WIDYAUKARA (SINTAKSIS)
Widyaukara kalebet peranganipun paramasastra ingkang ngrembag babagan ukara, frasa lan klausa. Nanging ing buku menika mligi ngrembag babagan ukara.
A. Ukara
Ukara inggih menika rerangkenipun tembung ingkang saged ngandharaken satunggaling karep ingkang jangkep. Jalaran nerangaken tembung supados dados ukara menika mawi pranatan utawi paugeran ingkang gumathok, tandha-tandhanipun inggih menika.
WIDYETEMBUNG (MORFOLOGI)
Widyatembung (morfologi) utawi tata tembung menika kalebet peranganing paramasastra ingkang ngrembag saha nyinau bab tembung, dumadinipun tembung, lan ewahipun satunggaling tembung dados tembung ingkang sanes jalaran kawuwuhan imbuhan. Tembung salebetipun basa Jawi saged kaperang adhedhasar wujud saha jinisipun.
WIDYASWARA UTAWA FONOLOGI
Tembung widyaswara kadadosan saking tembung widya lan swara. Tembung widya asalipun saking basa Jawi Kina ingkang tegesipun ilmu, wondene tembung swara tegesipun uni utawi suwanten. Suwanten ingkang karembag inggih menika suwanten ingkang tumata lan wonten tegesipun, sanes suwanten
ingkang boten tumata lan tanpa teges.
Unggah-ungguh Basa Jawi
Sudaryanto (1987) sinengkuyung Tjatur Wisnu Sasongko (2004), bilih ungguh-ungguh basa Jawi menika wonten 4 (sekawan) tataran, inggih menika:
1. Ngoko Lugu
2. Ngoko Alus
3. Krama Lugu
4. Krama Alus
PANGERTOSAN UNGAH-UNGGUH BASA JAWA
Unggah-ungguh ugi asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat
ujaran, utawi speech level (basa Inggris).
1. Unggah-ungguh, tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Wondene tatakrama tegesipun tata caranipun gineman dhumateng tiyang sanes saha tindak-tanduk utawi solah tingkah (pangucap saha patrap).
2. Undha usuk, tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak-tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun (pangucap saha patrap).
TRADHISI RUWETAN
1.  Arti Upacara Ruwatan
Ruwatan kui kasil saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni. Dene Upacara Ruwatan kui duweni teges ngresiki, lan nyuceakake menungsa saka kasusahan batin kanthi nyenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa, kanthi lakon “Murwa Kala”.
2.  Asal-Usul
Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, kala artine bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kui nyritaake babagan asal usul lahire raseksa jenenge Kala.

Suranan ing dusun Kalisapu, Slawi, Tegal
            A.    Narasi Suranan ing dusun Kalisapu.
Suranan kuwe acara rutin saben taun pas wulan sura. Wong islam luwih sering ngomong “tahun baru Hijriyah.” Ing dusun Kalisapu sering ngadakna rentengan acara kanggo ngrayakna Suranan.  Diwiwiti saka kirab obor lan dilanjutna karo slametan.
Saka bengi siji sura, ana kirab obor. Rute kirab obor kuwe diwiwiti saka dalemipun Kiyai sing paling sepuh, banjur muteri dusun Kalisapu lan akhire mandheg ana ing dalemipun Kiyai maning. Kirab obor kuwe dilakoni dening bocah-bocah cilik Kalisapu sing dikancani dening wong tuwane (bapane utawa ibune), remaja, bapak-bapak, ibu-ibu lan tokoh masyarakat dusun Kalisapu kaya ustadz lan kiyai sing wis dipercaya dening masyarakat.
SEKATEN
Sekaten utawa upacara Sekaten (saking tembung Syahadatain utawa kalih tembung syahadat) inggih menika acara mengeti ambal warsanipun Nabi Muhammad s.a.w. sing diwontenaken ing saben tanggal 5 sasi Jawa Mulud (Rabiul awal tahun Hijrah) ing alun-alun lor Surakarta lan Yogyakarta. Upacara meniki kala biyen diwontenaken kalih Sultan Hamengkubuwana I, pandiri keraton Yogyakarta kangge ngundang masyarakat mlebet agami Islam.
Ing hari sapisan, upacara diwiwiti ing dinten dalu kalih iring-iringan abdi Dalem (punggawa kraton) sami-sami diiringi kalih set gamelan Jawa: Kyai Nogowilogo lan Kyai Gunturmadu. Iring-iringan meniki kawiwitan saking pendopo Ponconiti tekan masjid Agung ing alun-alun lor dikawal kalih prajurit Kraton. Kyai Nogowilogo badhe manggoni sisih lor saking masjid Agung, sementara iku Kyai Gunturmadu badhe manggoni ing Pagongan sisih kidul masjid. Kalih set gamelan iku badhe dimainke sesarengan nganti tanggal 11 wulan Mulud suwine 7 dinten katurut-turut. Ing dalu dinten keri dewe, kalih gamelan niki badhe dibeta wangsul ing Kraton.
KARAKTERISTIK TUTUK WAYANG PURWA
1. Tutuk Mingkem
bentukke tutuk mingkem neng pewayangan nggambarna tutuk sing keadanane mingkem. Umume tokoh wayang sing tutuke mingkem kuwi duweni keahliyan luwar biyasa, sing ora ora terbatas. Biyasane tutuk mingkem pasangane karo mripat liyepan lan irung wali miring. Contoh wayange : Bethara Guru, Begawan 
Abiyasa, Sang Hyang Wenang.
Tutuk Mingkem
KARAKTERISTIKE IRUNG WAYANG PURWA
1. Irung Wali Miring
Irung wali miring kui irung sing nganggo tokoh wayang sing duweni awak cilik. Umume irung wali miring sepasang karo mripat liyepan. Wujude irung miring kaya lading cilik. Irung wali miring iki nganggo wayang kaya : Arjuna, Kresna, Basudewa, Drupadha, Sumbadra.
KARAKTERISTIKE MRIPAT WAYANG PURWA
1.Mripat liyepan (mripat gabahan)
Mripat liyepan bentukke kaya wijil pari, sing durung dicopoti kulitte.. Jenise mripat liyepan kangge tokoh wayang sing awakke cilik, langsing, sing bisa ngatonna watek bijaksana, lan budi pekerti sing apik.











2.  Mripat kedelen
Kanggo nggambarna tokoh-tokoh sing duwe watak perwira, tangkas, wani lan awakke ora gedhe utawa cilik. Mripat kedelen kuwi bentukke kaya wijil kedele.
WIRATAPARWA
 a. Dolanan judi sing pertama
     Pandhawa sing ora bisa dikalahna karo cara perang, nanging kudu cara tipu muslihat. Katurunan Kurawa sing luwih cerdhik dolanan judi (dadu) langsung nantang Yudhistira sing ana ning Indraprasta. Sebenere Ydhistira ora sarujuk karo saran Kurawa sing disampekna dening Widura.
   Esuke Pandhawa mlebu panggonan judi neng Hastinapura. Yudhistira sing kalah dolanan judi karo Kurawa. Yudhistira mertaruhna gajah, kreta, jaran, budak lanang lan wadon. Dheweke kedorong nepsune, akhire mertaruhna sapi, Dropadi, adi-adine lan awakke dhewek, nanging tetep bae kalah. Dewi Dropadi sing dadikna budak dening Duryudana.
     Kurawa lakukna Dropadi semena-mena. Dussasana pan nlanjangi Dropadi nanging lelakone malah nggawe heran, marga Hyang Wisnu mbantu Dropadi. Kain sing pan ditarik Dussasana ben awakke Dropadi katon, Hyang Wisnu langsung ngrubah kaine sing ora duwe pucuk. Kain sing ditarik kuwe ora bakal enteng-enteng tetep bae nutupi awakke Dropadi.
     Destarata ora tega karo Dropadi, akhire dheweke ngein loro kepenginan sing bakal dikabulna dening Destarata. Loro kepenginane Dropadi yakuwe Pandhawa lan liya-liyane kudu dibebasna. Kebijakane Destarata, kesugihan sing pernah dadi alat taruhan ning judi dibelekna maning ning Pandhawa.
      b. Dolanan dadu sing keloro
Duryudana nantang Pandhawa dolanan dadu (judi) sing ke loro. Sing biasane dadi alat taruhan kuwe kesigihan, nanging diganti karo hukuman. Hukuman sing kalah dolanan judi, 12 taun diasingna ning hutan, setaun kudu umpetan ning negeri liya utawa nyamar, nanging yen penyamarane diweruhi dening sing menang, hukuman kuwe kudu diulang maning. Duryudana sing iri karo Pandhawa, marga kabeh kekuwasaane Destarata diwekena Yudhistira.
   Pandhawa kalah dolanan judi. Pandhawa padha nyamar dadi macem-macem. Pandhawanawarna jasa marang Matsyapati, raja Wirata, nanging Pandhawa bakal nyamar, nyamar sekan namane, gaweane, lan wujude. Yudhistira nganggo nama samaran Kangka, sing pinter dolanan Caturangga. Bhima sing nganggo nama samaran Ballawa nyamar dadi guru masak lan ahli gulat. Arjuna nganggo nama samaran Werhannala nyamar dadi sida-sida sing ngajar musik lan tari marang para putri sing ana ning kerajaan Wirata. Nakula nganggo nama samaran Granthika nyamar dadi nyetir kreta jaran lan ngrawat jaran uga. Sadhewa nganggo nama samaran Tantipala, nyamar dadi gembala sapi lan kebo. Lan Dewi Dropadi nyamar dadi pelayane ratu Sudesan, nganggo nama samaran Serandhri.
      Kelakuwan Kicaka, mentri raja sing duweni watak ora apik marang Dropadi, nggawe Bhima murka lan langsung mbunuh Kicaka. Pas kuwe uga para kurawa lagi goleti Pandhawa.  
     Susarma, raja Trigarta nyerang negara tetangga, yaiku negara Wirata. Kurawa uga melu nyerbu negara Wirata. Raja Wirata lan prajurite ngadhepi penyerbu. Raja Wirata sing awale ditangkep karo Susarma, nanging Pandhawa mbebasna Matsyapati. Uttara putrane raja Wirata sing langsung maring panggonan perang karo Arjuna, kewedinan. Kemudi kreta sing awale dicekel Arjuna diganti karo Uttra, lan Uttara sing ganti dadi kemudi kreta kuwe. Kurawa wis paham yen sing bakal diadhepi kuwe Arjuna.
Kurawa nyusun strategi perang, siji lawan siji. Kerpa lan Drona, Aswathama lan Karna, Bhisma lan Duryudhana. Arjuna sing mbius para musuhe nganggo panah Wiwohana. Lan para Kurawa lan sekan kerajaan Trigarta kalah.
MBAH PANGGUNG
Mbah Panggung kuwe putrane sunan Ngampel lan duwe adi namane sunan Bonang. Diantara sedulur-sedulure, mbah Panggung kuwe paling pinter dhewek. Keluwargane mbah Panggung kuwe asline sekan Demak, nanging mbah Panggung lunga maring ngulon pan nambah ilmu lan nyebarna agama islam. Nanging sunan Bonang tetep ngintili kakange, dhewek yaluk pamit maring bapane, sunan Ngampel. Akhire ngijinan sunan Bonang ngintili mbah Panggung.
Akhire Mbah Panggung maring panggonan sing paling duwur diantara sing liyane. Arane desa Ngudung, neng kono dheweke sering mlaku-mlaku maring panggonan sing duwur kaya karang, neng kono mbah Panggung uga betapa.
Neng desa Ngudung kuwe mbah Panggung duwe niyat pan nyebarna agama islam neng kono, marga neng kono esih akeh banget sing dudu agamane islam. Pas kuwe ana Ki Gedhe Sebayu maring mono, dheweke uga duwe niyat pan nyebarna agama islam. Ki Gedhe Sebayu kuwe asline sekan Kerajaan Pajang, dheweke olih wangsit kudu maring ngulon lan kudu nyebarna agama islam. Akhire Ki Gedhe yaluk ijin maring mbah Panggung kanggo nyebarna agama islam neng desa Ngudung kuwe.
SANTANU
        Nandini kuwe sapi sing diagung-agungna dening manungsa lan dhewa. Wujude sing apik lan khsiyate bisa kekal uripe yen diombe susune. Sapi Nandini kuwe deken Resi Wasistha, kesatiyane Resi Wasistha kuwe kaya bumi maring langit, nempel cekunge samudra taya sing paling jero, kuwe sing nggawe manungsa arep duweni utawa ngombe susune Nandini, nanging kudu mikir-mikir disit.
       Wolu wasu sing langit malku-mlaku karo bojone ning pegunungan sing perek pertaan Resi Wasistha. Salah sii bojone wasu,  weruh sapi Nandini, lan pengin duweni. Bojone wasu sing liya wis ngein wejangan ben aja jukut sapi kuwe, amarga engko cilaka, resikone gedhe, nanging tetetp bae pengin sapi Nandini. Akhire wasu ngabulna kepenginanane bojone kuwe marga ora tega. Wolu wasu langsung nangkep sapi Nandini lan anake, rasa wedi sing nggawe para wasu kedandapan lan cepet-cepet lunga sawise jukut sapi Nndini.
TINGKEBAN
Ing tradisi Jawa, mitoni awujud rangkaian upacara adat kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa. Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7. Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi pangarep arep supaya si jabang bayi kang ana gua garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.

Tata upacara kang ditindaake nalika ngandet, yaiku siraman, nglebokna endhog ayam kampung menyang njero kain calon ibu sing dilakoake bojone, ganti busana, nglebokna kelapa gading enom, nugel lawe/lilitan benang/janur, mecahke periuk lan gayung, nginum jamu sorongan,lan  nyolong endhog, cekake yaiku upacara mitoni kang dipercaya kanggo sarana ngilangake petaka/bebaya/mala, yaiku nuduhake menawa upacara-upacara kuwi mujudake  penghayatan bagian-bagian kepercayaan lami. Kejaba kuwi, kalebu adat istiadat kang dilestarikake secara turun temurun nang sawijining kelompok sosial. Nek adat istiadat kuwi ora dilakoni arep ndadeake ecean lan jeneng ala kanggo keluarga wong kuwi ing satengahin kelompok sosial ing masyarakate.
Mitoni ora bisa dilakoni sewayah-wayah, biasane milih dina kang dianggep becik kanggo nganaake upacara mitoni. Dina kang apik kanggo upacara mitoni yaiku dina Selasa (Senin awan tekan wengi) utawa Setu (Jumat awan tekan wengi) lan dianaake ing wektu siang utawa sore. Kanggo papan panggonane upacara biasane dipilih ing pasren, yaiku senthong tengah. Pasren kanggone among tani kanggo panggonan nyembah Dewi Sri, dewi pari. Amarga masyarakat saiki ora duwe senthong, mula upacara mitoni biasane dilakoake ono ing ruang keluarga utawa ruang kang amba kang cukup kanggo nganaake upacara.
Ana ing makalah iki bakal dibahas asal-muasale mitoni/tingkeb, urutaning lan tata carane mitoni/tingkeb sing dilakoni masyarakat jawa.
         ASAL-MUASAL “TINGKEBAN”
Miturut carita sing wis kasebar lan turun-temurun, tingkeban pancen wis ana mbiyen mula. “Tingkeban” dijupuk saka jenenge wong wadon sing jenenge Niken Satingkeb, ya iku garwane Ki Sedya. Wong loro iku nduweni anak sanga, nanging kabeh mau mati cilik. Kabeh usaha wis dilakoni, nanging tetep ora kasil. Akhire, wong loro mau ngadep lan matur kahanane marang Kanjeng Sinuwun Jayabaya.
Jayabaya menehi pitutur sing kudu dilakoni,  Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nglakoni pira-pira ritual. Anangning sing dadi syarat utama, wong loro mau kudu sregep manembah mring Hyang Widhi laku becik, welas asih mring sapada, kejaba iku, Niken Satingkeb lan Ki Sedya kudu nyucekake awak kanthi adus banyu sing dijupuk saka pitu sumur utawa sumberan. Wong loro mau kudu uga menehake sesajen arupa kembang setaman lan kelapa gading sing isih nom.
Sawuse nglakoni kabeh ritual sing dianjurke Raja Jayabaya, akhire Gusti Kang Murbeng Dumadi, nyenmbadani panyuwune. Wong loro mau diwenehi momongan sing nduwenu umur kang dawa. Mula saka kedadeyan iki, wong jawa padha nglaksanaake ritual kaya dene sing dilakoni Niken Satingkeb lan Ki Sedya, arikala lagi meteng pitung wulan, lan kanthi pangarep supaya baying ing weteng lan ibune bias slamet. Kanggo ngormati wong loro mau, mula kabeh ritual iku diarani “Tingkeban”.
UBORAMPE KANGGO TINGKEPAN
Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng, yaiku Neloni, Tingkeban utawaRujakan lan Procotan nanging sing wis kulina dilakoni among tingkeban.
Adoh sadurunge meteng ngidak wektu pitung wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan jawa. Miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang nduweni neptu genep.

No
Jeneng Dina
Neptu
No
Jeneng Pasaran
Neptu
1
Ahad
5
1
Legi
5
2
Senin
4
2
Paing
9
3
Selasa
3
3
Pon
7
4
Rabu
7
4
Wage
4
5
Kamis
8
5
Kliwon
8
6
Jum’at
6
7
Sabtu
9

Saliyane nemtokake dina, uborampe uga kudu disiapake. Dene uborampene ya iku.
No
Jeneng Ritual
Wektu
Piranti

1
Neloni
Meteng wulan kaping telu
Takir plontang 4 buah
Golong 7 buah
Jajan pasar
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang sengkolo
2
Tingkeban
Meteng wulan kaping pitu
Woh-wohan
Punar 2 buah
Kembang setaman
Sesaji dakripin(Suro ganep)
Daun dadap serep
Daun beringin
Daun andong
Janur
Mayang
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
3
Procotan
Meteng wulan kaping wolu
Jenang abang
Jenang putih
Jenang kuning
Jenang ireng
Jenang waras
Jenang sengkolo
Jenang inthil-inthil
Jenang sewu (dawet)
Jenang sempuro
Jenang kembo
Jenang procot
Jenang arang-arang kambang
Ketupat lepet
                
       
         URUTANING UPACARA MITONI
1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga kang dianggep paling tua
2. Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.
3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang apik kang ana lambang
5. Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.
6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji keselametan.
7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya didorong utawa disurung.
8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge kanthi cepet keliling kampung.
Kanthi dilakokake tata urutan upacara kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.