Sudaryanto (1987) sinengkuyung
Tjatur Wisnu Sasongko (2004), bilih ungguh-ungguh
basa Jawi menika wonten 4 (sekawan) tataran, inggih menika:
1.
Ngoko Lugu
2.
Ngoko Alus
3.
Krama Lugu
Kanthi
adhedhasar peranganing unggah-ungguhipun basa menika, bilih tiyang
Jawi anggenipun sami interaksi (pasrawungan), gineman kaliyan tiyang sanes
asring ngginakaken basa Jawi ngoko, krama; gumantung panggenan lan kawontenan.
Basa
Jawi ngoko lan krama menika kaginakaken bebrayan agung kangge
sarana
:
1. Norma lan etika (unggah-ungguh,
tatakrama) sesrawungan wonten masyarakat,
gineman kalihan tiyang sanes ing saben dintenipun, kanthi mawas
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 5
tiyang
ingkang kaajak gineman (enem lan sepuhipun).
2. Pakurmatan saha
kekadangan
(keakraban) dhumateng tiyang sanes, supados boten
kawastanan nungkak krama, ora ngerti basa lan tata krama.
3. Mranata jumbuhing
kalenggahan utawi social distance ‘jarak sosial’, supados anggenipun
gineman saged sae, leres, lan sekeca, boten nilar subasita. Wondene
ingkang saged bedakaken bedanipun kalenggahan, antawisipun : umur,
drajat/ pangkat, ekonomi, aluraning waris (trah), politis, jenis kelamin
1. Ginanipun Tembung
Ngoko, Krama
a.
Ngoko, tembung ngoko kaginakaken gineman kangge :
1)
Lare kalihan lare
2)
Kanca ingkang umur lan pangkatipun sami lan srawungipun sampun
supeket
sanget
3)
Ingkang gineman (O1) langkung sepuh kalihan ingkang kaajak gineman
(O2)
4)
(O1) langkung inggil pangkatipun kalihan (O2)
5)
Cariyos ingkang adhapur andharan (gancaran, prosa)
6)
Tiyang ngudaraos piyambak
b.
Krama, tembung krama dipun-ginakaken gineman kangge :
1)
(O1) dereng tepang kalihan (O2), utawi (O2) ketingalipun langkung sepuh
utawi
tiyang apangkat
2)
(O1) kalihan (O2) sampun dados kanca/ rencang, namung dereng supeket.
3)
(O1) umuripun langkung sepuh, namung (O2) tiyang ingkang luhur
pangkatipun
lan wajib dipun-kurmati.
4)
(O1) pangkatipun langkung inggil, namung (O2) langkung sepuh
yuswanipun
lan wajib dipunajeni.
5)
(O1) drajat pangkatipun langkung andhap utawi imbang (O2)
6)
(O1) langkung enem yuswanipun, namung (O2) langkung sepuh ingkang
wajib
dipunaosi.
2.
Jinisipun Leksikon (Kosa Kata/ Tembung) ing Basa Jawi
Adhedhasar
wujudipun tembung basa Jawi, saged kaperang dados 6
(nenem)
jinis, inggih menika leksikon :
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 6
a.
Madya
Inggih
menika leksikon krama ingkang kadar kehalusan (anggenipun ngurmati)
tasih andhap, namung tasih nedahaken pakurmatan sanajan andhap. Ginanipun
: 1) Gineman utawi pangandikan wonten kawontenan boten resmi (informal)
2)
Sami kalihan ngoko, saged kaginakaken (O1, O2, lan O3)
Tuladha
: empun, ampun, onten, kriyin, teng, niki, niku, kajenge, kiyambak, lss
b.
Krama
Inggih
menika tembung-tembung ingkang kaginakaken nedahaken pakurmatan
ingkang saestu lan inggil (kadar kehalusan dan penghormatannya tinggi). Leksikon
krama mujudaken alus utawi kurmatipun leksikon ngoko, lan sedaya
tembung krama tartamtu anggadhahi padanan (tembung ingkang sami) leksikon
ngokonipun. Leksikon krama menika wonten kalih warni :
1)
Krama baku utawi Standar
Tuladha
: rumiyin, wonten, benjing, kula, inggih, enjing
2)
Krama boten baku utawi Substandar, utawi krama desa (dhialek/ enggen-enggenan) Tuwuhipun
krama desa menika jalaran ingkang sami gineman (O1 utawi O2) kirang
pirsa lan boten mangertos krama baku. Krama desa menika saged kaginakaken
(O1,
O2,
lan O3).
Tuladha
: tanglet, sepah, karanten, Semawis, Bajul kesupen.
c.
Krama Inggil
Inggih
menika leksikon (tembung) ingkang kaginakaken kanthi pakurmatan
ingkang inggil sanget (kadar kehalusannya sangat tinggi).
Ginanipun
: 1) Ngurmati mitra wicara wonten ing swasana ingkang resmi.
2)
Kaginakaken kangge tiyang sanes (O2,
O3)
lan boten sagedkangge
dhirinipun piyambak (O1).
Tuladha
: dhahar, siram, mustaka, tindak, ngasta, lss.
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 7
d.
Krama Andhap
Inggih
menika leksikon ingkang kaginakaken kangge ngurmati tiyang sanes
(mitra wicara) kanthi angasoraken dhirinipun piyambak. Ginanipun
kangge dhiri pribadi (O1),
lan boten saged kaginakaken kangge tiyang sanes
(O2,
O3).
Tuladha : sowan, matur, dherek
e.
Ngoko
Inggih
menika tembung ingkang kaginakaken tumuju tiyang sanes kanthi boten
ngurmati. Leksikon ngoko menika dados dhasar wujuding leksikon sanesipun,
tegesipun menawi nggadhahi tembung krama, madya, krama andhap, lan
krama inggilipun; leksikon ngokonipun mesthi wonten. Tuladha : mangan, turu,
adus, mangkat, lara, lunga, nggawa, lss.
f.
Netral
Leksikon
netral menika asring sinebat ngoko krama, jalaran saged mapan (muncul)
manggen wonten tataran ngoko lan krama. Leksikon netral menika dumunung
wonten tembung-tembung silihan (kata serapan) saking basa manca, lan
boten wonten leksikon krama, madya, krama andhap, lan krama inggilipun. Jalaran
lesikon netral menika boten anggadhahi penanda morfologis kanthi mligi, amargi
afiks (imbuhan) ngoko lan krama saged manunggal kalihan leksikon sanesipun.
Tuladha : jiwit, tendhang, tivi, HP, komputer, radio, listrik, sapu,
gambar.
C.
Bentuk/ Wujudipun Unggah-Ungguh Basa Jawi
Unggah-ungguh
basa Jawi adhedhasar rerangkenipun tembung-tembung saha
wujudipun basa, saged kaperang kados bagan ing ngandhap menika :
1.
Ngoko Lugu
Inggih
menika wujud utawi bentuk uanggah-ungguh basa Jawi ingkang leksikon
(kosakata, tembungipun) sedaya awangun ngoko + netral, boten ngangge leksikon
krama, krama inggil, krama andhap, tumrapipun (O1,
O2,
O3). Ater-ater
tripurusa (dak-/tak-, kok-/ko-, di-) Tembung
susulih purusa (aku, kowe, dheweke)
Tuladha
: Yen mung kaya ngono wae, aku mesthi bisa!
2.
Ngoko Alus
Basa
ngoko alus wujudipun leksikon inggih menika: ngoko, netral lan (krama
inggil, krama andhap, krama kangge ngurmati mitra wicara (O2,
O3)).
Tuladha
: Bapakmu lagi maos neng kamar
Simbah
arep tindak ngendi kok ngasta radio?
3.
Krama Lugu
Krama
lugu inggih menika wujud utawi bentuk unggah-ungguh ingkang urmat
dhumateng tiyang sanes, kanthi wujudipun: krama, madya, netral, utawi ngoko,
lan krama inggil/ krama andhap (kangge ngurmati tiyang ingkang dipunajak
gineman). Krama lugu menika kalebet kadar kehalusanipun utawi pakurmatanipun
tasih andhap.
Tuladha
: Panjenengan napa empun nate tindak teng Jakarta Mas?
Sami ngoko
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 9
4.
Krama Alus
Inggih
menika basa krama ingkang leksikon utawi tembung-tembungipun krama
sedaya + netral, krama inggil (kangge ngurmati tiyang sanes), krama andhap
(kangge ngandhapaken dhirinipun piyambak). Krama alus menika leksikon
madya lan ngoko boten wonten, jalaran kadar kehalusan utawi pakurmatanipun
dhumateng tiyang sanes inggil sanget/ ngurmati utawi ngajeni sanget.
Tuladha
: a. Aksara Jawi menika menawi dipunpangku dados pejah
b.
Para pamiyarsa kakung putri, wanci ing giyaran menika kula badhe ngrembag
babagan basa saha kasusastran Jawi.
D.
Ewah-ewahanipun Unggah-ungguh basa Jawi
1.
Ewah-ewahanipun wujud Ngoko Lugu dados Ngoko Alus Ngoko
lugu inggih menika wujudipun unggah-ungguh basa Jawi ingkangsedaya
leksikon utawi tembung-tembungipun awujud ngoko lan netral. Wondene ragam
utawi wujud ngoko alus menika wujudipun ungguh-ungguh ingkang kala kala Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 10 leksikon
utawi tembung-tembungipun awujud: ngoko, lan katambah krama inggil utawi
krama andhap. Ngoko
Lugu kawastanan boten urmat utawi boten ngaosi tiyang sanes. Wondenengoko
alus, sampun ngurmati tiyang sanes, ananging samadya kemawon.wondene
caranipun ngewahi wujud ngoko lugu dados ngoko alus,
inggih
menika:
a.
Sedaya tembung penyapa, nyebat tiyang kaping kalih (02)/ madyamapurusa utawi
tiyang kaping tiga (03)/ pratamapurusa ingkang awujud ngoko kagantos krama
utawi krama inggil
b.
Sadaya tembung kriya ‘kerja, verbal’ ingkang katujokaken dhumateng tiyang sanes
(tiyang kaping kalih lan kaping tiga) ingkang awujud ngoko kagantos krama
inggil. Namung menawi tembung kriya ngoko ingkang katujokaken kangge
dhirinipun piyambak kagantos krama andhap
c.
Sedaya tembung aran (benda), ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan pandarbe
‘kepemilikan’ tiyang kaping kalih (02) ingkang awujud ngoko, saged
kagantos dados krama utawi krama inggil
d.
Afiks ‘imbuhan, wuwuhan’ ngoko ingkang tumempel wonten tembung kriya ingkang
katujokaken dhumateng tiyang kapindho/ kaping kalih (02), boten perlu
dipunewahi utawi kagantos imbuhan krama
e.
Ater-ater dak –lan panambang –ku boten ewah dados kula; namung menawi ater-ater
kok/ ko lan panambang –anu, saged ewah dados panjenengan.
Tuladha:
(1)
Iki dipangan dhisik, Mas
Iki
didhahar dhisik, Mas
(2)
Sing arep mangkat nyang Yogya kapan, Dhik?
Sing
arep tindak nyang Yogya kapan, Dhik?
(3)
Kowe sing teka kapan, Nak?
Sliramu
sing rawuh kapan, Nak?
(4)
Mbok aku diwenehi bukumu kuwi
Mbok
aku diparingi bukumu kuwi
(5)
Kowe mangkata dhisik wae, tinimbang kesuwen ngenteni aku
Panjenengan
tindaka dhisik wae, tinimbang kesuwen ngenteni aku
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 11
(6)
Aku arep teka omahe Simbah
Aku
arep sowan daleme Simbah
2.
Ewah-ewahan Krama Lugu dados Krama Alus
Krama
Lugu, ingkang wosipun wujudipun unggah-ungguhing basa:
awujud:
leksikon (minangka leksikon inti) ‘tembung’ krama, netral, ngoko, lan madya
(minangka leksikon inti); lan saged katambah leksikon krama inggil utawi krama
andhap
Wondene
caranipun ngewahi wujud Krama Lugu dados Krama Alus, inggih
menika :
a.
Leksikon (kosakata, tembung) krama ingkang katujokaken dhumateng tiyang sanes,
kagantos mawi krama inggil. Namung menawi, katujokaken dhumatheng
dhiri pribadi utawi badanipun piyambak kagantos krama andhap.
b.
Leksikon madya dipungantos leksikon krama
c.
Leksikon ngoko ingkang anggadhahi tembung kramanipun, kedah kagantos leksikon
krama
d.
Afiks ngoko (inggih ater-ater saha panambang) kagantos afiks krama.
Kadosta:
di = dipun; -ake = -aken; e = -ipun. Wondene afiks ‘tambahan sanesipun’
tetep, upamanipun: -in- = tinuku → tinumbas; -um
= gumuyu → gumujeng
e.
Kata ganti madyama purusa (tiyang kaping kalih)
Sampeyan,
mang → kagantos panjenengan
f.
Leksikon netral tetep boten ewah
Tuladha:
(1)
Sampeyan dugine kala napa?
→
Panjenengan rawuhipun kala menapa?
(2)
Empun mangga ndang mang pundhut, lajeng dibeta wangsul
→
Sampun mangga enggal panjenengan pendhet lajeng dipunasta kondur
(3)
Benjang-enjang kula sakaluwarga ajeng sowan simbah dhateng Klaten
→
Benjing-enjing kula sakaluwarga badhe sowan simbah dhateng Klaten
(4)
Yen purun, sampeyan mangke kula dherekke teng griyane Pak Darso
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 12
→
Menawi kersa, panjenengan mangke kula dherekaken dhateng
dalemipun
Pak Darso
(5)
Empun dalu ngeten prayogine njenengan tilem onten ngriki mawon.
→
Sampung dalu mekaten prayoginipun panjenengan sare wonten mriki
kemawon.
3.
Ewah-ewahan Krama Alus dados Krama Lugu
Panganggenipun
unggah-ungguh basa Jawi menika dhasaripun dimensi personal,
utawi kawontenanipun tiyang utawi priyantun ingkang dipunajak gineman
utawi ingkang dipunrembag. Praila krama alus menika kalebet tataran unggah-ungguh
basa Jawi ingkang alus piyambak, anggenipun ngormati tiyang sanes
menika kalebet inggil utawi sempurna, jalaran salebetipun ngginakaken basa,
boten ngginakaken tembung-tembung ngoko utawi madya. Kalebet menawi ngginakaken
ater-ater utawi panambang ugi ngginakaken krama. Wonten
jing pasrawungan, wonten ing bebrayan agung, asring
dipunprangguli
bilih tiyang sepuh gineman kaliyan tiyang ingkang kaprenah
enem. Wondene
caranipun ngewahi wujud krama alus dados krama lugu, inggih
menika:
a.
Leksikon (tembung) krama inggil dipunewahi dados tembung krama alus biasa,
dados mangandhap
b.
Tembung krama ingkang anggadhahi tembung madyanipun, kagantos tembung
madya utawi ngoko
c.
Tembung krama ingkang boten anggadhahi tembung madyanipun boten perlu dipunewahi,
malah wonten ingkang ewah dados tembung ngoko
d.
Tembung krama andhap tetep mawon, boten kagantos tembung krama
e.
Afiks (imbuhan) krama dipun-, -ipun, saha –aken, kagantos afiks (imbuhan) ngoko:
di-, -e(-ne), saha –ake, wondene imbuhan utawi wuwuhan (afiks) sanesipun
tetep.
f.
Leksikon/ tembung kula kagantos ngoko dak- saha –aku. Wondene tembng panjenengan
kagantos ngoko: kok- / ko- saha-mu.
Modul
Basa Dhaerah Paramasatra Jawi 13
g.
Tembung panjenengan, menawi kasambung tembung kriya (kata kerja), kalamangsa
ewah dados sampeyan, malah kalamangsanipun ewah dados mang
h.
Leksikon (tembung) netral tetep boten ewah
Tuladha:
(1)
Sampun dangu anggenipun rawuh? Bapak Sri Supiyarno utawi Mas Bilal Suradi
Empun
dangu anggene dugi?
(2)
Panjenengan badhe ngrawuhi saresehan wonten Jurusan Sastra Daerah menapa
boten, Mas Bilal? Sampeyan
ajeng ndugeni saresehan wonten Jurusan Sastra :
Dhaerah napa boten, Mas Bilal?
Dhaerah napa boten, Mas Bilal?
(3)
Tinimbang sare wonten hotel, kula aturi sare wonten griya kula kemawon
Tinimbang
tilem teng hotel, mang tilem teng griya kula mawon
0 komentar:
Posting Komentar