WIDYETEMBUNG (MORFOLOGI)
Widyatembung (morfologi) utawi tata tembung menika kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung ingkang sanes jalaran kawuwuhan imbuhan. Tembung salebetipun basa Jawi saged kaperang adhedhasar wujud saha jinisipun.

A. Wujudipun Tembung
Tembung tegesipun wanda utawi kempalaning wanda ingkang mawi teges. Tembung basa Jawi menawi katitik saking wujudipun saged kaperang wonten sekawan, inggih menika tembung : (1) lingga, (2) andhahan, (3) rangkep, saha (4) tembung camboran.
1. Tembung Lingga
Tembung ingkang langkung sepuh katandhing tembung lingga inggih menika tembung wod utawi akar kata. Wod tegesipun oyod utawi akar, wujudipun namung sakecap utawi sawanda namung saged dipunpadosi tegesipun.
Tuladhanipun :
a. sor à asor, ngisor, dlosor (sedaya saged ngemu teges endhek)
b. lur à alur, ulur, mulur (tegesipun dawa)
c. sup à susup, angslup, nlusup (tegesipun mlebet/ manjing)
Tembung lingga utawi kata asal (kata dasar), inggih menika tembung ingkang tasih wetah, ingkang dereng pikantuk imbuhan menapa-menapa, utawi tembung ingkang tasih wungkul, tasih wantah utawi tasih asli. Tembung lingga saged dipun-golongaken wujud bebas (bentuk bebas). Tembung wonten ingkang dumadi saking sawanda, kalih wanda, utawi tigang wanda (suku kata).
Tuladha : a) bom   b) apem  c) mustaka
                   Cet         bakso         kulina
                   Dher       caping      kapiran
                    ger           pari        padharan
                   mas           topi            rekaos
Wanda salebeting basa Jawi saged kaperang wonten kalih inggih menika wanda menga (suku terbuka) ingkang pungkasanipun wanda awujud vokal, saha wanda sigeg (suku tertutup) ingkang pungkasanipun wanda awujud konsonan.
Tuladha : sate, kebo, turu, luku, piring, bapak, rikat, sabun
2. Tembung Andhahan
Tembung andhahan inggih menika tembung ingkang sampun ewah saking asalipun. Tembung andhahan kadadosan saking tembung lingga ingkang pikantuk imbuhan utawi tembung lingga ingkang sampun dipunrimbag. Imbuhanipun (afiks) wonten 4 (sekawan), inggih menika : (a) ater-ater (awalan, prefiks), seselan (sisipan, infiks), panambang (akhiran, sufiks), dan imbuhan sesarengan
(konfiks).
a. Ater-ater utawi Imbuhan wonten Ngajeng
Inggih menika imbuhan ingkang mapan wonten sangajengipun tembung lingga. Ater-ater ing basa Jawi menika menawi kaperang wonten 14 (sekawan welas) inggih menika ater-ater : (a) a-, (b) ma-/mer-, (c) ma-(N), (d) anuswara, (e) tripurusa, (f) ka-, (g) ke-, (h) pa-, (i) pi-, (j) pra-, (k) pri-, (l) tar-, (m) sa-, (n)
kuma-, kapi-, kami-.
b. Seselan utawi Imbuhan wonten Tengah
Seselan utawi sisipan (infiks) inggih menika imbuhan utawi tambahan ingkang kapapanaken wonten satengahipun tembung. Seselan ing basa Jawi cacahipun wonten 4 (sekawan), inggih menika (-um-, -in-, -er-, saha –el-)
c. Panambang utawi Imbuhan wonten Wingking
Panambang utawi akhiran (sufiks) inggih menika imbuhan ingkang mapan lan dumunung wonten sakwurinipun tembung. Panyeratipun kagandheng kalihan
tembung lingganipun. Panambang wonten ing basa Jawi menika cacahipun kathah
sanget, kadosta : {-i/-ni, -a, -e, - en, -an, -na, -ana, -ane, -ake}
d. Imbuhan Sesarangan (Konfiks: Ngajeng, Tengah, Wingking)
Imbuhan sesarengan inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater (prefiks) lan panambang (sufiks) ingkang kawuwuh utawi katambahaken ing tembung lingga kanthi sesarengan. Imbuhan saged kaperang dados 2 (kalih), inggih menika imbuhan (a) sesarengan rumaket, (b) sesarengan renggang. 1) Imbuhan Sesarengan Rumaket (Serentak/ konfiks)
Tegesipun ater-ater saha panambang kedah kaimbuhaken wonten tembung lingga kanthi sesarengan, boten saged kapethil-pethil utawi dipunpisah-pisah.
Imbuhan basa Jawi ingkang kalebet konfiks inggih menika {ka- + -an, ke- + -en, pa + -an, paN- + -an, pra- + -an}
2) Imbuhan Sesarengan Renggang (Boten Sareng)
Imbuhan sesarengan renggang inggih menika imbuhan ingkang awujud ater-ater lan panambang ingkang kasambungaken tembung lingga boten sesarengan, nanging setunggal mbaka setunggal

Tuladha :

3. Tembung Rangkep (Reduplikasi)
a. Tembung Dwilingga
1) Tembung dwilingga wantah (murni)
Tuladha :  kaya-kaya linggane kaya
                  kupu-kupu linggane kupu
                  seneng-seneng linggane seneng
2) Tembung dwilingga salin swara
Tuladha :  bengak-bengok linggane bengok
                  bola-bali linggane bali
                  celak-celuk linggane celuk
b. Tembung Dwipurwa
dwipurwa menika bentuk dasar ingkang ngawali kalihan vokal boten saged dipunulang kangge acara menika. Suku ingkang kwiwitan menika ingkang dipunulang kasebat dipuntuturke kalihan vokal e.
Tuladha :  gegedhug linggane gedhug    lelara linggane lara
                  pepeteng linggane peteng      tetuku linggane tuku
                  rereged linggane reged           tetela linggane tela
c. Tembung Dwiwasana
Dwiwasana menika pengulangan utawa rangkep suku ingkang pungkasan.
1) Tembung dwiwasana wantah (murni)
Tuladha : celili linggane celi
                 celolo linggane celo
                 celulu linggane celu
2) Tembung dwiwasana salin swara
Tuladha : cekakak linggane cekak
                 cekikik linggane cekik
d. Tembung Rangkep Mawa Imbuhan
Reduplikasi utawa pengulangan utawa tembung rangkep ingkang saged dipunparingi afiksasi.
      1)    Tembung rangkep mawa ater-ater
Ater-ater menika panambah ingkang wonten ing ngajeng.
Tuladha : ngondhol-ondhol = ng- + ondhol-ondhol
                diidak-idak = di- + idak-idak
                dakarep-karep = dak- + arep-arep
       2)    Tembung rangkep mawa seselan
Seselna menika ingkang wonten ing tengah. Dados tembung rangkepipun dipunparingi seselan.
Tuladha :
a) tangkar-tumungkur = -um- + tangkar-tangkar
turun-tumurun = -um- + turun-turun
sumuci-suci = -um- + suci-suci
b) dinama-dama = -in- + dama-dama
ginadhang-gadhan = -in- + gadhang-gadhang
pinundhi-pundhi = -in- + pundhi-pundhi
      3)    Tembung rangkep mawa panambang
Tembung rangkep utawa pengulangan ingkang dipunparingi muhan ing pungkasan.
Tuladha : anak-anakan = anak-anak + -an
                jaran-jaranan = jaran-jaran + -an
               oyak-oyakan = oyak-oyak + -an
4. Tembung Camboran
Tembung camboran inggih menika tembung kalih ingkang kagandheng dados setunggal (kata majemuk).
a. Camboran wetah
Combaran ingkang utuh, boten disingkat utawa dipunicalaken.
Tuladha : bapa - biyung = bapa lan biyung
      enom - tuwa = enem utawi sepuh
      omah - buri = omah sing ana buri
                         tukang - patri = tukang ingkang padamelanipun matri
b. Camboran tugel utawi wancahan
Camboran ingkan dipun singkat dados setunggal tembung.
Tuladha: du - bang = idu abang
      kak - kong = tungkak bokong
c. Camboran Sanesipun, inggih menika :
1) Camboran saroja (tembung saroja), inggih menika tembung camboran wetah ingkang tembungipun ingkang wonten ngajeng nunggal teges kalihan ingkang wonten wingking.
Tuladha : wadya - bala
terang - tarwaca
asih - tresna
campur - aduk
2) Tembung garba utawi sandi menika kalebet tembung camboran tugelan
Tuladha : maharsi ( maha + resi )
dupyarsa ( dupi + arsa )
dhemenyar ( dhemen + anyar )
ratwagung ( ratu + agung )
Jateng ( Jawa + tengah )
P e p e n g e t:
(a) Tembung kalih menawi dados tembung garba, lajeng tuwuh aksara y,
kawastan tembung garba / sandi sutraye
dupi + antuk = dupyantuk
dupi + arsa = dupyarsa
(b) Menawi tembung garba ingkang mawi aksara W, dipunwastani tembung
garba / sandi sutrawan
ratu + agung = ratwagung
B. Jinising Tembung
Jinisipun tembung basa Jawi menawi kaperang wonten sedasa, inggih
menika:
1. Tembung Aran (kata benda/ nomina) : bocah, guru, omah, meja
2. Tembung Kriya (kata kerja/ verba) : tindak, sare, dhahar, nulis; dak-/ko-/di-; /ka- /ke-/
a. Tembung Kriya Tanduk (anuswara)
à  mlumpat, njiwit, ngenteni, nyukur
1. Kriya Tanduk Mawa Lesan (verba transitif) à ater-ater anuswara + panambang (-i, -ake)
à nulis – nulisi – nulisake/ nuliske
2. Kriya Tanduk Tanpa Lesan (verba intransitif) à  anuswara, man-, mer
à nangis – manembah – mertamba
b. Tembung Kriya Tanggap (kata pasif) à ater-ater tripurusa, ka-/ke-; seselan -in, panambang –ake
à disapu – disaponi – disapokake/disapokke
kajupuk, kaserat, kepidak, kesengsem, sinawang, jinambak
3. Tembung Kaanan (kata sipat/adjektiva) : sugih, ayem, tentrem, sabar, sregep.
(Saged sumandhing tembung : luwih, rada, paling)
konfiks = sa- (panambang –e/-ne)
4. Tembung Katrangan (adverbia) : dudu, ora, arep, wis, rada, luwih, isih
5. Tembung Sesulih (Pronomina Pesona) : kula, panjenengan, piyambakipun
Tembung Sesulih kaperang wonten 6 (nenem) perangan, inggih menika :
a. Sesulih Purusa (kata ganti orang)
1. Utama purusa = tiyang kapisan
2. Madyama purusa = tiyang kapindho
3. Pratama purusa = tiyang katelu
b. Sesulih panuduh : iki, iku, kuwi, kono, kana, ngrika, ngriki, ngriku, ngene,ngono, ngana, mekaten, mrika
c. Pitakon : endi, ngendi, apa, sapa, kepriye
d. Panggandheng/ Penyilah : kang, sing, ingkang
e. Sesulih Pandarbe : aku (kula), kowe (panjenengan), dak-/tak-, ko-/kok-, mang-, -ku. –mu, -e
f. Sadhengah : apa-apa, sapa-sapa, kabeh, apa wae, sawijining.
6. Tembung Wilangan : siji, sepuluh, kapisan, kapindho, seprapat
a. Wilangan Babon : (1) kumpulan, (2) sadhengah à siji, loro, sewelas, selikur, sepuluh, satus, sewu, sayuta, sedaya, akeh, sakmit
b. Wilangan Susun : kapisan, kapindho, kaping sekawan
c. Wilangan Pecahan : seprapat, rongprapat, saprotelon, sejinah, sewindu
7. Tembung Panggandheng : jalaran, sarta, uga, sawise, nadyan, lan
8. Tembung Dunung (Ancer-ancer) : dening, dhateng, dhumateng, ing, supaya
9. Tembung Panggenah (Panyilah) : para, sang, si, sri, ingkang
10. Tembung Panguwuh (Panyeru)
Category:

0 komentar:

Posting Komentar