SANTANU
        Nandini kuwe sapi sing diagung-agungna dening manungsa lan dhewa. Wujude sing apik lan khsiyate bisa kekal uripe yen diombe susune. Sapi Nandini kuwe deken Resi Wasistha, kesatiyane Resi Wasistha kuwe kaya bumi maring langit, nempel cekunge samudra taya sing paling jero, kuwe sing nggawe manungsa arep duweni utawa ngombe susune Nandini, nanging kudu mikir-mikir disit.
       Wolu wasu sing langit malku-mlaku karo bojone ning pegunungan sing perek pertaan Resi Wasistha. Salah sii bojone wasu,  weruh sapi Nandini, lan pengin duweni. Bojone wasu sing liya wis ngein wejangan ben aja jukut sapi kuwe, amarga engko cilaka, resikone gedhe, nanging tetetp bae pengin sapi Nandini. Akhire wasu ngabulna kepenginanane bojone kuwe marga ora tega. Wolu wasu langsung nangkep sapi Nandini lan anake, rasa wedi sing nggawe para wasu kedandapan lan cepet-cepet lunga sawise jukut sapi Nndini.
         Resi Wasistha sing ora ngerti sapine pan dijukut. Resi sing pan nglakoni persembahan kaget marga sapi Nandini lan anakke uwis laka ning sekitar pertapan, akhire Resi Wasistha lakoni yoga ben ngerti sapa sing jukut sapine. Resi Wasistha dugal karo wolu Wasu kuwe, lan langsung ngein kutukan marang wolu wasu ya kuwe dilairna ning dunya manungsa.


         Wolu Wasu wis kena kutukan Resi Wasistha, kae kabeh yaluk tulung marang Bethari Gangga ben kutukane bisa dilunakna. Gangga nyanggupi dadi ibu wolu Wasu kuwe, mudhun maring negri Marcapada lan mbojo karo lanang sing martabat. Dewi Gangga kudu buwang siji-siji saka wolu Wasu sing dadikna anake dheweke ben wolu Wasu kuwe bisa dadi dhewa maning lan ilang kutukane. Bojone Gangga kaget marga kebiasaane Gangga sing mbuwang bayine dhewek dirasa aneh lan ora wajar. Bojone Gangga ngungkit-ungkit kesalahane Gangga, akhire Gangga ninggalna bojone lan ubah dadi dewi Gangga maning.
        Dewi Gangga mudhun maring bumi lan nyamar dadi wong wadhon ayu banget, dheweke yaluk dibojo dening raja Partipa, nannging raja Partipa ora gelem. Raja Partipa janji yen duwe anak bakal dijodhohna karo Gangga.
         Ora suwe, raja Partipa duwe putra sing dinamani Santanu. Santanu sing wis gedhe langsung dinobatna dadi raja, nggangtikna raja Partipa. Santanu ketemu karo Gangga ning kali Gangga, nggawe dheweke pengin ngajak rabi Gangga. Akhire Gangga lan Santanu urip bareng.
         Perjanjiane antara Santanu lan Gangga ya kuwe aja pernah nakoni asale gangga utawa sing ana  hubungane karo Gangga, aja nyegah lelakone gangga lan aja sewot karo Gangga.
        Dewi Gangga duwe putra sing pertama, nanging bayi kuwe langsung dibuwang ning kali dening Gangga. Kebiasaane Gangga sing ora wajar, nggawe Santanu heran. Kebiasaane kuwe dilakoni Gangga ping [itu, nanging Santanu ora nyegah. Pas Gangga buwang bayine sing kewolu, Santanu langsung nyegah Gangga sing lagi buwang bayine ning kali. Santanu sing uwi langgar perjanjiane, nggawe Gangga ninggalna Santanu lan ubah dadi ujud asline. Nanging putra sing ke wolu bakal dadi putrane Santanu. Yen wis dadi manungsa hebat, Gangga bakal yaluk putrane maning.

            Sawise putrane gangga lan Santanu gedhe lan dadi manungsa sing pinter nggunakna senjata perang, pinter ilmu hukum , lan wani. Dewi Gangga nyerahna putrane marang Santanu. Putrane kuwe dinamani Dewa Brata utawa Bisma.

Category:

0 komentar:

Posting Komentar