Ing
tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki
isih dilakoni nang sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka
tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang
ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining
adat kebiasaan utawa sawijining upacara kang dilakoni ing sasi ke-7
nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si
jabang bayi kang ana gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan
keslametan.
Tata
upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam
kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana,
nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk
lan gayung, nginum jamu sorongan,lan nyolong endhog, cekake yaiku upacara
mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku
nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake penghayatan bagian-bagian
kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang
dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek
adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo
keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni
ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo
nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina
Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake
ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing
pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan
nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong,
mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang
amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana
ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata
carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.
ASAL-MUASAL
“TINGKEBAN”
Miturut
carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen
mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb,
ya iku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau
mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong
loro mau ngadep lan matur kahanane marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya
menehi pitutur sing kudu dilakoni, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu
nglakoni pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu
sregep manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada,
kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu
sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake
sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse
nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng
Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu
umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual
kaya dene sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng
pitung wulan, lan kanthi pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias
slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh ritual iku diarani
“Tingkeban”.
UBORAMPE
KANGGO TINGKEPAN
Ana
telung tradisi sing dilakoni wektu meteng,
yaiku Neloni, Tingkeban utawaRujakan lan Procotan nanging
sing wis kulina dilakoni among tingkeban.
Adoh
sadurunge meteng ngidak wektu pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake
dina sing apik miturut petungan jawa. Miturut petungan jawa, dina sing apik iku
dina kang nduweni neptu genep.
No
|
Jeneng
Dina
|
Neptu
|
No
|
Jeneng
Pasaran
|
Neptu
|
1
|
Ahad
|
5
|
1
|
Legi
|
5
|
2
|
Senin
|
4
|
2
|
Paing
|
9
|
3
|
Selasa
|
3
|
3
|
Pon
|
7
|
4
|
Rabu
|
7
|
4
|
Wage
|
4
|
5
|
Kamis
|
8
|
5
|
Kliwon
|
8
|
6
|
Jum’at
|
6
|
|||
7
|
Sabtu
|
9
|
Saliyane
nemtokake dina, uborampe uga kudu disiapake. Dene uborampene ya iku.
No
|
Jeneng
Ritual
|
Wektu
|
Piranti
|
|
1
|
Neloni
|
Meteng
wulan kaping telu
|
Takir
plontang 4 buah
|
|
Golong
7 buah
|
||||
Jajan
pasar
|
||||
Jenang
abang
|
||||
Jenang
putih
|
||||
Jenang
kuning
|
||||
Jenang
ireng
|
||||
Jenang
sengkolo
|
||||
2
|
Tingkeban
|
Meteng
wulan kaping pitu
|
Woh-wohan
|
|
Punar
2 buah
|
||||
Kembang
setaman
|
||||
Sesaji
dakripin(Suro ganep)
|
||||
Daun
dadap serep
|
||||
Daun
beringin
|
||||
Daun
andong
|
||||
Janur
|
||||
Mayang
|
||||
Jenang
abang
|
||||
Jenang
putih
|
||||
Jenang
kuning
|
||||
Jenang
ireng
|
||||
Jenang
waras
|
||||
Jenang
sengkolo
|
||||
3
|
Procotan
|
Meteng
wulan kaping wolu
|
Jenang
abang
|
|
Jenang
putih
|
||||
Jenang
kuning
|
||||
Jenang
ireng
|
||||
Jenang
waras
|
||||
Jenang
sengkolo
|
||||
Jenang
inthil-inthil
|
||||
Jenang
sewu (dawet)
|
||||
Jenang
sempuro
|
||||
Jenang
kembo
|
||||
Jenang
procot
|
||||
Jenang
arang-arang kambang
|
||||
Ketupat
lepet
|
URUTANING UPACARA MITONI
1.
Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi
raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka
dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban
moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi
dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2.
Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake
bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara
iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti
gangsar ora ana alangan apa-apa.
3.
Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis
digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung
saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti
gampang ora kangelan.
4.
Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang
beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik
kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik
kang ana lambang
5.
Upacara nugel lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu.
Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang
calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.
6.
Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane
yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7.
Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku
gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8.
Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi
cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki
dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi
cepet keliling kampung.
Kanthi
dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni
dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri
sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara
mitoni.
0 komentar:
Posting Komentar