WAYANG
2.1  Pangertosan  Wayang          
Wayang menika pagelaran ingkang ngagemboneka umumipun. wayang dipunlakokakan dening dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3 dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang), ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi, limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah, ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang jinis menika boten kathah.
2.2  Sejarahipun Wayang       
Miturut para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
2.3  Sebutan wayang    
Yen dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi maneh. wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane wayang golek kang digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa.wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana


Category:

0 komentar:

Posting Komentar