Sawise
perang Baratayuda, pas upacara bakar mayat para Kurawa sing uwis mati, kabeh
anak mantune Gandari (ibune para Kurawa) dadi janda lan nangisi neng ngarepe
mayat para Kurawa. Pandhawa dikancani Kunti lan Kresna teka acara bakar mayat,
ditekani rakyat sing sedih amarga ditinggal mati para kadang neng perang.
Kresna sing ngibur Gandari “menapa ibu nangis ?
Tampilkan postingan dengan label sastra. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label sastra. Tampilkan semua postingan
nur intan sari
Dibawah ini adalah istilah – istilah yang sering kita
jumpai dalam karya sastra Jawa.
1. Babad: sastra sejarah dalam tradisi sastra Jawa; digunakan untuk
pengertian yang sama dalam tradisi sastra Madura dan Bali; istilah
ini berpadanan dengan carita, sajarah (Sunda), hikayat, silsilah, sejarah
(Sumatera, Kalimantan, dan Malaysia).
2. Bebasan: ungkapan yang memiliki makna kias dan mengandung perumpamaan
pada keadaan yang dikiaskan, misalnya nabok nyilih tangan. gancaran: wacana
berbentuk prosa.
3. Gatra: satuan baris, terutama untuk puisi tradisional.
4. Gatra purwaka: bagian puisi tradisional [parikan dan wangsalan] yang
merupakan isi atau inti.
5. Guru gatra: aturan jumlah baris tiap bait dalam puisi tradisional Jawa
(tembang macapat).
6. Guru lagu: (disebut juga dhong-dhing) aturan rima akhir pada puisi tradisional Jawa.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
I. Gagaklodra Ngrabasa Masjid Tie Lieng Sieng.
Nalika jaman kerajaan Demak ing antarané abad kaping 15, ing tlatah
Kudus ana sawijining pondhok pesantrèn dumunung ing Désa Glagahwangi.
Déné kang minangka pangarsané pondhok yaiku panjenengané Sunan Kudus. Ing
wektu kuwi, negara Majapahit wis surut kuncarané, amung kari sisa-sisaning
negara kang dumadi saka negara cilik-cilik, lan uga isih akèh kang ora
seneng marang adeging Negara Demak. Rasa ora seneng iki disababaké saka
sedyané Negara Demak anggoné nindakaké syiar agama Islam. Salah siji saka
negara iku negara Capiturang. Masjid Tie Lie Sieng salah sawijining
masjid kang digunakaké minangka papan pasinaoné santri-santri Glagahwangi
muridé Sunan Kudus. Santriné Sunan Kudus akèh, nanging sing katon manjila
ana cacah sanga.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
PUPUH I
DHANDHANGGULA
DHANDHANGGULA
– 01 –
Sakamatyan kuma
bangkit-bangkit, lir sarkara warsitaning sastra, sasmiteng karaharjane, mring
sagung anak, putu, ingkang karsa angrancang kapti, Sira puruhitaa, Saniskareng
kawruh, mring jana kang wus nimpuna, ing surasa saraseng kamuksan kaki, kanggo
ing kene kana.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Serat Wulangreh ngrupiaken
satunggaling genre salebeting khasanah sasra Jawi, sanajan mboten sedanten
kalebet teng saleneting teks wulang sacaos sinurat anyebat atanapi kasebat ing tembung wulang kados dening kang wonten teng judul punika. Sacaos harfiah, ‘wulang‘
artosipun weling atanapi wawaler.
wonten pinten-pinten teks kang
kalebet teng salebeting wulang, di antawiseWulangreh, Wulang Putri,
Wedhatama, Tripama, lan Sanasunu. Teks-teks ingkang
kasebat punika katahe ngrupiaken asil susastra keraton, ingkang kawentar
ngantos tebih sajawining tembok keraton salebeting tataran kabudayan Jawi,
sanajan lami-lami sacaos alon-alon pupus dening dinamika kabudayan sastra Jawi
ing atasing “Kebudayaan Indonesia”. Mangga sami-sami mulasara kabudayan Jawi
punika.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Bait 01
Yogyanira kang para prajurit, lamun bisa sira anuladya, duk ing nguni caritane, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maespati, aran patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama”.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Sastra pedhalangan mangrupi rekabasa sastra sing
diangge para dhalang neng pakeliran. Jenis sastra
pedhalangan saged diperang dados wolung perkawis, yaiku suluk pelungan utawi
murwa, janturan utawi nyandra, pocapan, suluk, ginem utawi antawacana, lelagon,
swara, lan carita.
Suluk
Suluk pelungan utawi
murwa mangrupi suluk bubuka pakeliran sing ditembangke ki dhalang neng wiwitan
pakelirane. Pelungan kalebet salah sawiji jenis puisi pedhalangan. Suluk
pelungan dados ciri khas pedhalangan Jawi Wetanan, lan suluk murwa dados ciri
khas pedhalangan Jawi Kilen. Pedalangan Jawi Tengah boten ngangge suluk
pelungan utawi murwa, bubukane ngangge janturan jejer. Conto suluk pelungan
Jawi Wetanan ing ngandhap niki pinetik saka "Serat Wewaton Padhalangan
Jawi Wetanan" anggitan Soenarto Timoer:
Sun miwiti andhalang.
Wayangingsun minangka bambang paesan, kelire jagad dumadi, larapan naga
papasehan, pracik tapeling jagad gumelar, yana drojog sangga bawana. Ligan
rajeg wesi, blencong kencana, urube luber kadya Hyang Bathara Surya, Kothaking
wayang kayu cendhana sari. Tutuping dhuwur kadya kusuma, kepyake gelap
angampar....
Jenis suluk liyane
sendhon, gregetsaut, lan ada-ada. Sendhon menika suluk kangge nggambaraken
kahanan sedihing ati. Gregetsaut suluk kangge nggambaraken muntabing ati.
Ada-ada suluk kangge mggambaraken kahanan ingkang mirisi.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Serat
Wedhatama adalah Sastra tembang atau kidungan jawa karya Mangkunegara IV
Wedhatama (berasal dalam bahasa Jawa; Wredhatama) yang berarti serat
(tulisan/karya) wedha (Ajaran) tama (keutamaan/utama) Wedhatama merupakan ajaran
luhur untuk membangun budi pekerti dan olah spiritual bagi kalangan raja-raja
Mataram, tetapi diajarkan pula bagi siapapun yang berkehendak
menghayatinya.
Wedhatama menjadi salah satu dasar
penghayatan bagi siapa saja yang ingin “laku” spiritual dan bersifat universal
lintas kepercayaan atau agama apapun. Karena ajaran dalam Wedhatama bukan lah
dogma agama yang erat dengan iming-iming ersu dan ancaman neraka,
melainkan suara hati nurani, yang menjadi “jalan setapak” bagi siapapun yang
ingin menggapai kehidupan dengan tingkat spiritual yang tinggi. Mudah diikuti
dan dipelajari oleh siapapun, diajarkan dan dituntun step by step secara rinci.
Puncak dari “laku” spiritual yang diajarkan serat Wedhatama adalah; menemukan
kehidupan yang sejati, lebih memahami diri sendiri, manunggaling kawula-Gusti.
Serat Wedhatama dan terjemahan bebas :
PUPUH I
PUPUH I
P A N G K U R
01 Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.
01 Mingkar-mingkuring ukara, akarana karenan mardi siwi, sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama ageming aji.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
a. Dolanan judi sing pertama
Pandhawa
sing ora bisa dikalahna karo cara perang, nanging kudu cara tipu muslihat.
Katurunan Kurawa sing luwih cerdhik dolanan judi (dadu) langsung nantang
Yudhistira sing ana ning Indraprasta. Sebenere Ydhistira ora sarujuk karo saran
Kurawa sing disampekna dening Widura.
Esuke
Pandhawa mlebu panggonan judi neng Hastinapura. Yudhistira sing kalah dolanan
judi karo Kurawa. Yudhistira mertaruhna gajah, kreta, jaran, budak lanang lan
wadon. Dheweke kedorong nepsune, akhire mertaruhna sapi, Dropadi, adi-adine lan
awakke dhewek, nanging tetep bae kalah. Dewi Dropadi sing dadikna budak dening
Duryudana.
Kurawa
lakukna Dropadi semena-mena. Dussasana pan nlanjangi Dropadi nanging lelakone
malah nggawe heran, marga Hyang Wisnu mbantu Dropadi. Kain sing pan ditarik
Dussasana ben awakke Dropadi katon, Hyang Wisnu langsung ngrubah kaine sing ora
duwe pucuk. Kain sing ditarik kuwe ora bakal enteng-enteng tetep bae nutupi
awakke Dropadi.
Destarata
ora tega karo Dropadi, akhire dheweke ngein loro kepenginan sing bakal
dikabulna dening Destarata. Loro kepenginane Dropadi yakuwe Pandhawa lan
liya-liyane kudu dibebasna. Kebijakane Destarata, kesugihan sing pernah dadi
alat taruhan ning judi dibelekna maning ning Pandhawa.
b. Dolanan dadu sing keloro
Duryudana
nantang Pandhawa dolanan dadu (judi) sing ke loro. Sing biasane dadi alat
taruhan kuwe kesigihan, nanging diganti karo hukuman. Hukuman sing kalah
dolanan judi, 12 taun diasingna ning hutan, setaun kudu umpetan ning negeri
liya utawa nyamar, nanging yen penyamarane diweruhi dening sing menang, hukuman
kuwe kudu diulang maning. Duryudana sing iri karo Pandhawa, marga kabeh
kekuwasaane Destarata diwekena Yudhistira.
Pandhawa
kalah dolanan judi. Pandhawa padha nyamar dadi macem-macem. Pandhawanawarna
jasa marang Matsyapati, raja Wirata, nanging Pandhawa bakal nyamar, nyamar
sekan namane, gaweane, lan wujude. Yudhistira nganggo nama samaran Kangka, sing
pinter dolanan Caturangga. Bhima sing nganggo nama samaran Ballawa nyamar dadi
guru masak lan ahli gulat. Arjuna nganggo nama samaran Werhannala nyamar dadi
sida-sida sing ngajar musik lan tari marang para putri sing ana ning kerajaan
Wirata. Nakula nganggo nama samaran Granthika nyamar dadi nyetir kreta jaran
lan ngrawat jaran uga. Sadhewa nganggo nama samaran Tantipala, nyamar dadi
gembala sapi lan kebo. Lan Dewi Dropadi nyamar dadi pelayane ratu Sudesan,
nganggo nama samaran Serandhri.
Kelakuwan
Kicaka, mentri raja sing duweni watak ora apik marang Dropadi, nggawe Bhima
murka lan langsung mbunuh Kicaka. Pas kuwe uga para kurawa lagi goleti
Pandhawa.
Susarma,
raja Trigarta nyerang negara tetangga, yaiku negara Wirata. Kurawa uga melu
nyerbu negara Wirata. Raja Wirata lan prajurite ngadhepi penyerbu. Raja Wirata
sing awale ditangkep karo Susarma, nanging Pandhawa mbebasna Matsyapati. Uttara
putrane raja Wirata sing langsung maring panggonan perang karo Arjuna,
kewedinan. Kemudi kreta sing awale dicekel Arjuna diganti karo Uttra, lan
Uttara sing ganti dadi kemudi kreta kuwe. Kurawa wis paham yen sing bakal
diadhepi kuwe Arjuna.
Kurawa
nyusun strategi perang, siji lawan siji. Kerpa lan Drona, Aswathama lan Karna,
Bhisma lan Duryudhana. Arjuna sing mbius para musuhe nganggo panah Wiwohana.
Lan para Kurawa lan sekan kerajaan Trigarta kalah.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Mbah
Panggung kuwe putrane sunan Ngampel lan duwe adi namane sunan Bonang. Diantara
sedulur-sedulure, mbah Panggung kuwe paling pinter dhewek. Keluwargane mbah
Panggung kuwe asline sekan Demak, nanging mbah Panggung lunga maring ngulon pan
nambah ilmu lan nyebarna agama islam. Nanging sunan Bonang tetep ngintili
kakange, dhewek yaluk pamit maring bapane, sunan Ngampel. Akhire ngijinan sunan
Bonang ngintili mbah Panggung.
Akhire
Mbah Panggung maring panggonan sing paling duwur diantara sing liyane. Arane
desa Ngudung, neng kono dheweke sering mlaku-mlaku maring panggonan sing duwur
kaya karang, neng kono mbah Panggung uga betapa.
Neng
desa Ngudung kuwe mbah Panggung duwe niyat pan nyebarna agama islam neng kono,
marga neng kono esih akeh banget sing dudu agamane islam. Pas kuwe ana Ki Gedhe
Sebayu maring mono, dheweke uga duwe niyat pan nyebarna agama islam. Ki Gedhe
Sebayu kuwe asline sekan Kerajaan Pajang, dheweke olih wangsit kudu maring
ngulon lan kudu nyebarna agama islam. Akhire Ki Gedhe yaluk ijin maring mbah
Panggung kanggo nyebarna agama islam neng desa Ngudung kuwe.
Category:
sastra
Leave a Comment
nur intan sari
Nandini kuwe sapi sing diagung-agungna dening
manungsa lan dhewa. Wujude sing apik lan khsiyate bisa kekal uripe yen diombe
susune. Sapi Nandini kuwe deken Resi Wasistha, kesatiyane Resi Wasistha kuwe
kaya bumi maring langit, nempel cekunge samudra taya sing paling jero, kuwe
sing nggawe manungsa arep duweni utawa ngombe susune Nandini, nanging kudu
mikir-mikir disit.
Wolu wasu sing langit malku-mlaku karo bojone ning pegunungan
sing perek pertaan Resi Wasistha. Salah sii bojone wasu, weruh sapi
Nandini, lan pengin duweni. Bojone wasu sing liya wis ngein wejangan ben aja
jukut sapi kuwe, amarga engko cilaka, resikone gedhe, nanging tetetp bae pengin
sapi Nandini. Akhire wasu ngabulna kepenginanane bojone kuwe marga ora tega.
Wolu wasu langsung nangkep sapi Nandini lan anake, rasa wedi sing nggawe para
wasu kedandapan lan cepet-cepet lunga sawise jukut sapi Nndini.
Category:
sastra
Leave a Comment
Langganan:
Postingan (Atom)