Tegese yaiku aja kumalungkung,
mamerake lan migunakake apa kang didarbeki kanggo nguja hawa nepsu, apadene
ngina, ngremehake, lan nyepelekake liyan. Kayata, aja dumeh pinter lan dadi
pemimpin, banjur ora gelem srawung marang sapadha-padha. Aja dumeh sugih banjur
nggunakake kesugihan kanggo nguwasani panguripane wong-wong sing kecringkangan
(mlarat). Kena apa patrap mau dianggep kurang prayoga ? awit sing jeneng bandha
donya iku ora lestari, yen Gusti Kang Maha Kuwasa ngersakake, ilang apa tambah
ora kurang dalane.
1. Ana
kapitayan menawa samubarang kang didarbeki manungsa iku mung titipaning Gusti
Kang Maha Kuwasa. Mula sipate ora langgeng. Tanpa dikeparengake dening Gusti
Kang Akarya Jagad, awake dhewe ora bakal kanggonan. Kejaba saka iku, miturut
kasunyatane, entuke bandha donya mau uga jalaran pambiyantune wong liya. Ngendi
ana sudagar sugih yen ora laku dagng karo masyarakate? Ora dibatheni dening
sing tuku
2. Paribasan
iki uga ngelingake aja nganti kita nduweni sipat kaya mangkono. Bareng sugih
banjur ora gelem sedekah marang wong miskin. Dumeh dadi pemimpin banjur ora
gelem melu gotong royong. Dumeh dadi profesor banjur ora nggubris sanak kadang
sing pamulangane luwih endhek. Miturut wong Jawa, watak kaya ing ndhuwur
prayogane didohi. Awit, sapa wae kang duwe sipat kaya mangkono bakal disirik
liyan.
0 komentar:
Posting Komentar