Suranan ing dusun Kalisapu, Slawi, Tegal
            A.    Narasi Suranan ing dusun Kalisapu.
Suranan kuwe acara rutin saben taun pas wulan sura. Wong islam luwih sering ngomong “tahun baru Hijriyah.” Ing dusun Kalisapu sering ngadakna rentengan acara kanggo ngrayakna Suranan.  Diwiwiti saka kirab obor lan dilanjutna karo slametan.
Saka bengi siji sura, ana kirab obor. Rute kirab obor kuwe diwiwiti saka dalemipun Kiyai sing paling sepuh, banjur muteri dusun Kalisapu lan akhire mandheg ana ing dalemipun Kiyai maning. Kirab obor kuwe dilakoni dening bocah-bocah cilik Kalisapu sing dikancani dening wong tuwane (bapane utawa ibune), remaja, bapak-bapak, ibu-ibu lan tokoh masyarakat dusun Kalisapu kaya ustadz lan kiyai sing wis dipercaya dening masyarakat.
Kirab obor kuwe diwiwiti saka kempal ing dalemipun pak Kiyai sing paling sepuh, sing wis dipercaya kanggo ndho’akna acara kirabe lancar.  Kempal ing dalemipun Kiyai badha Maghrib, tabuh 18.30. sedurunge kirabe mlaku, Kiyai mimpin dhonga. Biyasane pak Kiyai ngginaaken surat al-fatihah lan surat pendek liyane sing ana ing Al-Qur’an. Tujuwane dho’a kuwe ben kirabe dingein lancar lan slamet.
Kirab obor mlaku diwiwiti badha isya. Bocah cilik-cilik lan remaja padha nyekel obor siji-siji. Bapak-bapake nyekel rebana lan ana uga sing tetambangan islam lan sholawatan. Pakean sing dienggo wong sing melu kirab obor kuwe pakean muslim, yen lanang nganggo koko, sarung lan peci, yen wadhon nganggo pakean muslim lan nganggo krudhung.
Wis mlebu ning siji sura. Warga dusun Kalisapu ngadhakna slametan ing lapanagan dusun Kalisapu. Slametan kuwe nganggo warga dusun Kalisapu. Slametan diwiwiti badha isya.  Biyasane per RT ana sing nggawa tumpengan, ingkung, buwah, jajanan pasar kaya lapis, putri ayu, bongkok lan liya-liyane.
Acara Slametan diwiwti saka pambuka yaiku sambutan saka Pak Lurah, banjur dho’a, sholawatan lan cramah secuil saka Kiyai. Dilanjutna karo mangan tumpeng lan jajanan bareng-bareng.  Mangan jajanan lan tumpengan bentuke adhep-adhepan nganti dawa nemen. Sawise acarane rampung, masyarakat ora klalen karo tangga dusun, sedurunge tumpengan lan jajanan dipangan bareng-bareng, panitia uwis nyiapna sega tumpengan dibagi-bagi lan dibungkus karo godhong gedhang. Biasane sekresek dingein sebungkus sega tumpeng lan macem-macem jajanan nganggo warga sing ora melu slametan lan tangga dusun.
Acara pungkasan saka slametan yaiku dhonga saking Kiyai ben olih berkah lan bisa luwih apik saka taun disit.
B.     Asal-usul Ngadakna Suranan Ning Dusun Kalisapu
Dek jaman biyen ning kali perbatsan dusun Kalisapu lan Pakembaran, ana sapu emas, nanging Cuma wong sing duwe keahliyan khusus sing bisa weruh sapu kuwe.
Neng kono uga ana penunggune, penunggune mebah-embah wadhon lan wong lanang bagus nemen. Sapu emas kuwe kira-kira bentuke kaya sapu sada biyasa, nanging wernane sing emas melong-melong. Dek biyen, pas lagi jamane kaline esih resik banget lan ora mambu, kali kuwe sering dienggo adhus-adhusan bocah cilik, nanging yen ana sing adhus neng kali kuwe, mesthi ana bae sing keli. Biyasane keline nganti mudhunan banyu kali. Masyarakat Kalisapu uwis paham yen kali kuwe pancen singit. Akhire sesepuh dusun nyarana  nolak bala, ben laka sing keli maning. Nolak bala kuwe dilakoni pas akhir  taun utawa suranan
C. Struktur Tradisi Lisan.
a.       Bentuk Tradisi lisan
Suranan ning dusun Kalisapu kuwe acara rutin saben taun. Acarane ana kirab obor lan slametan. Tujuwane kanggo nolak bala pas wulan sura lan uga silaturahmi masyarakat dusun Kalisapu.
b.      Perangkat-perangkat Tradhisi
Ø  Obor
Ø  Tumpeng
Ø  Ingkung
Ø  Jajanan pasar
Ø  Alat musik rebana
C.Pelaksanaan Tradisi
1.      Kempal ning omahe Pak Kiya’i sedurunge kirab obor, biyasane pas bengi siji sura.
2.      Kirab Obor muteri dusun Kalisapu karo nggawa obor siji-siji. Biyasane dilakoni pas bengi siji sura uga.
3.       Slametan dilakoni ning lapangan dusun Kalisapu, biyasane dilakoni pas bengi ke 2 sura utawa sawise obor kirab kuwe.
d.      Pelaku Tradisi
Kabeh masyarakat dusun Kalisapu. Kaya Pak RT, Kiya’i dusun, bocah-bocah cilik, remaja, bapak-bapak lan ibu-ibu.
e.       Ujaran
Ayat-ayat suci Al-Qur’an kaya Al-Fatihah, Al-Falaq, An-as, lan dho-dhoa sing nyuwun slamet dunya lan akhirat, dzikir, sholawat nabi, lan ceramah saka pak Kiya’i.
D.  Fungsi
a.       Fungsi Sosial : Anane Suranan ning dusun Kalisapu kuwe kanggo silaurahmi kabeh masyarakat ning dusun Kalisapu, bagi-bagi rejeki marang wong liya lan ngramekna taun anyare wong Islam utawa tahun baru hijriyah.
b.      Fungsi Tradisi : Wulan sura dipercaya siyal ning masyararakat dusun Kalisapu, dadi ngadakna acara Slametan kanggo ngilangna siyal neng taun ngarep.
c.       Fungsi Pendidikan : Acara suranan kuwe dadi sumber wawasan budhaya kanggo bocah-bocah cilik sing durung paham tradhisi Suranana. Tujuwane eben tradhisi Suranan neng dusun Kalisapu bisa tetep ana.
                 E. Makna Simbolik
a.       Makna perilaku :
Ø  Nggawa obor : Lelakon bocah-cocah cilik lan remaja nggawa obor Cuma ngelingna masyarakat yen uwis ganti taun, masyarakat kudu bisa luwih apik saka taun disit. Obor dipercaya nganggo ngilangna siyal, maksude eben taun sing pan teka siyale bisa ilang.
Ø  Mangan Tumpeng rame-rame : Mangan tumpeng rame-rame ning lapangan ben masyarakata dusun Kalisapu bisa luwih akrab maning.
b.      Makna simbol kebendaan
Ø  Obor :  a. Obor kuwe dadikna pratanda yen uwis ganti taun marang masyarakat dusun Kalisapu.
                b. Obor kuwe nganggo nerangi taun ngarep, ben taun ngarep dadi taun sing luwih apik sekan taun sing disit.     
                 c. Obor kuwe nganggo nolak bala sing bakal teka ning dusun Kalisapu. 
Ø  Tumpengan : Tumpeng sing ana ning dusun Kalisapu kaya tupeng biyasa, bentuke krucut, isine urab, tempe tahu goreng, gesek utawa siyeng, mie kuning, endhog sing uwis disuwir-suwir lan macem-macem sayuran kaya wortel lan tomat mentah. Biyasane laukh-laukh mau muteri sega kuninge. Sega kuninge sing uwis disemek karo riyasan godhong gedhang.
Maksude :   a. Tumpeng sing bentuke krucut mau kuwe eben dusun Kalisapu lan masyarakate bisa maju, kaya tumpeng sing bentukke mendhuwur, uga dusun Kalispau bisa merhasil apa sing dikarep lang dipengini sekan masyarakat dusun Kalisapu.
                   b. Laukh-lauk sing mubengi sega tumpeng kuwe lambang saka dusun Kalisapu sing beda agama, profesi, lan pikiran, nanging kudu bisa rukun lan bareng-bareng mbiyantu yen ana tanggane lagi kena musibah.
c.       Jajanan pasar : Duweni tujuwan yaiku ngenalna bocah-bocah cilik tentang jajanan pasar, ben paham yen ning dusun Kalisapu akeh banget jajanan pasar sing luwih enak sekan jajanan modern. Jajanan pasar uga jajanan sing sehat marga ora nganggo pengawet. Pemanis, utawa pewarna, varian jajanan pasar uga akeh, sekan sing manis kaya putri ayu, pipis, bongko, lapis lan liya-liyane.
d.      Makna ujaran
Dho’a sekan Kiya’i duweni tujuwan ben masyarakat bisa slamet dunya lan akhirat. Ceramah sekan Kiya’i kuwe duweni makna fleksibel, maksude ceramah kuwe yen bener-bener ngepas neng atine wong sing krungu ya bisa di amalna, yen cermah kuwe Cuma didadikna “angin lalu” ya ora bakal bisa diamalna.
               F. Kesimpulan
        Tradhisi suranan ning dusun Kalisapu esih ana setiyap taun. Tradhisi kirab obor sing nggawe masyarakat dusun Kalisapu percaya yen obor kuwe bisa nolak bala. Makna lan fungsi saka tradhisi suranan uwis meluni manfaat ning jaman saiki.  







Category:

0 komentar:

Posting Komentar