KARAKTERISTIKE MRIPAT WAYANG PURWA
1.Mripat liyepan (mripat gabahan)
Mripat liyepan bentukke kaya wijil pari, sing durung dicopoti kulitte.. Jenise mripat liyepan kangge tokoh wayang sing awakke cilik, langsing, sing bisa ngatonna watek bijaksana, lan budi pekerti sing apik.











2.  Mripat kedelen
Kanggo nggambarna tokoh-tokoh sing duwe watak perwira, tangkas, wani lan awakke ora gedhe utawa cilik. Mripat kedelen kuwi bentukke kaya wijil kedele.











3. Mripat Peten
Mripat peten iku wayang sing kaya wijil pete.Tokoh sing duwe mripat peten biyasane duweni awakke sedengan, nanging watekke kurang apik, licik, seneng nemen curang. 











4. Mripat Thelengan
Mripat thelengan bentuke bundher. Tokoh wayang sing duwe mata thelengan biyasane watekke tangkas, tangguh, kuwat, remen banget karo pihak sing bener. Tokoh wayang kui biyasane uga duwe awak singset utawa langsing. 


5. Mripat Plelengan
Bentuke mripat plelengan iku bunder kabeh kaya bentuke mripat thlelengan, nanging luwih gedhe lan dipadhakna karo bentuk rayi. Mripat plelengan dingein werna ireng sing nggawe mripat kui dadi gedhe lan mlotot. Tokoh sing duwe mripat plelengan biyasane awakke gedhe, wateke angkara murka, srakah, perkasa nanging keji. 
6. Mripat Kiyer
Mripat kiyer bentuke kaya wulan sabit, tokoh wayang sing sing duwe mripat kiyer duwe watak seneng nyemooh uwong, ora bisa dipercaya, licik lan ora apik. 
7. Mripat Kiyipan
Mripat kiyipan mirip kaya mripat kiyer nanging neng wijil matane katon setengah bundher. mripat kiyipan kui nggambarna wayang sing awakke gedhe.

Category:

0 komentar:

Posting Komentar