Tegese nampa kanthi lila legawa apa lan
sepira kang wus diparingake. Unen-unen iki mujudake salah sijine paribasan kang
dadi ciri utawa tandha tumrap kabudayan jawa. Saklebatan nrima ing pandum katon
kayadene patrap kang pasrah, nanging sejatine ora. Narima ing pandum tuwuh saka
nalar kang bening, kawicaksanan kang dhuwur. Jalaran murih bisane ngecakake
narima ing pandum iku lelakune ora gampang.
1. Pangerten
ngenani narima ing pandum ora bisa dideleng saka saperangan wae. Awit dhasare
nglakoni unen-unen iki kudu wis duwe ati lan pikiran nrima. Pikiran ngangsa, mangas,
prasasat mung kari saelas. Kejaba saka iku uga duwe kapitayan kukuh, menawa rejeki
manungsa iku dhewe-dhewe. Ora nate padha lan ora ana sing padha. Apa wae kang
ditampa, embuh wujud apa, aithik akeh methi ana mumpangate. Ora ana barang kang
muspra ing donya iki. Upama jatahe dielongi banjur diwenehake uwong liya, ya
wis ben. Sing dosa sing ngelongi, sing ditambahi ora salah. Mula dheweke ora
prelu disengiti, apa maneh digethingi. Nkanthi ngamalake temenan maknane unen-unen
iki, manungsa bakal nemoni katemtremaning urip ing alam donya. Jalaran sapa wae
kang menehi sejatine mung dadi lantaran. Kabeh saka Gusti Allah, mung
panjenengane uga sing priksa lan ngerti dhodhok selehe kang sejati, ngapa sing
ditampa awake dhewe semen, ngapa sing ditampa dhewe semana.
0 komentar:
Posting Komentar