Tegese yaiku aja seneng rumangsa
bisa yen durung rumangsa bisa, nanging bisaa ngrumangsani yen durung bisa. Rumangsa
bisa mujudake watak sing dianggep kurang prayoga. Kena apa mangkono, jalaran
sing diarani bisa ing paribasan iki mung saka rumangsane. Rumangsane wae bisa,
nanging kepriye nyatane, bisa tenan apa ora, embuh ora weruh. Mula aja duweni sipat
kaya ngono. Coba yen nganti dijajal tenan, dipasrahi gaweyan sing jarene bisa
mau. Yen asile ora samurwat apa ora ngisin-isini? Jare bisa, kok nyatane asile
ora pakra, adoh sungsate karo anggone omong tekan ngendi-endi. Dene sing dikarepake
bisaa rumangsa, tegese bisa ngrumangsani. Kayata, wani ngrumangsani yen ora bisa.
1. Paribasan
iki seprene isih kerap digunakake lan uga mujudake pitutur adiluhung kang
pantes diuri-uri. Jalaran sejati akeh wong Jawa iku kang isinan. Isin ngaku yen
ora bisa, isin diarani bodho, wirang yen nganti dicap kapinterane luwih asor
tinimbang wong liya.
2. Bisa
ngrumangsani ateges duwe rasarumangsa kangjero, saengga kena kanggo srana
mbangun semangat kamanungsan, njaga atine liyan murih ayem tentrem anggone urip
bebrayan lan kekadangan ana ing masyarakat.
0 komentar:
Posting Komentar