2.1 Pangertosan Wayang
Wayang
menika pagelaran ingkang ngagemboneka umumipun. wayang dipunlakokakan dening
dhalang kanthi iringan gamelan. Boneka kasebut, saged awujud 2 dimensi utawa 3
dimensi. Umumipun, ingkang wujud 2 dimensi, kadamel saking kulit (walulang),
ingkang biasanipun kulit sapi, utawi mendha. Menawi ingkang 3 dimensi,
limrahipun dipundamel saking kajeng ingkang dipunrenggani ageman saking kain
maneka warna adhedasar karakter wayang kasebut. Nanging ing sawetara tlatah,
ugi wonten ingkang damel wayang saking suket, tuwin kerdus, ananging wayang
jinis menika boten kathah.
2.2 Sejarahipun Wayang
Miturut
para ahli budaya uga panemune penyelidikan para ahli arkeologi sing ana ing
Indonesia, kesenian budaya wayang kuwi saktemene bentuk asline wis ono
biyen-biyen, rikolo isih jaman kuna, yaiku jaman sakdurunge ana agama Hindu
Budha. Ing jaman semana sing diarani budaya wayang wis diduweni karo dening
bangsa Indonesia dewe. Dadi wayang kuwi iya kabudayan asline bangsa. Wektu
kuwi, budaya wayang isih cedak hubungane karo muja-mujine kapercayan animisme
sing isih pada dianut para leluhuring bangsa Indonesia.
Miturut
kapercayan Animisme roh nenek moyang utawa leluhur bisa dienggo nyenyuwun
petunjuk bantuan kanggo kamulyan uga biso disuwuni kanggo pengayom kasusahaning
lan kacilakane menungsa. Kosok baline ruh kuwi mau iya uga dipercaya sing bisa
ndadekake gangguan utawa kacilakane menungsa. Mula rikala semana, yen ana karep
kanggo nyenyuwun bantuane roh para leluhur, banjur dianakna kaya dening upacara
ritual selametan, sing jarene bisa ngundang, nimbali para rohing leluhur sing
wis pada seda kanggo disuwuni keselametan lan kamulyane menungsa. Upacara
ritual mau dianakna dibarengi nganggo cara gawe pagelaran wayang
2.3 Sebutan
wayang
Yen
dijupuk seka ukarane, wayang kuwi seka wewayangan, amarga pagelarane ana ing
wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi
maneh. wayang dadi ora mligi boneka kang ana wewayangane wayang golek kang
digawe seka kayu ora ngandhelake wewayangan. Ukara wayang wis dadi pagelaran
boneka kang digelar dening dhalang. Umume, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit
purwa.wayang iki digawe seka tatahan kulit kewan kanti lakon seka Mahabharata
lan Ramayana