Tegese yaiku sipat ngendel-endelake
kekuwatan, panguwasa, lan kapinteran sing didarbeki. Adigan yaiku sipat kang
ngegul-gulake kekuwataning awak (raga), kayadene kidang. Tandang tanduke cukat,
trengginas, playune pilih tandhing. Dene adigung iku sipat kang ngongasake
pangkat, drajat, kaluhuran, apadene trha tedhak turune priyagung (wong gedhe). Pawongan
kang nduweni watak adigung umume dipadhakake karo gajah. Awake gedhe, ora ana
sing madhani, lan yen padudon akeh menange. Dene adiguna yaiku ipat ngandelake
kapinteran lan akal. Sipat iki umume digambarake kaya watak wantune ula. Ula iku
katone ringkih, nanging wisane mbebayani.
1. Ancas
tujuwane paribasan iki ngelingake supaya manungsa ngedohi watak adigang,
adigung, adiguna, jalaran watak mau bisa nuwuhake angkara murka lan marakake
lali marang sapadha-padha, saengga tumindake sering nglarakake atine liyan. Manawa
wong iku duwe kaluwihan aja banget-banget diendel-endelake. Awit kasunyatane,
kidang sing kawentar playune iku uga bisa ditubruk macan lan sidane mung dadi
mangsane raja wana mau. Nate didongengake uga, kepriye gajah kalah dening
semut. Ula weling utawa kobra sing wisane ngegirisi iku uga bakal mati lemes
yen disabet nganggo carang pring ori.
2. Pribasan
iki uga menehi pepeling menawa kaluwihaning manungsa bisa “migunani” uga “mbebayani”.
Migunani angger digunakake kanggo kabecikan lan kamunangsan, mebayani yen mung
kanggo nguja hawa nepsu.
0 komentar:
Posting Komentar