting tanggapan.
4) Kain
mori putih kurang luwih dawane 3 meter, digelar ning ngisor debog panggungan
saka kelir nyanti sak mburining kelir lan diwenehi kembang mawar ning ngarepe
kelir nganti panggonan lenggahe Dalang. Dene ning mburi kelir pinangka
panggonan lelenggahane Uwong sing diruwat kanti nganggo selimut kain mori
putih.
5) Gawangan
kelir sisih nduwur, dipaes nganggo kain batik sing anyar, cacahe 5, antarane
kain sindur, kain bango tulak lan dikei pari segedeng.
c. Macem-macem
sega sing kudhu ana, yaiku :
1) Sega
Golong nganggo goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel pithik, Nasi golong karo
pirantine, goreng-gorengan, pindang kluwih, pecel ayam, sayur menir.
2) Sega
Wuduk nganggo iwak lembaran, lalaban, timun, lombok gedhe, abang lan ijo,
brambang, lan dele ireng.
3) Sega
Kuning nganggo ondog pithik sing didadar, cacah telu, lan srundeng.
d. Macem-macem
bubur/jenang, yaiku :
1) Jenang
abang
2) Jenang
putih,
3) Jenang
kaleh,
4) Jenang
baro-baro (bubur sing werna-werna).
e. Macem-macem
jajanan pasar, yaiku :
Gedhang
raja, jambu, salak, suruh sing dikei duwit, gula jawa, kelapa, jajanan arupa
blingo sing dikei werna abang, kemenyan kembang, banyu sing diwadahke cupu,
jarum lan benang ireng-putih, kaca cilik, kendi sing isine banyu, empluk
(kacang ijo, dele, kluwak, kemiri, gereh, endhog pithik, dan duwit sak sen).
f. Piranti
liyane, yaiku :
1) Benang
lawe, minyak kelapa kanggo lampu blencong.
2) Arupa
kewan-kewanan misale manuk dara, pithik, utawa bebek.
7. Tatacara
Ruwatan
Tatacara
ruwatan antarane :
a. Nanggap
wayang purwa kanthi lakon “Murwa Kala”
Kanggo
keluarga sing ora mampu nanggap wayang, bisa ngundang dhalange wae, tanpa
nganggo gamelan lan wayange. Dhalange bisa crita wae babagan lakon “Murwa
Kala”.
b. Dhalang
mau bakal mimpin upacara cukuran rambut lan siraman. Sing bakal nyukur yaiku
wong tuwa saka anak sing bakal diruwat. Rambut sing dicukur bakal dilarung
bareng karo sesajen sing disediaake.
c. Kanggo
syarat, dijukuk sithik wae geteh saka asal siale. Getheh kui bakal dilarung.
Carane njukuk getheh yaiku nganggo ri, trus dioleske ning kapuk putih. Ri karo
kapuke mau dilarung karo:
1) Beras
4 kg
2) Slawat
1 Dirham (duit regane emas 1 gram)
3) Pithik
4) Teklek
(sandal saka kayu)
5) Benang
Lawe sagulung
6) Endhok
pithik sing lagi metu, durung enek sedina
7) Gula
setangkep (gula Jawa sapasang), gula pasir 1 kg
8) Rambut
sing dicukur
9) kelapa 1 cacahe
Kelapa,
benang lawe, telur ayam, kapas lan ri dilabuh karo maca: “Ingsung ora mbuwang
klapa lan isine, ananging mbuwang apa kang ndadekake apesing awakku”.
8. Piwulang
Ing Upacara Ruwatan
Upacara
Ruwatan sing dianaake wong Jawa ora bisa ditegesake utuhan. Menawa digateake,
upacara Ruwatan kui ora mung upacara nanggap wayang, nyukur rambut, lan
nglarung sesajen nangging uga duweni makna saka urut-urutaning Upacara. Intine,
Upacara Ruwatan kuwi nduweni piwulang :
a. Menawa
didelok syarat-syarate ruwatan, mesti ameh kabeh menungsa kuwi kudu diruwat.
Kuwi nuduhake raos pepeling supaya menungsa kereb sedekah kanggo kaslametan
kita. Sabenere kuwi ora kudhu ngganggo upacara ruwatan amarga ruwatan kuwi
katentreman ing jero ati.
b. Ruwatan
mesti enek kaitane karo Batara Kala. Sabenere, Kala kuwi artine wektu. duweni
ateges supaya menungsa bisa ngurmati wektu, uga wedi karo wektu. Tuladhane,
mbesok saben menungsa bakal meruhi mati.
c. Ruwatan
kanggo ngresiki dosa-dosa kita. Nduweni teges supaya kita tansah tumindak sing
apik, lan ngadohi tuindak sing ala, sing bisa ndadeake uripe menungsa ora
tentrem.
0 komentar:
Posting Komentar