MBAH PANGGUNG
Mbah Panggung kuwe putrane sunan Ngampel lan duwe adi namane sunan Bonang. Diantara sedulur-sedulure, mbah Panggung kuwe paling pinter dhewek. Keluwargane mbah Panggung kuwe asline sekan Demak, nanging mbah Panggung lunga maring ngulon pan nambah ilmu lan nyebarna agama islam. Nanging sunan Bonang tetep ngintili kakange, dhewek yaluk pamit maring bapane, sunan Ngampel. Akhire ngijinan sunan Bonang ngintili mbah Panggung.
Akhire Mbah Panggung maring panggonan sing paling duwur diantara sing liyane. Arane desa Ngudung, neng kono dheweke sering mlaku-mlaku maring panggonan sing duwur kaya karang, neng kono mbah Panggung uga betapa.
Neng desa Ngudung kuwe mbah Panggung duwe niyat pan nyebarna agama islam neng kono, marga neng kono esih akeh banget sing dudu agamane islam. Pas kuwe ana Ki Gedhe Sebayu maring mono, dheweke uga duwe niyat pan nyebarna agama islam. Ki Gedhe Sebayu kuwe asline sekan Kerajaan Pajang, dheweke olih wangsit kudu maring ngulon lan kudu nyebarna agama islam. Akhire Ki Gedhe yaluk ijin maring mbah Panggung kanggo nyebarna agama islam neng desa Ngudung kuwe.
Niyate mbah Pangung nyebarna agama isam uwis duwe asil, dheweke duwe lima santri setyane. Mbah Panggung ngajarna sholat da’im, sholat neng jero batin, ngajarna eben para santrine aja mikiri sareat-sareat tok, nanging roh kuwe kudu copot sekan hukum-hukum duniawi, hukum-hukum dunya kuwe sing bakal ngalang-ngalangi roh tumuju lan nyambung karo sing kuwasa. Mbah Panggung sering ngajarna para santrine nganggo ilmu batin. Biyasane para santrine saben dina maring umahe mbah Panggung kanggo sinau karo mbah Panggung.
“copoten roh-roh kowen kabeh sekan aturan-aturan dunya, aturan dunya kuwe bakal ngalang-ngalangi kowen-kowen kabeh tumuju maring sing kuwasa. Padha merem, coba copoten, lan rasakna.” Ngendikane mbah Panggung karo yagong mandhep para santrine.
“mbaah, enyong neng ndi ? ko enyong weruh awake nyong dhewek.” Santrine ngomong
“daning peteng mbah.” Santrine ngomong
“sajrone manungsa-manungsa sing urip neng dunya kuwe mayat mati. Urip sajroning mati.”
Mbah Panggung ngetokna nepsune, lauamah lan amarah. Nepsu kuwe bentuke asu. Asu sing ireng diarani Iman lan sing abang diarani Tokid (Tohid). Asune kuwe setya banget maring mbah Panggung. Asune seneng njagong neng pinggire mbah panggung misale mbah Panggung lagi wirid utawa sholat da’im neng langar. Mbah Panggung uga luwih sering percaya karo swara-swara sekan batine. Wong sing sekitare mbah Panggung sering nglarang loro asune maning langgar, nanging mbah Panggung tetep bae nggawa asune. Mbah Panggung uwis ngomong alus maring wong sing sering ngomongi dheweke, asune kuwe ora ganggu wong liya, dadi aja diganggu uga uripe asu kuwe.
Sunan Bonang sering weruh lelakone mbah Panggung sing aneh. Dheweke ngira yen  mbah Panggung kuwe uwis metu sekan islam utawa kufur-kafir. Kanggo mastikna mbah panggung uwis kufur-kafir, sunan Bonang maring umahe mbah Panggung. Dheweke nakoni masalah ajaran sing diajarana maring muride, sholat da’im lan loro asune sing sering digawa manjing langgar. Sunan Bonang nmabha yakin mbah Panggung kafir, akhire dheweke ngancem mbah Panggung bakal dilaporna maring sultan Demak (sultan Bintoro). Mbah Pangung ora wedi karo ancemane sunan Bonang, malah dheweke tambah wani jawab pitakonane sunan Bonang.
Sunan Bonang balik maring Demak, neng kana dheweke jelasna maring sultan Demak. Dheweke jelasna neng desa Ngudung akeh kerusakan sing disebabna dening mbah Panggung. Fitnah sing disebarna lewat ajarane mbah Panggung, ausne sing digawa manjing neng langgar, sholat da’im lan para santrine mbah Panggung padha pengin bunuh diri marga eben olih kasempurnaan urip. Patihe Demak, Patih Wanasalam langsung nyarana mbah Panggung diukum bakar, misale mbah Panggung ora gelem maring Demak, pan digered dening patih Wanasalam. Akhire patih Wanasalam diutus dening sultan Demak hasil sekan para wali mau. Sunan Bonang sing ora gelem ngancani patih Wanasalam maring mbah Panggung marga dheweke ngrasa ora penak.
Patih Wanasalam lan prajurite maring umahe mbah Panggung. Sedurunge patih Wanasalam jelasna tujuwane dheweke maring mbah Panggung pan apa, mabha Panggung malah uwis ngerti lan ngongkon patihe balik bae maring Demak, banujur mbah Panggung maring Demake nyusul.
Neng versi liya, jemput mbah panggung uga beda.
Patih Demak maring mbah Panggung pan nyampekna asil sekan wali lan ngongkon maring Demak marga pan diukum obong. Mbah Panggung gelem mana misale loro sune dipanggul patih, marga asune mriyang. Banjur patihe gelem manggul, daripada balik-balik laka asile, mending nuruti kapenginane mbah Panggung. Akhire mbah Panggung mlaku neng mbuurine patih Wanasalam sing lagi manggul asune.
Pas patih Wanasalam anjog neng Demak, jebule mbah Panggung uwis madhep sultan Demak disit. Para wali lan dalang sing lagi neng alun-alun Demak pada kaget lan percaya mbah panggung duwe ilmu mitaraga, ilmu sing bisa ilang cepet maring panggonan liya.
Para santri neng desa Ngudung padha nggoleti mabh Panggung, akhire ana salah siji santrine sing ngerti mbah Panggung neng ndi. Banjur para santri langsung maring Demak, pan ndeleng gurune sing ora salah pan diukum obong.
Sedurunge mbah Panggung diukum obong, dheweke dingein pilihan dening sunan Bonang
Wejangan sekan adhine, sunan Bonang, “kang, tobat kang, kiye tetembungku sing pungkasan.kakang tobat bae daripada diukum obong? Enyong sering nangsi marga ditinggal kakang betapa nggolet kasempurnaan ilmu sing kakang dhewek durung olih.”
“tanpa musyawarah, enyong b siap mati !” mangsuli wejangane sunan Bonang
Akire mbah Panggung yaluk sega kuning tumpeng, tinta lan kertas rong bundhel. Tinta lan kertas rong bundhel kuwe nganggo nulis pedoman pas lagi dobong eben pedomane bisa anjog neng kuwasa. Dheweke uga yaluk jengkok nganggo didalah neng tenagh-tengah geni kuwe. Patih langsung ngein apa sing dipengini mbah Panggung. Mbah panggung langsung dalah jengkok mau.
Sega tumpeng kuninge dibuwang dening patih Wanasalam maring geni kuwe. Iman lan Tokid langsung jeblung geni lan ngrayah tumpeng kuwe, nanging loro asu kuwe ora geseng.
Ngendikane ratu Demak, “kurang trep misale asune sing nanggung kabeh tanggung jawabe panjenengan. Luwih apik panjenengan melu jeblung neng geni kuwe.”
“dhuh, ora usah kuwatir, enyong bakal manjing neng geni kuwe, bakal mertanggung jawabi apa sing dadikna perkara-perkarane panjenengan.”
Para santrine padha gumun marga mbah Panggung dibakar ora mati malah ngatoni sinar sekan geni kuwe, “mertandha mbah Panggung duweni ilmu sejati.” Jare salah siji santrine.
Saswise diobong mbah Panggung lan loro asune ora mati. Mbah Panggung ngasilan suluk Malang Sumirang. Iman lan Tokid bisa ngomong lan jelasna maring wong-wong sing neng alun-alun Demak isi sekan suluk Malang Sumirang. Isine manungsa lan wong nem kuwe aja kesusu jukut keputusan sing durung mesthi wong kuwe kufur, mbokane wong sing dituduh jebule wong sing luwih perek karo sing kuwasa.
Sultan Demak nyadar ilmune esih kalah karo mbah panggung, akhire dheweke ngein sembah marig Mbah Panggung. Mbah Panggung Cuma ngnadhani misale sembah kuwe kudu maring sing kuwasa. Mbah Panggung nolak gelar sunan Drajat sekan sultan Demak lan luwih milih balik maring ngulon.
Sunan Kalijaga diutus dening sultan Demak ngejar mbah Panggung. Akhire Mbah Panggung manjing maring alas Boban. Kabeh kewan pada sujud mring mbah panggung. Sunan Kalijaga weruh langsung gumun lan tetep ngintili mbah Panggung. Ujug-ujug mbah Panggung krungu swara gaib, “kwn aja netep neng alas kiye, mana lunga maring kidul, neng kana kowen bakal nemu akeh nemen.” Akhire mbah Panggung nuruti swara gaib kuwe, dheweke lunga maring ngidul.
Barang uwis anjog neng panggonan sing dikongkon dening swara gaib kuwe. Dheweke nemeu loro wayang ya kuwe Kresna lan Wisnu. Banjur mbah Panggung nglanjutna mlakune maring ngulon nyambi dolanan wayang loro kuwe, nanging mbah Panggung nyamar dadi dalang Jaruman. Neng kono mbah Panggung ketemu karo janda, janda kuwe pengin dalang Jaruman dolanan wayang kanggo anake sing kas mari sekan mriyange. Ana salah siji wong sing nakoni maring mbah Panggung, “bisane dalang Jaruman mung nggawa rong wayang tok ? biasane nggawa wayang akeh.” Banjur mbah Panggung langsung ngilang, ninggalna rong wayang mau.
Mbah Panggung ngilang cepet marga nganggo ilmi mintaraga. Akhire dheweke anjog neng desa Rujakbeling. Neng kono mbah Panggung didhadhang dening karo wong loro sing bakal ngrampas lan mbacoki mbah Panggung, nanging mbah Panggung ora metu getihe ora apa. Banjur wong loro mau langsung tunduk lan dadi pengikute mbah Panggung.
Mbah Panggung nglanjutna mlakune maring desa Kaliwadas. Dheweke didhadhang maning dening loro, arane Sobrang Barang lan Gentong Lotong. Wong loro kuwe pan jukut hartane mbah Panggung. Nganti wong loro kuwe gelut karo Mbah Panggung lan wong loro kuwe kalah banjur ddi pengikute mbah Panggung.
Mbah Panggung duwe papat pengikut. Banjur lelakune anjong neng desa Slerok. Dheweke nguculna manuk perkutute mbah Mbutun utawa Ki Ageng Slerok. Sedurunge mbah Panggung nguculna manuk kuwe, bojone mbha Mbutun uwis nglarang mbah Panggung nguculna manuke sekan kandang, nanging mbah Panggung tetep bae nguculna manuk kuwe. Bojone Mbah Mbutun uwis dingein amanat sekan Mbah Mbutun, manuk perkutute kudu dijaga, misale kurang pangan, panganan kanggo dheweke diwekena bae lan aja diuculna sedurunge mbah Mbutun balik sekan sawah.
Jebule mah panggung dikejar dening Mbah Mbutun. Neng kono ana adu cangkem antara mbah Panggung lan Mbutun. Bajur Mbah Panggung jelasna sebabe nguculna manuk perkutute, marga kandhang kuwe ibarat kaya awak, lan manukke kuwe ibarate kaya rohe. Roh kuwe aja nganti nempel karo awakke marga sing arane roh kuwe kudu siyap ninggalna awak miturut takdir sing kuwasa. Mbah Mbutun ngrasa salah, banjur dheweke insyaf lan dadi akrab karo Mbah panggung. Mbah Panggung, mbah Mbutun lan papat pengikute kuwe maring laut nganggo betapa neng kana. Pas wong kuwe balik sekan laut, ketemu karo sunan Kalijaga. Neng kono sunan Klaijaga ngongokon mbah panggung maring alas sing mbang wetan, eben panggonan kuwe dadi kampung.
Sunan Kalijaga lan mbah Panggung maring alas sing mbang wetan kuwe bareng-banreng nganggo ilmu mintaraga. Barang uwis anjog neng panggonan kuwe, sunan Kalijaga lan mbah Panggung ngein nama desa Mintaraga, lan alas sing pan dibukak dadi kampung arane desa Panggung. Neng desa loro kuwe mbah Pangung duwe murid akeh nemen.
Sunan kalijaga sering deleng lelakone mbah Panggung, kanggo mastikan mbah Panggung waras apa ora. Pas dheweke pan balik, dheweke ngein wejangan maring mbah Panggung, “sunan Drajat, kowen uwis dadi guru gedhe, guru sing uwis akeh muride, nanging aja maning klalen lan ninggalna sareat islam, le.” Mbah Panggung mangsuli, “inggih sunan,  entong bakal ngamanati gelar sunan kiye kanggo sing apik-apik.” Banjur suna Kalijaga balik maring Demak.
Category:

0 komentar:

Posting Komentar